Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 137 (Death of John the Baptist)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

a) Sédané Yokanan Pembaptis (Matéus 14:1-12)


MATÉUS 14:1-12
1 Nalika samana Sang Prabu Hérodhés, raja wilayah, mireng pawarta bab Gusti Yésus, 2 banjur ngandika marang para abdine: “Iku Yokanan Pambaptis; wis tangi saka ing antarané wong mati, mulané kadunungan kasekten kaya mangkono.” 3 Amarga Sang Prabu Hérodhés pancen biyen wis dhawuh nyepeng Nabi Yokanan, banjur dibesta lan dilebokaké ingpakunjaran, gegayutan karo lelakoné Sang Putri Herdhias, garwané Sang Pangéran Filipus, sedhéréke. 4 Jalaran Nabi Yokanan ngengetaké Sang Prabu: “Boten kenging panjenengan dalem mundht garwa Sang Putri Herodhias!” 5 Sang Prabu Hérodhés kagungan karsa nyedani Nabi Yokanan, nanging ajrih karo wong akéh, amarga iku padha nganggep nabi marang panjenengané. 6 Ewadené bareng pinuju tingalan wiyosané Sang Nata Hérodhés, putri putrané Sang Putri Herodhias, beksa ana ing satenghaing pahargyan, nengpirsanié panggalihé Sang Nata Hérodhés, 7 nganti Sang Prabu Herodhews nglairaké sumpah bakal maringi apa bae, sing disuwun. 8 Wasana, marga saka wis diajani ingkang ibu, putri mau banjur munjuk: “Keparenga adalem nyuwun sirahipun Yokanan Pambaptis wonten ing ngriki, kawadhana ing talam.” 9 Sang Nata dadiné sungkawa panggalihe, nanging marga saka wis supaos lan marga saka anané para tamu, banjur dhawuh maringaké, 10 sarta utusan nigas janggané Nabi Yokanan ana ing pakunjaran 11 lan mustakané digawa ana ing talam kapasrahaké marang putri mau, kang banjur dicaosaké marang ingkang ibu. 12 Sakwisé iku para sakabate Nabi Yokanan tumuli teka ngukup layoné disarekaké, banjur padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus ngaturaké bab mau.
(Pangentasan 6:14-29, Matéus 11:2; 21:26, Lukas 3:19-20; 9:7-9).

Para raja lan pemimpin duwé coban kang mligi, awit para pemimpin lan raja nyangga momotan tanggung jawab lan panguwasa kanggo nindakaké rancangané. Para raja lan pamimpin dikupengi déning wong-wong kang duwé watek apus-apus, wong kang seneng golék rai lan wong-wong kang ngalem-ngalem dhéwéke. Wong-wong tukang ngramal lan tukang sikir ngenténi arep kandha marang para raja lan para pemimpin mau gegayutan mangsa tembené kanthi njaluk timbangan karo roh-roh ala. Panguasa kadonyan lan gumunggungé asring ngedohaké para raja lan pemimpin mau saka Gusti Allah ing sajroné rasa getir lan ing sajroné kasepen awit dosa-dosané. Para raja lan pemimpin mau urip ing sajroné kaweden, ora njenjem lan bingung. Sakwisé Sang Prabu Hérodhés dhawuh nyedani Yokanan Pambaptis, dhéwéké kandha gegayutan Gusti Yésus, “Dudu, iku Yokanan, kang wis daktugel guluné saiki tangi manéh” (Markus 6:16). Dhéwéké dikuwasani déning roh-roh ala, lan ndeleng ing saben pojok ana roh kang ngancam dhéwéke.

