Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 129 (Parable of the Sower)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
2. TUWUHING KAROHANĚN SAKA KRATONING SWARGA: KRISTUS MULANG LUMANTAR PASEMON (Matéus 13:1-58) -- KLUMPUKAN KATELU PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

a) Pasemon bab wong Nyebar Wiji (Matéus 13:1-23)


MATÉUS 13:10-17
10 Para sakabate tumuli padha ngadhep lan matur: “Punapa sababipun, dené anggen Paduka ngandika dhateng tiyang-tiyang punika kok mawi pasemon?” 11 Paring wangsulané Gusti Yésus: “Kowé padha kaparingan kamurahan diparengaké nyumurupi wadi-wadining Kraton Swarga, nanging wong-wong iku padha ora kaparingan. 12 Amarga sapa kang duwé, iku bakal kaparingan, malah nganti luber, nanging sing sapa ora duwé, apa bae kang kaduwé, bakal dipundhut. 13 iya iku sababe anggonKu calathu marang wong-wong iku kanthi pasemon, awit sanadyan mripate padha ndeleng, nanging ora weruh, lan sanadyan padha krungu, nanging padha ora ngerti. 14 Mulané wong-wong iku kang padha dadi kanyataané pamecané Nabi Yésaya, surasane: Sira bakal krungu lan krungu, nanging ora mangreti, sira bakal ndeleng lan ndeleng, nanging ora sumurup. 15 Nanging atiné bangsa iki dableg lan kupingé jampeng sarta mripate dieremaké, supaya aja padha ndeleng kalawan mripate lan krungu kalawan kupingé sarta atiné bisa mangreti banjur mratobat, temahan Sunwarasake. 16 Nanging rahayu mripatmu, jalaran bisa ndeleng lan kupingmu, amarga bisa krungu. 17 Awit Aku pitutur satemené marang kowé: Akéh para nabi lan wong mursid kang padha kapengin ndeleng apa kang padha kokdeleng, nanging ora kalakon ndeleng, lan padha kapengin krungu apa kang korungu, nanging ora kalakon krungu.
(Kaimaman 29:3, Wulang Bebasan 9:9, Yésaya 6:9-10, Markus 4:10-12, Lukas 8:9-10, Yokanan 9:39, 1 Korinta 2:10, 1 Petrus 1:10)

Wewengan ngedap-edapi diparingaké marang para murid Sang Kristus supaya ngrungokaké lan ngerti wadi iku. Kawruh iku dhéwé kang kawitan yaiku nugraha Gusti Allah. Prekara iku diparingaké marang kabéh wong kang temen-teman pracaya, kang duwé kawruh lan pengalaman bab wadi Injil. Kawruh kang mengkono, ora prelu ditampa mangu-mangu manéh, iku kawruh kang apik dhéwé.

Kaya ngapa ngedap-edapiné gambaran kang ana, Gusti Yésus lenggah ana ing prahu ing pinggiring gegisik sawetara wong akéh lungguh ing wedhinan gegisik ngrungokaké pangandikan Panjenengané. Panjenengané wiwit mulangaké marang wong-wong mau pranatan tuwuhing wong-wong pracaya lan prekara-prekara kang uga dumadi ing sajroné wong-wong kang ora tuwuh.

Wong-wong pracaya krungu pangandikané Allah, nyarujuki, lan sebanjuré pracaya mrang Putra Allah kang manjalma dadi manungsa, manunggal karo Panjenengané ing sajroné iman marang Prajanjian kang anyar. Wong-wong mau mapan ing sajroné Panjenengané lan oyot wong-wong mau ngrambat, tambah jero marang pangandikan Panjenengané kang urip kanthi mangkono wong-wong mau bisa nampa panguwasa kanggé ngujudaké karsané Panjenengané lan kanggo nguwalaké wong-wong liya, ing sajroné asma Panjenengané saka pepetenging dosa. Sang Kristus piyambak manunggal ing sajroné ati wong-wong mau lan maringi marang wong-wong mau wewengan kanggo martakaké keselametan saka Panjenengané.

