Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 120 (Healing of the Withered Hand)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

f) Kesarasan Wong Kang Mati Sisih Tangané Ing Dino Sabat Lan Sekuthon Arep Nyedani Gusti Yésus (Matéus 12:9-21)


MATÉUS 12:14-21
14 Wong-wong Farisi banjur padha metu sarta ngrancang bab anggoné bakal nyedani Gusti Yésus. 15 nanging sarehné Gusti Yésus ora kekilapan bab iku, banjur tedhak saka ing kono. Akéh wong kang padha ndhérékaké, dené kang lara padha diwarasaké kabéh. 16 Nanging padha ora diparengaké nyuwuraké Asmané 17 supaya kalakona pangandika kang dilantaraké déning Nabi Yésaya: 18 “Lah iku AbdiningSun pilihaningSun, kekasihingSun, kang ndadekaké keparenging galihingSun, bakal Suparingi RohingSun, sarta bakal ngundhangaké pangadilan marang sakabéhing bangsa.19 Panjenengané ora bakal ngankaké padudon lan ora bakal alok-alok. Swarané bakal ora keprungu ing wong ana ing lurung-lurung. 20 Glagah kang pepes ora bakal dikethok lan uceng-uceng kang urube melik-melik ora dipateni nganti Panjenengané wis dadekaké menangi kabeneran.
(Yésaya 42:1-4, Markus 3:12, Lukas 6:17-19, Para Rasul 3:13-26).

Para ahli Torét ngrancang ngukum pati Sang Kristus awit Gusti Yésus mbuktekaké yén patrap welas asih maekani lan mbukakaké kaluputané ing sajroné mangreti Kitab Suci. Wong-wong mau rumangsa kaya-kaya Suwarga mlebu ing sajroné hakikat winatesing wong-wong mau. Wong-wong mau ora bisa lumawan kanthi katarangan kang mlebu nalar, awit saka iku wong-wong mau kudu ngendelaké kekerasan. Para satru Allah, wiwit wiwitan anggoné leladi Gusti Yésus, nampik Panjenengané lan mbudidaya nyedani Panjenengané.

Gusti Yésus nyingkiri ora awit wedi mati, nanging awit Panjenengané isih duwé pakaryan akéh kang kudu ditindakaké lan wektuné durung tekan. Wiwit wektu iku, Sang Kristus dianiaya lan gesang piyambakan. Panjenengané anggoné leladi piyambakan lan sabisa-bisa ora nuwuhaké gegeran. Panjenengané nyarasaké, kanthi pangandikan Panjenengané kang ngandhut panguwasa, wong lara kang sowan Panjenengané lumantar iman pracaya marang panguwasa Panjenengané minangka jejeré Juru Selamet kang kebak rahmat. Panjenengané ora agawé sesebaran gegayutan sarirané piyambak, awit Panjenengan malah dhawuh supaya wong-wong kang disarasaké Panjenengané ora ménéhi ngerti asma Panjenengané. Panjenengané dhawuh mengkono supaya nyegah wong-wong kang mung angger kepéngin ngreti waé nganti suk-sukan nekani Gusti Yésus arep ndeleng mujizat lan pracaya tanpa bener-bener mbuka atiné marang pamratobat lan anggoné kepéngin wanuh marang Panjenengané. Gusti Yésus nimbali wong-wong kang luwe babagan kayektén, kang kangen babagan pangertén kasukman. Nanging, wong-wong kang mung golék mukjizat lan kang cethek waé ora bakal nampani pitulungan utawa panglipuran saka Panjenengané.

Wong-wong kang becik lan wicaksana, sinadhana wong-wong iku kepéngin nindakaké kabecikan, ora bakal gelem prekara iku dirembug sakwisé rampung ditindakake. Keparengé Gusti Allah, lan dudu pangalembanané manungsa, yaiku kang diburu wong-wong mau. Lan ing sajroné mangsa panandhang, senajana kita kudu kanthi kendel terus nindakaké tanggung jawab kita, kita kudu ngendhaleni kahanan supaya ora nambah kanepson kang ora prelu saka wong-wong kang golék prekara kita. “Pintera dikaya ula”.