Kanthi mateni Yokanan Pambaptis, Sang Prabu Hérodhés duwé pikiran yén dhéwéké bisa nyingkiraké wong kang ngrepotaké iku kanthi mangkono dhéwéké bisa nerusaké dosané tanpa pepalang lan tanpa kendali. Ora suwé sakwisé Yokanan dipateni sebanjuré dhéwéké krungu babagan Gusti Yésus lan para murid Panjenengané kang martakaké memper padha karo kang diwartakaké Yokanan pembaptis. Luwih manéh, malah para murid nyethakaké prekara iku kanthi nganakaké mujijat ing sajroné asma Gustiné. Para abdi Gusti bisa waé mbungkem, dikunjara, dibuwang, lan dipateni, nanging pangandikané Allah ora bisa dibungkem.

Senajan ora luput, Yokanan pambaptis dilebokaké ing pakunjaran, awit Sang Prabu Hérodhés dibereg déning hawa nepsuné. Dhéwéké ngrabeni bojoné seduluré kanthi nggunaké cara apus-apus. Yokanan Pembaptis ngarani iku tindak laku jino kapindo iku minangka dosa kang nggegirisi lan patuladan kang ala kanggo bangsa iku. Awit saka iku, Herodias, wong wadon pelanyahan iku, agawé rancangan lumawan Yokanan lan kasil nglebokaké ing pakunjaran.

Dosa kang dielikaké déning Yokanan Pembaptis saka Hérodhés yaiku awit Hérodhés ningkahi bojoné seduluré, Filipus. Hérodhés ora ningkahi randhané Filipus (ora ana prekara manawa prekara mengkené iku dumadi), nanging sing diningkahi yaiku bojoné Filipus. Filipus isih urip, lan Hérodhés ngrampas saka Filipus banjur di dadekaké somahe. Iki kumpulan saka piala, laku zina lan incest, kajaba luput kang ditindakaké marang Filipus, kang uga duwé anak wedok iku. Kang luwih ala manéh ing sajroné kaluputan iki yaiku awit Hérodhésa karo Filipus iku sedulur kuwalon, karo bapaké padha.

Kanggo dosa iki Yokanan ngelikaké, anggoné ngelikaké kanthi sora, “Ora chalal anggonmu ningkahi wong wadon iku”. Yokanan ora kandha kang ditindakaké Hérodhés iku ora kinurmatan utawa ora aman, nanging kanthi cetha kandha “ora chalal”

Sawetara mitra Yokanan bisa uga ndakwa Yokanan ora ngati-ati ing sajroné ngelikaké Hérodhés, lan kandha yén luwih becik meneng waé tinimbang gawé Hérodhés nesu, kang pancen kepribadiané wis banget wanuh banget. Akibatnya dhéwéké kelangan kamardikaané. Nanging patrap ngati-ati kang malangi wong kanggo nindakaké tugas minangka hakim, abdi utawa mitra Kristen kudu didohake. Aku yakin yén ati Yokanan dhéwé ora gelem ngeliaké prekara iku, nanging paseksené saka telenging atiné nyancang dhéwéké marang panandhang awit nindakaké kabecikan, kang luwih gampang disangga.

Hérodhés wedi karo Yokanan lan anggoné terus terang. Dhéwéké kulina njaluk pituduh saka Yokanan (Markus 6:20), awit dhéwéké rumangsa yén tawanané iku kang nuntun wong marang pamratobat iki yaiku siji-sijiné wong kang kandha marang dhéwéké kanthi jujur lan ora golék rai marang dhéwéké dikaya kang ditindakaké para bawahané. Yokanan, sakbeneré, sawijining juru tutur kang banget migunané ing sajroné gawé putusan kang penting lan duwé daya pengaruh. Nanging Sang Raja dikendhaleni déning hawa nafsuné lan awit roh ala, lan pepinginan kang ngakali saka wong wadon palanyahan iku kapunjer marang sak prakara waé, yaiku supaya mateni Yokanan, kang wis ngruntikaké atiné.