Kaya ngapa ngedap-edapiné tuwuhing kasukman ing sajroné para pandhéréké Gusti Yésus kang diberkahi Gusti, awit wong-wong wis ndeleng Panjenengané wanuh Panjenengané ngrungokaké babagan Panjenengané lan mbangun turut marang pangandikan Panjenengané. Kaya ngapa anggoné mrihatinaké tataran anggoné tiba lan anggoné mundur saka wong-wong kang nampik Gusti Yésus minangka juru selamete. Gusti Allah ngutus Nabi Yésaya 700 tahun sadurungé Sang Kristus miyos kanggo mangkotaké wong-wong ing Prejanjian Lawas, awit wong-wong mau ora temen-teman mratobat sakwisé Gusti nylametaké wong-wong mau saka bangsa Asyur. Wong-wong mau sithik mbaka sithik kasilep ing sajroné piawon lan kanisthan, lan akibate Gusti paring paukuman marang wong-wong mau lan mbuwang wong-wong mau kantii nggunakaké bangsa Kasdim kang nggawa wong-wong mau menyang Babil. Iki kang diarani déning para ahli sejarah minangka “Mangsa anggoné kabuwang menyang Babil”. Sakwisé kuwi, gusti paring kawelasan marang wong-wong iku lan ngengakaké lawang kanggo wong-wong mau bali, sakwisé 70 tahun kabuwang, ing lemahé dhéwé supaya wong-wong mau bisa ngrungokaké kayektén lan bali marang Gusti. Nalika Sang Kristus rawuh akéh-akéh wong-wong Yahudi atindak laku kaya leluhuré, lan mangkotaké atiné marang Gusti Yésus lan Injil Panjenengané. Iki nuduhaké sepisan manéh yén mung sapérangan cilik waé saka wong-wong mau kang mratobat lan kanthi semangat nampani Putra Allah, sawetara sapérangan gedhé saka antarané bangsa iku lumawan Panjenengané kanthi temen-temen, wangkot ing budi lan wangkot pikirané. Nanging, pamecané Nabi Yésaya uga diwujudaké sepisan manéh; Gusti ngejur wong-wong mau lan mbuwang wong-wong mau ing maneka papan laladan manca.

Apa wong-wong kang nyebut awaké ahli ing sajroné kekristenan bakal sinau saka sejarah babagan wongkoting pikirané tedhak turuné Yakub lan nyingkir saka paukuman kang padha? Kabéh wong kang krungu Injil lan ora nanggapi Injil mau bakal dadi tambah suwé tambah wangkot. Gusti kudu paring paukuman marang wong-wong mau ing pungkasané awit wong-wong mau nampik keselametan saka Panjenengané ngungkuraké anggoné dianyaraké, lan ora ngasilaké woh-woh panguripan kasukman.

Gusti Yésus nuduhaké marang kita ing sajroné pasemon Panjenengané kang kawitan babagan hasil saka anggoné leladi nginjil ing pakebonané Allah. Injil iku kanggo kabéh wong kabéh. Kang nyebar nyebaraké wineh kang gunggungé akéh, ing tengah gerumbul kang bakal nyepit wineh. Gusti Allah maringi marang kabéh wong wewengan kang padha gegayutan Injil kang pepak- yaiki wineh Ilahi.

PANDONGA: Rama kang suci, kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka ngintun Injil Paduka, Injil Kawilujengan dhateng sadaya bangsa. Kawula ngaturaken panuwun atas putra Paduka Gusti Yésus, Pangandikan Paduka kang nyegeraken ingkang nuntun lan mimpin kawula ing salebetipun pamratobat, iman, kelahiran énggal, lan kasucén, uga nawakaken dhumateng kawula pengajeng-ajeng kaluhuran. Paduka apunten kawula atas katresnan kawula ingkang ringkih, awit kawula mboten nyethakaké pituwas saking dosa dhumateng tiyang-tiyang dosa ing salebetipun basanipun supaya tiyang-tiyang menika saget mratobat lan pitados dhumateng Paduka minangka Juru wilujeng lan Gusti. Paduka welasi tiyang-tiyang menika, Rama kasuwargan, supados tiyang-tiyang menika saget mireng babagan Paduka, mangertos kasugihan katresnan Paduka, ningali putra Paduka Gusti Yésus ing salebetipun Injil, wanuh Panjenenganipun kanthi sempurna, lan ngribah ing salebetipun gambaran sih kawelasan Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa kang dadi pepalang marang tuwuhing kasukman, lan apa kang dadi jalaran mangkotaké atiné wong-wong kang ora pracaya?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:55 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)