Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 118 (Disciples Pluck the Heads of Grain)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

e) Para murid Nyethuti Wulen Gandum Ing Dina Sabat (Matéus 12:1-8)


MATÉUS 12:1-8
1 Ing nalika samana, mbeneri dina Sabat, Gusti Yésus tindak nglangkungi paganduman. Sakabate padha luwe, mulané banjur padha nyethuti wulen sarta dipangan. 2 wong Farisi bareng weruh, padha munjuk marang Gusti Yésus: “Lah sakabat Panjenengané sami nindakaké ingkang boten dipun parengaké ing dinten Sabat”. 3 Nanging Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau: “apa kowé ora maca bab tumindaké Senopati Dawud dalah para pandhéréké nalika padha kaluwen? 4 Bab anggoné banjur padha lumebu ing Padalemaning Allah lan anggoné padha mangan roti cecaosan, kang pancené ora kena kapangan déning Dawud utawa déning pandhéréké, kajaba déning para imam? 5 Mangkono uga apa kowé ora maca ing Torét, yén ing dina Sabat para imam padha nerak pranataning Sabat ana ing Padaleman Suci, ora padha kaluputan? 6 Aku pitutur marang kowé: Ing kené ana kang ngluwihi Padaleman Suci. 7 Manawa kowé pancen mangreti isining pangandika: Kang Sunkarsakaké iku kawelasan, dudu kurban, mesthi kowé ora ngukum wong kang ora kaluputan. 8 Amarga Putraning Manungsa iku iya Gustiné dina Sabat”.
(Pangentasan 20:10, Kaimaman 24:9, 1 Samuel 21:6, Hosea 6:6, Markus 2:23-28, Lukas 6:1-5).

Para murid Sang Kristus krasa luwe awit para murid ora duwé dhuwit. Para murid ndedonga marang Sang Rama, “Paringana kawula tetedhan kanggé dinten menika,” lan pracaya marang Gusti Allah lan pracaya marang panjangkungé Panjenengané saben dina, pracaya yén Panjenengané bakal ngrubah ati manungsa dadi ilineng banyu.

Nalika para murid Panjenengané ngenténi peparingé Gusti Allah, para murid wiwit nyethuti wulené gandum awit para murid luwe. Iki ora dianggep nyolong awit pancen ing jaman Prejanjian Lawas pranatan ngidinaké wong njupuk sapreluné kang bisa dipangan manawa wong iku ing kahanan luwe, nanging manawa nganti digawa karo nggunakaké wadah, ya iku kang dianggep nyolong. Manut prejanjian Anyar, ora pantes njupuk apa waé kang dudu barang darbeke.

Wong-wong Farisi ora ndakwa para murid awit nyolong gandum, nanging awit anggoné njupuk gandum banjur dionceki pisan ing dina Sabat, awit prekara kang mengkono wis dianggep nyambut gawé. Iki, manut pangertén wong-wong Farisi, sawijining panerak marang paugeran Sabat lan pantes diukum pati. Anggoné mbangun turut marang paugeran Sabat sawijining simbol gedhé kang nggayutaké wong-wong iku karo Paugeran Gusti, kang wis misahaké lan milih wong-wong mau saka antarané kabéh bangsa kang liya.

Nanging Sang Kristus, ing sajroné kawicaksanan Panjenengané nyethakaké marang wong-wong, lumantar conto saka Daud lan para imam, yén dhawuh kanggo nresnani Gusti Allah lan manungsa luwih gedhé tinimbang karo Pranatan Sabat. Panjenengané mbandhingaké para murid Panjenengané karo para imam lan raja, awit wong-wong kang mlarat ing sajroné Gusti Allah, sabeneré, wong-wong iku yaiku para imam lan raja ing ngarsané Gusti Allah. Wong-wong mau uga pérangan saka Prejanjian Anyar, kang pranatané beda karo kang lawas. Sang Kristus nyebut sarirané minangka Gusti atas dina Sabat, awit Panjenengané ngasta Pranatan kang anyar-pranatan katresnan. Kang maringi pranatan kasuwargan mulangaké marang kita basa manungsa ora dibeneraké awit mbangun turut pranatan, nanging mung awit sih rahmat lan rah Cempening Allah. Wulangan Sang Kristus ngersakaké kita leladi kanthi katresnan lan kabungahan, malah ing dina sabat pisan. Kanthi katresnan kita disucékake.