Ujug-ujug waé, wewengan ana dhéwé. Hérodhés ngajak anaké wedok patutan saka bojoné kang kawitan supaya anaké njoget ana ing ngarepe pak ciliké, ratu kang mendem iku, kang sumpah bakal ménéhi apa waé kang dijalur anaké wedok mau, senajana sing dijaluk iku separo kratoné. Déning tuturé ibuné kang kalimputan rasa sengit, anaké wedok mau njaluk sirahé Yokanan pembaptis. Iki agawé Sang Raja banget déning prihatin, nanging Hérodhésa ora bisa nampik awit sumpahé dhéwé kang digawé ing ngarepe para tamuné. Ora ana pilihan liyané kajaba nindakaké apa kang dadi janjiné dhéwé. Hérodhés ora wedi marang Allah, lan nibakaké perintah supaya Yokanan juru tuturé kang setyo iku ditugel guluné.

Ati kang kosong lan ora duwé kawelasan gampang banget tiba ing sajroné ngasihi hawa nafsu kedagingan. “Manawa pepinginan iku wus ngandhut, mbanjur manak dosa, sarta manawa dosa iku wus mateng bakal nglairaké pati (Yokubus 1:15), awit lumantar prekara iku Iblis nemokaké lan njaga apa kang dadi duwéké atas ati manungsa.

Kaya ngapa mrihatinaké bocah-bocah kang entuk tutur saka wong tuwané kanggo nindakaké piala, kang mulang bocah-bocah lan nyurung bocah-bocah ing sajroné dosa, lan ménéhi patuladan kang ala marang bocah-bocah iku. Awit hakikat kang cemer bakal nuntun luwih cepet ing sajroné piala lumantar wulangan kang ala tinimbang digawa marang kang tumataning kabecikan. Mengkono Yokanan Pembaptis, manungsa paling agung ing antarané manungsa lan para utusan Sang Kristus, mati awit keyakinan kang sabeneré, kanggo dosa wong-wong liya kang ditimbali marang pamratobat. Apakah panjenengan nresnani keselametan panjenengan tinimbang karo kayektén? Apa ora kuduné panjenengan marani mitra panjenengan kanthi katresnan lan andhap asor atas dosa-dosane? Martakaké dudu mung kanggo nuduhaké lan mbeberaké sih rahmat, nanging uga mbutuhaké pameleh marang dosa lan panerak.

Yosephus, ahli sejarah Yahudi, nulis prekara iki gegayutan Yokanan Pembaptis lan sebanjuré nambahaké babakan anggoné ajur ajuran para prajurit Hérodhés ing sajroné pepérangan karo “Aretas”. Raja saka “Petrea” (bapak saka bojoné Hérodhés, kang disingkiraké kanggo Herodias), umume dianggep déning wong-wong Yahudi minangka paukuman kanggo dhéwéké awit wis mateni Yokanan Pambaptis. Uga dikandhakaké yén anak wedok Herodias lagi lumaku ing lapisan es ing sawijing mangsa adhem, lan lapisan es iku pecah. Dhéwéké tiba ing sajroné banyu, lan guluné kacoblos pucuk-pucuk es kang lincip. Gusti Allah mundhut sirahé minangka gentiné sirah Yokanan pembaptis, kang yén pancen dumadi mengkono, minangka sawijining patrap anggoné njangkung kang ngedap-edapi.

PANDONGA: Kawula ngluhuraken Paduka, Rama, awit patuladan ingkang ngedap-edapi yén nabi Panjenengan Yokanan ngorbanaké badanipun. Kawula nyuwun supados Paduka maringaké dhumateng kawula kekendelan kanggé kayektosan lan tuntunan ingkang leres ing sajroné leladi supados kawula saget nyethakaké dhumateng mitra-mitra kawula kayektosan gegayutan dosa-dosanipun. Kawula mboten langkung saé saking tiyang-tiyang menika, nanging Paduka sampun ngapuntenk dosa-dosa kawula lan nyucékaken kawula kanthi nugraha Paduka. Padukua tulungi kawula supados nuntun tiyang-tiyang menika ing salebetipun pamratobat lan ajur manah, kadosdené kawula nampani keselamatan saking Paduka lumantar pamratobat lan ajur manah ing salebetipun panguwaos Roh suci Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sing dadi alesan sédané Yokanan Pembaptis?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 10:09 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)