Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 121 (Blasphemy Against the Holy Spirit)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

g) Babagan Nyenyamah Sang Roh Suci (Matéus 12:22-37)


MATÉUS 12:22-24
22 Sakwisé iku banjur ana wong kang kasurupan, tur picak lan bisu, disowanaké menyang ngarsané nuli diwarasaké déning Gusti Yésus, satemah kang picak lan bisu mau banjur bisa guneman lan ndeleng. 23 Wong-wong kabéh padha kaéraman sarta padha calathu: “Panjenengané iku kira-kira tedhak Sang Prabu Dawud”. 24 Nanging bareng para wong Farisi padha krungu banjur ngucap mangkéné: “Anggoné nundhungi dhemit iku marga nganggo jenengé Beelzebul, panggedhéning sétan.”
(Markus 3:22-27, Lukas 11:14-23, Yokanan 7:42).

Sang Kristus alon-alon ngundakaké anggoné mratélakaké panguwasa Panjenengané. Prekara kang ana ing wong kang digawa marang Panjenengané iki babar pisan dudu bab kang ndilalah. Wong iku wong kang dikuwasani déning Roh ala, nanging nalika wong iku digawa sowan Sang Kristus kang Mahakuwasa, wong iku disarasaké déning pangandikan Gusti Yésus kang kebak katresnan lan ndudut ati. Ana roh ala akéh kang mbudidaya ngringkihaké lan ngrusak manungsa. Iki bisa dumadi minangka akibat saka patrap mursid kang palsu. Wong-wong Farisi kang ngrasuk agama luwih nengenaké babagan kajasmanen waé, kanthi mengkono, yaiku kanthi nengengané babagan kajasmanen mula wong-wong iku mula mbudidaya supaya nyenengaké Gusti Allah lumantar pisusungé lan angggoné mbangun turut kang tenan marang pranatan lan tradisi agama. Wong-wong Farisi iku kelangan sih kawelasané marang wong-wong kang ringkih lan mlarat lan dadi tinarbuka marang watek gumunggung kasukman, kang iku saka Iblis dhéwé. Nanging sing sapa ngira awaké luwih bener tinimbang wong-wong liya, wong iku sejatiné wong wuta lan ora ndeleng pialané dhéwé. Nanging sing sapa nampeni pangerton kasukman saka Gusti Yésus bakal anggetuni dosané mratobat, lan dimerdekakaké saka watek gumunggung.

Wong-wong Farisi, reka-reka duwé kawruh kang luwih, lan reka-reka semangat kanggo pranatan Ilahi, luwih saka wong-wong liya; nanging wong-wong farisi sabeneré satru Sang Kristus lan apa kang duwulangaké Panjenengané. Wong-wong Farisi banget déning gumunggung atas tumindaké kang kaanggep becik ing antarané bangsa iku. Tumindak kang dianggep becik iki nambahakané watek gumunggunge, nyengkuyung panguwasané lan ngujudi tujuané. Nalika wong-wong Farisi krungu akéh wong kang kandha, “Apa iku Putra Dawud?”, wong-wong farisi dadi nesu, luwih saka nesuné tinimbang kaélokan. Wong-wong Farisi iku meri marang Sang Kristus lan dadi wedi yén akéh wong kadudut atiné marang Panjenengané uga pikurmatan marang Panjenengané mundhak-mundhak, kosok baliné pikurmatané wong marang dhéwéké dadi mlorot. Wong-wong Farisi iku meri mang Panjenengané kaya Saul meri marang Dawud awit apa kang dinyanyekaké para kenya babagan dhéwéké (I Samuel 18:7-8).

Wong-wong kang andhap asor lan lugu rumangsa yén Gusti Yésus iku Putra Dawud, Sang Mesih kang diprasetyakake. Nanging wong-wong Farisi ora seneng karo kewarasané wong kang wuta lan bisu. Wong-wong Farisi malah ngipat-ipati Sang Kristus, ndakwa yén ana sekuthon antarané Panjenengané karo panggedhéning sétan. Ing sajroné mratekaké kayektén awaké dhéwé wong-wong farisi, wong-wong iku dadi wangkot atiné. Wong-wong iku rumangsa yén awaké lagi leladi marang Gusti Allah, nanging ing sajroné kasunyatané wong-wong mau lagi lumawan Sang Roh Suci. Wong-wong Farisi mbudidaya mbangun turut pranatan nanging ing sajroné nindakaké pranatan iku kelangan katresnan lan sih kawelasan. Kabéh anggoné manembah dadi kesasar, awit Iblis dhéwé ngrubah awaké dadi malaekat padhang sawetara Iblis iku dhéwé pangedhéning pepeteng.

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun Dhumateng Paduka saking manah kawula ingkang paling lebet awit Putra Paduka Gusti Yésus sampun nyarasaké sadaya ingkang sakit, bisu, wuta, lan kapanjingan roh awon ingkang sowan dhumateng Panjenenganipun. Kados menapa ageng panguwasa katresnan Paduka. Paduka apunten kawula awit mboten maélu dhumateng sedhérék-sedhérék sanés ing salebetipun prekawis lan kaprihatinanipun. Paduka paring pitulungan dhumateng kawula supados mboten abingah-bingah ing wekdal tiyang-tiyang menika nesu utawi mboten jenjem manahipun. Kalimputana kawula kanthi katresnan lan kesabaran kanthi makaten kawula saget ngraosaken kabetahan mitra-mitra kawula, lan nampi saking Paduka panguwaos lan pitulungan kanggo sedhérék-sedhérék menika. Paduka welasi sedhérék-sedhérék ingkang kanthi cara kasukman wuta lan bisu, awit sedhérék-sedhérék menika saget kemawon dipun kuwasané déning roh jember. Namung sakedik ing antawisipun sedhérék-sedhérék menika ingkang saéstu-estu gadhah kawigatosan babagan kawonten kasukmanipun. Paduka paring pitulungan dhumateng kawula saget mitulungai lan ngiyataken sedhérék-sedhérék ingkang gadhah kekajengan nampi kawilujengan.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé para pemimpin agama Yahudi ndhakwa Gusti Yésus nundhung roh-roh ala kanthi panguwasa panggedhéning sétan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on May 09, 2023, at 07:00 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)