Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 127 (Jesus’ True Relatives)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

i) Sedulur-seduluré Gusti Yésus Kang Sabenere (Matéus 12:46-50)


MATÉUS 12:46-50
46 Nalika Gusti Yésus lagi ngandika marang wong akéh iku, ingkang ibu lan sedhérék-sedhéréké padha ana ing jaba, ngarah ketemu karo Panjenengané. 47 Banjur ana kang munjuk marang Gusti Yésus: “Lah punika ingkang ibu tuwin sedhérék-sedhérék Panjenengané sami wonten jawi saha ngangkah sagedipun kapanggih kaliyan Panjenengané.” 48 Nanging kang munjuk diparingi wangsulan mangkéné: “IbuKu sapa, lan sadulur-sadulurKu sapa?” 49 Banjur mulungaké astané marang para sakabate sarta ngandika: “Iki ibuKu lan sadulur-sadulurKu!” 50 Sabab sing sapa nglakoni karsané RamaKu kang ana ing swarga, yaiku sadulurKu lanang utawa wadon lan ibuKu.”
(Matéus 10:37; 13:15, Markus 3:31-35, Lukas 2:49; 8:91-21, Rum 2:11, Rum 8:29)

Sang Kristus ora manéh ngandika marang wong – wong Farisi awit Panjenengané mirsani ora ana kang bisa ditindakaké Panjenengané supaya bisa mitulungi wong-wong iku. Panjenengané banjur ngandika karo wong-wong lumrah, kang ora nyelewengaké kawruhé kaya wong-wong Farisi, lan cemawis sinau.

Panganiaya marang Gusti Yésus nganti tekan pungkasané nalika wong-wong Yahudi meksa sedulur-seduluré Panjenengané supaya ngendhegaké anggoné leladi. Manawa sedulur-seduluré ora ngendhegaké anggoné Panjenengané leladi mula bakal disebrataké saka antarané bangsa iku. Sedulur-sedulur Gusti Yésus nekani Panjenengané bisa uga ibuné melu nekani Panjenengané supaya bisa andadekaké Gusti Yésus nurut. Nanging gusti Yésus ngrampungaké prekara keluwarga iku. Panjenengané kanthi tinarbuka rada ngedoh karo keluwarga Panjenengané sawetara nalika iku uga nuduhaké katresnan Panjenengané kang gedhé marang sedulur-seduluré kang nuduhaké wawasan kasukman kang banget déning jero. Gusti Yésus mratélakaké yén Panjenengan ora manéh kacancang karo keluwarga Panjenengané kanthi cara kajasmanen, nanging malah marang para murid Panjenengané iki keluwarga Allah, lan ing sajroné andhap asor ati Panjenengané Panjenengané ora isin ngakoni para murid minangka sedulur-sedulur Panjenengané. Kaya ngapa ngedap-edapi kinurmatan kang diparingaké marang kita déning Putra Allah lumantar sesebutan iku! Panjenengané nyethakaké babagan iki ana ing Donga Rama Kawula nalika Panjenengané nyebut Rama Panjenengané minangka “Rama Kawula,” ing kené Panjenengané nyethakaké manah gegayutan karo Panjenengané lumantar manunggale Sang Roh Suci kang dadi jalaran kita dadi para putra Allah. Apa panjenengan prqacaya yén Gusti Yésus iki sedulur panjenengan? Kepiyé anggo panjenengan ngaturaké panuwun atas kinurmatan kang diparingaké Panjenengané marang panjenengan iki? Sang Kristus ngandikan prekara iki kanthi pangandika kang nglegakaké kabéh ati. Panjenengané matesi paseduluran Panjenengané yaiku kanthi ngakoni paseduluran Panjenengané karo wong-wong kang nindakaké karsané Sang Rama ing Kasuwargan. Nanging apa ta karsané Rama iku? Penginjil Yokanan kandha: “Sabab karsané RamaKu iku yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwénana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman” (Yokanan 6:40). Rasul Paulus nambahaké, “Amarga kang dadi karsané Gusti Allah iku: kasucénmu..” (I Tesalonika 4:3). Karsané Allah iku keselametan lan kasucén kita.