Tandha kang cetha banget yén wong-wong Kristen ora kabawah Pranatan lan tuntunan Pranatan torét, yaiku wong-wong kristen ngibadah ing dina Minggu lan ora ing dina Sabat. Minggu iku dina ing ngendi Sang Kristus wungu saka kubur sakwisé ngalahaké pati. Minggu iku lambang saka panguripan kang asipat keallahan kang diwartakaké déning wunguné Sang Kristus. Lan nalika iku uga dadi sarana kamardikan kita saka tuntutan pranatan Nabi Musa. Kita mangerti yén kita ora dibeneraké awit mbangun turut Pranatan Sabat utawa Pranatan dina Minggu, awit dadi laknat wong-wong kang mbudidaya dibeneraké lumantar pranatan, nanging sing sapa melu njegur ing sajroné Roh lan kasugengané Sang Kristus bakal urip lan disucékaké saben dina nganti salawase. Sang Kristus ora nyucékaké manut wektu lan mangsa, nanging Panjenengané nyucékaké para pandhérék Panjenengané nganti para wong-wong mau bisa urip ing sajroné kasucén saben dina ing seminggu lan ora mung dina Setu lan Minggu waé.

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun saking telenging manah kawula awit Paduka sampun nyucékaké kawula lan merdikaaken kawula saking tuntutan tatanan ibadah. Dipun luhuraken Paduka awit sampun nganthi kawula ing saben dinten ing salebetipun pendamelan kawula. Paduka nyekapi saben dinten jam kawula kanthi katresnan Paduka. Tulung kawula supados mangertos lan gesang ing salebetipun panguwaos wungunipun putra Paduka ing salebetipun gesang kawula kanthi makaten kawula saget gesang ing margi kalanggenan. Amin.

PITAKONAN

  1. Kepiyé larah-larahé Sang Kristus dadi Gusti atas dina Sabat?

KUIS

Para maos kang kinasih,
Sakwisé maca tafsiran babagan Injil manut Matéus ing sajroné buku iki, panjenengan saiki bisa ménéhi mangsuli pitakonan-pitakonan ing ngisor iki. Manawa panjenengan ménéhi jawaban 90% saka pitakonan-pitakonan ing ngisor iki, aku bakal ngirimaké marang panjenengan seri kang sebanjuré kanggo wulangan panjenengan. Aja lali nulis asmané panjenengan sing cetha lan nulis alamat ing lembar jawaban panjenengan.

  1. Apa dhawuhé Gusti Yésus babagan sawijining prekara kang kudu kita suwun kanthi tegen marang Panjenengane?
  2. Apa panguwasa kang diparingaké Gusti Yésus marang para muridé Panjenengane?
  3. Apa dhawuh kawitan saka lima dhawuh kang diparingaké Sang Kristus marang para murid Panjenenganipun gegayutan kanthi pawarto pangandikan?
  4. Sapa kang bakal nampani tentrem rahayu saka Gusti Allah?
  5. Sapa kang dadi satru-satru kita, lan prasetya apa kang diparingaké déning Gusti Yésus marang kita gegayutan para satru iku?
  6. Kepiyé anggon kita ngalahaké ombaking panganiaya?
  7. Apa tegesé nalika Gusti Yésus ngandika, “Murid ora bakal luwih saka gurune?”
  8. Apa kang ditudhuhaké ing sajroné kasetyan ndhérék Sang Kristus?
  9. Kepiyé kita bisa ngalahaké rasa wedi kita marang manungsa gegayutan karo paseksen kita?
  10. Apa daya pengaruh takdir lan panetepan ilahi ing sajroné kekristenan?
  11. Apa sebabé kita ora prelu wedi marang manungsa utawa marang pati?
  12. Kepiyé ta wong-wong kang anyar lagi waé mretobat iku anggoné kudu asikep marang keluwargané kang nganiaya dhéwéké awit krana iman marang gusti Yésus?
  13. Ana ing sajroné wewengan apa Injil Matéus nyebutaké kang kawitan babagan kayu salib?
  14. Kepiyé kamanunggalan antarané Gusti Allah karo wong-wong kang pracaya marang Sang Kristus kaleksanan?
  15. Apa pituwas kanggo para nabi, wong-wong bener lan para pandhéréké Sang Kristus?
  16. Apa kang panjenengan sinau saka dhawuh Sang Kristus kanggo kandha marang wong-wong kang ilang?
  17. Apa sebabé gusti Yésus ora nguwalaké Nabi Yokanan saka pakunjaran?
  18. Apa sebabé kang cilik dhéwé ing sajroné kratoné Allah dianggep dadi luwih gedhé tinimbang Yokanan Pambaptis, nabi kang pungkasan lan gedhé dhéwé saka Prejanjian Lawas?
  19. Apa sebabé Gusti Yésus mbandhingaké wong-wong ing jaman iku karo bocah-bocah?
  20. Apa sebabé Sang Kristus nganggep wong kang ora pracaya marang Panjenengané luwih nistha tinimbang Sodom lan Gomora?
  21. Kepiye Sang Kristus wanuh Gusti Allah dikaya Gusti Allah wanuh karo Sang Kristus?
  22. Apa pasangan saka Sang Kristus kang dikarsakaké diselehaké atas awak kita?
  23. Kepiyé larah-larahé Sang Kristus dadi Gusti atas dina Sabat?

Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku:

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on May 01, 2023, at 11:51 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)