Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 119 (Healing of the Withered Hand)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

f) Kesarasan Wong Kang Mati Sisih Tangané Ing Dino Sabat Lan Sekuthon Arep Nyedani Gusti Yésus (Matéus 12:9-21)


MATÉUS 12:9-13
9 Sakwisé tindak saka ing kono, Gusti Yésus banjur lumebet ing papan pangibadahé wong-wong mau. 10 Ing kono ana wong kang ceko tangané sasisih. Wong-wong banjur padha matur marang Panjenengane: Ing dinten Sabat punapa dipun parengaké nyarasaké tiyang?” Karepe supaya ngluputaké Panjenenange. 11 Nanging padha dipangandikani mangkéné: “Manawa panunggalanmu duwé wedhus siji, mangka wedhusé iku kacemplung ing luwangan pinuju dina Sabat, apa ora banjur dicekel lan dientasake? Apa ajiné manungsa iku ora ngungkuli wedhus banget? Mulané kalilan bae nindakaké kabecikan ing dina Sabat. 13 Banjur dhawuh marang kang ceko mau: “Tanganmu athungna.” Tumuli diathungaké temah dadi waras pulih kaya tangan sijiné.
(Markus 3:1-6; 14:3-5, Lukas 6:6-11)

Wong-wong Farisi ngenténi apa kang ditindakaké Sang Kristus awit Panjenengané nganggep yén katresnan luwih becik saka anggoné mbangun turut kanthi cara upacara agama lan pranatan. Wong-wong Farisi ora mbuka atiné marang Roh Sang Kristus kanthi mengkono ora bisa wanuh rancangan Panjenengané kang luhur. Banget lumrah kanggoné wong-wong kang kolot tetep cekelan marang tradisi alirané lan sebanjuré ora ngreti kayektén dikaya apa anané. Wong-wong iku nganti tekan patrap luwih ngajeni kewan, yén kewan iku luwih becik tinimbang karo manungsa.

Sang Kristus, ing sajroné kawicaksan Panjenengané minangka Kang Paring Pranatan, nutup cangkeme golongan fundamentalis iku, lan nuduhaké marang wong-wong iku, lumantar conto-conto kang gampang ditindaké ing sajroné urip, yén wong-wong mau sabeneré golongan munafik, lan pegawéané kang banget nyeseg lan kalandesi sih kawelasan sakjané sah ditindakaké malah ing dina Sabat pisan. Katresnan kang suci iku luwih gedhé saka Dina Sabat lan uga luwih gedhé tinimbang karo tradisi kang bareng Dina Sabat iku. Sang Kristus paring dhawuh marang wong kang mati sisih tangané supaya mulungané tangané iku. Wong iku pracaya lan mbangun turut marang pangandikané Sang Kristus. Wong iku mulungaké tangané lan ngobahaké drijiné. Sebanjuré wong iku ngangkat tangané ngluhuraké Gusti Allah. Wong iku nggunakaké tangané nindakaké sawijining prakara manéh kamangka tangan iku wis suwé ora bisa digunakake. Ing kené sepisan manéh, Sang Kristus nawakaké peparing marang wong-wong mlarat. Panjenengané nyarasaké wong iku lan kabéh wong kang ndeleng kaélokan iku ngluhuraké Gusti Allah, nanging para ahli torét, kang cekelan marang makna kanthi cara uniné aksara kang ditulis saka pranatan iku, ora. Para ahli Torét ora gelem ngakoni kepentingan lan maknané lan ora gelem melu bungah bebarengan wong-wong liyané kang bungah atas kesarasané wong ceko mau. Rasa getir ngalimputi atiné ahli torét awit Sang Kristus melehaké anggoné lelamis lan mbuka karepe ing sajroné atiné ing ngarepe wong akéh. Para guru iku sebanjuré nganakaké patemon lan netepaké nyedani Gusti Yésus saka Nazaret kang dirasaké dadi pangancame. Para ahli torét mau luwih milih mbangun turut pranatan selaras karo tafsirané tinimbang tafsiran alandhesan sih kawelasan, lan para ahli torét luput netepaké tujuwan lan sasaran saka anané Pranatan yaiku katresnan Gusti Allah kang Suci. Golongan fundamentalis ora gelem nyedani Gusti Yésus mung awit Panjenengané nampa sesebutan mligi kaya “Putra Daud”, “Putra “Allah” utawa malah “Gusti,” nanging awit Panjenengané nyarasaké wong ing Dina Sabat lan mratélakaké kahanan kang sebeneré saka anggoné mbangun turut marang pranatan lan wiwit mula kang luhur saka sawijining mangsa kang diwernani déning katresnan kang sabenere.

Pitakonan kang asring ditakokaké saiki yaiku, “apa kang entuk lan apa kang ora entuk?” “Apa ta kang bener lan apa ta kang ora bener?” Kita ora nemokaké jawaban kang pepak saka Kitab Suci kanggo kabéh pitakonan. Nanging, kabéh wong pracaya perlu duwé roh kang duwé kalandhepan ing sajroné mbedakaké lan roh katresnan uga roh kang tulus. Kita nyuwun marang Gusti Yésus supaya maringi kita jawaban kanggo pitakonan kita supaya kita bisa ndhérék jangkah-jangkah Panjenengané malah senajana iku ateges lelawanan karo panemuné umum utawa pakulinan keluwarga supaya bisa nindakaké karsané Sang Kristus kanggo nuduhaké katresnan.

Sang Kristus ora wedi marang para satru Panjenengané nanging malah melehaké piala lan bodhoné para satru iku. Panjenengané njaluk marang para satru mau supaya mikir sithik, awit ora ana ing antarané wong-wong mau kang ora bakal mitulungan wedhusé manawa tiba ing sajroné sumur ing dina Sabat. Manungsa, ing sajroné kaanané luwih mulya lan luwih aji, tinimbang karo kewan kang mulya dhéwé. Manungsa iku titah kang duwé akal budi, bisa ngerti, nresnani, lan ngluhuraké Allah, lan awit saka iku luwih déning apik tinimbang wedhuds. Pangorbanan getih wedhus sabeneré babar pisan ora cuku kanggo ngilangi dosa saknyawa pisan.

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula ngluhuraken Paduka ingkang sampun nyucékaken kawula, merdikaaken kawula saking si pangawak dursila supados saget nindakaken pakaryan atas sih rahmat. Sang Kristus nyethakaken dhumateng kawula babagan manembah Paduka lumantar patuladan Paduka. Paduka paring pitulungan dhumateng kawula supados tansah mangertos karsa Paduka, menapa ingkagn yektos lan ingkang mboten yektos kanthi makaten kawula lumampah selaras kaliyan jangkah-jangan Putra Paduka ingkang Paduka tresnani.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé ta para ahli torét ngrancang ngukum pati Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:21 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)