Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 128 (Parable of the Sower)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
2. TUWUHING KAROHANĚN SAKA KRATONING SWARGA: KRISTUS MULANG LUMANTAR PASEMON (Matéus 13:1-58) -- KLUMPUKAN KATELU PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

a) Pasemon bab wong Nyebar Wiji (Matéus 13:1-23)


MATÉUS 13:1-9
1 Ing dina iku Gusti Yésus miyos saka ing omah mau lan banjur lenggah ing pinggir segara. 2 Tumuli ana wong akéh padha gumrudug sowan lan ngrubung Panjenengané mulané Gusti banjur minggah ing prau lan lenggah ing kono, dené wong akéh mau padha ngadeg ana ing gegisik. 3 Banjur padha dipangandikani prakara pirang-pirang kanthi pasemon, dhawuhé: “ana juru nyebar wiji metu arep nyebar wiji. 4 Sajroné nyebar iku ana kang tumiba ing pinggir dalan, banjur ana manuk kang padha teka, nucuki. 5 Ana kang tumiba ing padhasan, kang ora akéh lemahe. Wiji maju énggal thukul, amarga lemahé tipis. 6 Nanging bareng srengengé wis saya dhuwur, banjur alum, wekasan dadi garing, sabab ora ana oyode. 7 Ana manéh kang tumiba ing eren, Bareng eri-eriné saya gedhé, wijiné kalindhih temahan mati. 8 Lan ana manéh kang tumiba ing lemah becik; iku banjur metu wohe, ana kang tikel satus, ana kang tikel sewidak lan ana kang tikel telung puluh. 9 Sapa kang duwé kuping ngrungokna”.
(Markus 4:1-9, Lukas 8:4-8)

Ing sajroné kumpulan kang katelu saka khotbah Sang Kristus, penginjil Matéus nyethakaké marang kita cara mulang saka Sang Kristus kang banget éndah. Panjenengané wis nyethakaké pranatan saka Kraton Suwarga ing Matéus bab 5-7, lan ngandikan gegayutan nyebaraké Kraton Suwarga ing bab 10. Saiki Panjenengané nyethakaké babagan kengkeran tuwuhé Kraton Swarga ing bab 13. Nalika iku uga Panjenengané nyethakaké jalarané Panjenengané ngedoh karo wong-wong kang nampik Panjenengané. Pasemon iku yaiku jawaban marang wong-wong kang wis mangkotaké ati marang Sang Kristus lan Rama kasuwargan Panjenengané.

Gusti Yésus agawé gampang anggoné mulang yaiku kanthi nggunakaké pasemon kang ngedap-edapi kang mbutuhaké pikiran lan pendadaran kang ngati-ati. Panjenengané nyegah para satru Panjenengané kanthi gampang ngreti apa kang dadi karsa Panjenengané nanging nalika iku uga, nyethakaké marang para pandhérék Panjenengané apa kang dadi makna saka pasemon iku. Sang Kristus ora banjur nyethakaké langsung ing patemon karo wong-wong kang ngrungokaké Panjenengané nanging nyethakaké watonan-watonan lan nerusaké sebanjuré kanthi katarangan kang cetha.

Sawijining pasemon nuduhaké abote katarangan babagan dhawuh ing sajroné pasemon iku. Ing kené ing sajroné Injil dicethakaké babagan sawijining prakara kang memper utawa bandhingan wadi kasukman saka Suwarga kang nyethakaké ing sajroné basa kang disilih saka kasunyatan-kasunyatan ing sajroné panguripan. Pasemon iki yaiku cara kang lumrah dienggo, ora mung para rabbi Yahudi, nanging uga déning wong-wong Arab lan golongan wicaksana saka Wétan. Cara mulang iki banget nguntungaké lan gampang. Ing sajroné nggunakaké pasemon iku, Sang Juru selamet kita mudhun nggayuh tingkatan para kang ngrungokaké lan ngandikan marang wong-wong mau nganggo “basa”- né wong-wong mau.

Akéh wong kang kumpul ana Kapernaum, kang dadi jalaran Panjenengané nyingkrih ing pinggiré segara supaya luwih akéh wong kang bisa ndeleng lan ngrungokaké apa kang dadi pangandikan Panjenengané. Para sakabat Panjenengané nemokaké hak luwih-luwih bisa ngrungokaké katarangan-katarangan Panjenengané babagan pasemon iku dhéwé. Kanthi cara iki Gusti nyawisaké para murid Panjenengané kanggo leladi kang asipat kerasulan lan wulangan ing mangsa kang bakal teka.

Wong kang krungu pangandikan Panjenengané nanging ora nindakake- senajan Gusti Allah wis maringi timbalan ing sajroné atiné lan senajan Roh Suci wis kanthi alusing budi nggeret wong iku- ora bakal ngrungokaké manéh. Wong iku saka sithik bakal kelangan parungon kasukmané mbalik saka anggoné manembah wong-wong suci, lan tiba ing sajroné maneka dosa minangka akibat saka pilihan supaya ora mbangun turut. Wong iku bakal tambah kapikut ing sajroné rante pepeteng nganti pungkasané wong iku nampik sang Juru selamet, nyenyamah Panjenengané lan sengit marang Panjenengané. Sing sapa ora kanthi rila ngengakaké jiwané marang Sang Roh Suci Allah lan ndhérék timbalan Panjenengané bakal alon-alon kalimputan roh cemer kang ngisi ing sajroné awaké nganggo ewon cara. Dadi wewengan pungkasan kanggo wong iku masrahaké awaké marang Sang Kristus wis kepungkur. Sapa kang duwé kuping, padhaa ngrongokna.

Ana ngendi ta pikiran panjennegan ing sajroné undhak-undhakan kasukman iki? apa panjenengan ing dalan tumuju suwarga? Utawa mudhun menyang neraka? Sang Kristus nresnani panjenengan senajana panjenengan dosa? Panjenengané nimbali panjenengan kanthi cara pribadi kanggo nampani pangandikan Panjenengané kang maringi panguripan. Akui kabéh nyuwun marang panjenengan ing sajroné asma Sang Kristus “Sowana marang Panjenengané awit Panjenengané nresnani panjenengan, lan duwé kabisan kanggo nylametaké panjenengan kanthi cara kang sempurna”.

PANDONGA: Rama, Paduka wanuh manah kawula. Paduka paringi pangaksami atas sikep wangkot kawula dhumateng katresnan Paduka. Paduka yasa kawula cemawis kanggé mirengaken kanthi kadudut manah kawula kanthi makaten lampah gesang kasukman kula saget tuwuh lan saget ndhérék Paduka kanthi tanpa syarat, lan mboten nate ngungkuraké saking Panjenenganipun, lan cepengan dhumateng Panjenenganenipun ing saben-saben. Kawula gadhah kekajengan dipun murnekaken kanthi panguwaos Panjenenganeipun lan dipun sucékaken kanthi kalimputan panguwaos Paduka minangka tiyang-tiyang ingkang cemawis ingkang tansah mirengaké pangandikan Paduka ing saben saben.

PITAKONAN

  1. Tulisen pranatan gegayutan undhak-undhakan lan kendhoné kasukman lan sebanjuré cethakna.

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:55 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)