Sang Kristus ora bakal ngendhegaké wulangan Panjenengané kanthi metu nemoni sedulur-sedulur Panjenengané. Panjenengané banget ngunderaké kawigaten marang pakaryan Panjenengané kanthi mengkono ora ana gangguan apa waé kang ndadekaké ninggalaké pegawawen memulang iki. “Sapa ta ibuku lan sapa ta sedulur-sedulur-Ku”. Ora ateges gegayutan kekeluwargaan diracut, utawa ditinggal marga alesan babagan agama, kita kena ora ngajeni wong tuwa utawa ora asikep becik marang sedulur-sedulur, nanging “Samubarang kabéh katitahaké éndah ing wayah kang wus kapesthekake...”(Kohelet 3:11), lan tugas kang luwih cilik bisa ditungka dhisik, sawetara kang gedhé digarap. Nalika gegayutan kita dadi unggul kinunggulan karo anggoné leladi marang Allah, kita kudu kandha marang Rama kita “Aku ora mreduli” kaya kang dikandhakaké para imam Lewi (Pangandaring Torét 33:9). Gegayutan kang cerak dhéwé kudu rila didadekaké nomor loro, yaiku kita kudu nresnani Sang Kristus luwih saka wong-wong. Tanggung jawab kita marang Allah mapan dadi kang utama dhéwé. Ora ana wong siji waé bisa nindakaké kabéh karsané Allah kanthi kekuwatané dhéwé, awit manawa mengkono mula Panjenengané bakal dadi padha karo Gusti Allah. Nanging rah Kristus ngumbah kita, lan Roh suci Panjenengané maring kabisan marang kita urip ing sajroné panguripan kang suci, lan dadi gumathok babagan kaanané Sang Kristus minangka Putra lan Sang Allah Rama minangka Rama Panjenengané.

Para murid Panjenengané kang wis ninggalaké kabéh terus nderek Panjenengané lan nampa wulangan Panjenengané banget ditresnani déning Panjenengané luwih kabéh kang liyané kang duwé gegayutan daging karo Panjenengané. Wong-wong wis ninggalaké bapake. Minangka gentiné lan kanggo nuduhaké katresnan Panjenengan marang wong-wong iku, Panjenengané mapanaké gegayutan karo wong-wong mau luwih saka gegayutan Panjenengané karo liyané. Manawa mengkono, rak wong-wong mau nampani kinurmatan, duwé sedulur satu lipet? (Matéus 19:29)

Kabéh wong-wong pracaya kang mbangun turut duwé gegayutan kang cerak karo Gusti Yésus Kristus. Wong-wong mau nggunakaké asma Panjenengané nganggo gambaran Panjenengané duwé hakikat Panjenengané lan diakoni minangka keluwarga Panjenengané. Panjenengané nresnani wong-wong mau lan ngandika kanthi merdika karo wong-wong mau ing sajroné gegayutan Panjenengané iki. Panjenengané nimbali lan nampani wong-wong mau ing meja bujana Panjenengané nggatekaké wong-wong mau, lan nyukupi kapreluané. Saiki sakwisé Panjenengnae ing suwarga, Panjenengané terus gegayutan karo wong-wong mau, lan bakal nglumpukaké wong-wong mau karo Panjenengané ing pungkasané jaman. Panjenengané ora bakal gagal ngujudi tanggung jawab minangka jejeré sedulur kang cerak dhéwé (Rut 3:13). Panjenengané ora bakal rumangsa isin atas gegayutan iku, lan bakal ngakoni paseduluran iki ing ngarepe manungsa, malaikat, lan ing ngarsané Sang Rama Panjenengané.

PANDONGA: Rama kang suci, kawula mboten saget nyebat asma Paduka tanpa raos ajrih lan kebak syukur. Paduka pitulungi kawula kanggé nampeni gesang ing salebetipun keluwarga kasukman Paduka langkung penting tinimbang kaliyan sadaya cancangan kawula ing jagat menika. Paduka pitulungan kawula supados kawula ampun dhawah, utawi nampak sipat keallahan Paduka, nanging supados kawula nindakaken karsa Paduka ing saben wekdal selaminipun. Lan Paduka berkahi anggota keluwarga kawula, supados anggota keluwarga kawula saget mretobat lan diwilujengaké ing salebtipun katresnan Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa bedané antarané wong kang murtad karo anggota keluwarga Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:20 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)