Sang Kristus iku lemahing budi, sih kawelasan, lan andhap asor ati Allah kang manjalma ing sajroné Putra, awit Panjenengané dilairaké saka Roh Suci Allah. Yésaya lan para nabi meca 700 tahun sadurungé Sang Kristus lair yén Gusti Allah bakal ngutus menyang donya Abdi Panjenengané kang Kinasih kang bakal kinanthenan karo keparengé Panjenengané kalimputan karo Roh Panjenengané. Ana ing sajroné andhap asor lan kabecikan Sang Kristus kita wanuh semburané kamanungalan Tritunggal kang Suci, awit Gusti Allah Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci Panjenengané iku siji kanthi bebarengan kanggo siji tujuwan lan siji rancangan supaya nyebaraké kayektén lan katresnan ing saindhenging jagat.

Sang Kristus ora bakal cecongkrahan gegayutan hak Panjenengané lan ora bakal mbengok marang satru kang mbudidaya agawé Panjenengan kendel. Panjenengané ngracut jubah Panjenengané kanggo wong-wong kang mbutuhake. Panjenengané amberkahi wong-wong kang bakal ngganggu Panjenengané lan nresnani para satru Panjenengané. Manawa panjenengan nemokaké anané titik sunar pengarep-arep ing sajroné wong mlarat, surung wong iku supaya dadi pracaya tanpa rasa wedi utawa tanpa mangu-mangu. Panguwasa kamenangan Sang Kristus kanthi cara kasukman bakal tambah jembar menyang ing kabéh bangsa, lan padhang Panjenengané bakal sumunar ing sajroné pepeteng. Kita ngreti yén Panjenengané kang menang ing pungkasané awit Panjenengané menang ing sajroné kamenangan atas kayu salib. Kamenangan Panjenengané bakal dumadi kali kang gedhé kang mbanyuni ara-ara samun ing bumi kita. Sang Kristus waé siji-sijiné pengharapan ing jagat kang duwé prekara iki.

Wong-wong Yahudi numpuk rasa sengit marang Gusti Yésus, ora awit Panjenengané melehaké babagan kutate adate babagan dina sabat, nanging awit Panjenengané nawakaké katresnan Panjenengané marang wong-wong dudu Yahudi, lan agawé lawang keselametan tinarbuka amba marang kabéh manungsa sakwisé ditutup déning wong-wong mau. Sang Kristus ora kok mbeda-mbedakaké wong utawa keras ing sajroné pilih kasih. Panjenengané anggoné leladi kabéh manungsa, nresnani kabéh padha, lan maringi sugengé Panjenengané kanggo wong-wong iku kabéh. Wong-wong Yahudi nesu banget marang katresnan Sang Kristus kang murni awit salawasé iki wongwong duwé pikiran yén prejanjian lan karukunan karo Gusti mung dadi duwéké wong-wong iku, lan kabéh wong kang ngungkuli watesan iku kudu dirajam nganggo watu.

PANDONGA: Rama, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka mratélakaken hakikat keilahian Paduka ing sajroné Gusti Yésus lan ngujudi kayektén jagat ing kayu Salib. Kawula manembah Paduka kanthi swara kawula lan nyuwun katresnan Putra Paduka ingkang alusing bebuden kanthi makaten kawula mboten urip ing salebetipun keyakinan, lan nglampahi tuntunan Paduka ing salebetipun lelados ingkang ing salebetipun klintu panampi sinaosa ngadhepi lelawanan.

PITAKONAN

  1. Apa pameca Sang Mesih gegayutan Gusti Yésus ing sajroné Para Rasul 42:1-4?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:21 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)