Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 116 (Unity of the Holy Trinity)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

c) Pratéla Babagan Kamanunggalan Tritunggal Kang Suci (Matéus 11:25-27)


MATÉUS 11:25-27
25 Ing wektu iku Gusti Yésus munjuk: “Dhuh, Rama, Pangéraning swarga lan bumi, kawula ngaturaken genging panuwun, dené bab punika sadaya Paduka damel wados tumrap tiyang wicaksana saha tiyang wasis, nanging Paduka lairaken dhateng lare-lare. 26 Inggih, Rama, pancen makaten karsa Paduka. 27 Samubarang kabéh wus kapasrahaké marang Aku déning Ramaku, lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Putra, aliya Sang Rama, lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Rama, aliya Sang Putra lan wong kang wus jinatenan saka karsané Sang Putra.
(Yésaya 29:14, Lukas 10:21-22, Yokanan 17:25, 1 Korinta 1:18-29, Filipi 2:9).

Ayat-ayat iki ménéhi kita wawasan babagan donga Sang Kristus kang ora ana bandhingané marang Sang Rama kasuwargan Panjenenané lan mratélakaké marang kita kanthi jero babagan Gusti Yésus lan gegayutané karo Sang Rama. Lumantar pantara kita mula kita bisa nggayuh papan suci kasugengan Putra manungsa, ing papan Panjenengané masrahaké sarira Panjenengané marang Sang Rama, lan ing papan kita bisa ngrungokaké marang salah siji pangandikan Panjenengané ing sajroné kamanunggalan karo Tritunggal kang Suci.

Senajan ngadhepi rasa sengit lan rasa getir ditampik déning umat Panjenengan piyambak, Gusti Yésus ngluhuraké sang Rama kasuwargan lan ngaturaké panuwun marang Panjenengané. Panjenengané ora nggresula utawa muwun babagan patrap ala lan anggoné ditampik umat, nanging pracaya ing sajroné kepemimpinan kang wutuh saka Kang Maha Kuwasa, manut marang tuntunan Panjenengané karo ngluhuraké asma Panjenengané.

Asma kang disebutaké déning Sang Kristus marang Gusti Allah yaiku “Sang Rama”, awit Gusti Yésus dilairaké saka Roh Suci, manunggal karo Panjenengané wiwit kelanggengan, tansah ing sajroné keselarasan karo Panjenengané , lan tansah ana ing sajroné Katresnan Panjenengané. Gusti Allah kita ana, minangka jejeré Sang Rama, lan Sang Putra, minangka Gusti Allah kang siji.

Sang Kristus nimbali Sang Rama Panjenengané minangka jejeré Gusti, dikaya pamecané Dawud, “Pangandikané pangéran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten: “Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekaké ancik-anciking tlapakanira” (Jabur 110:1). Gusti Yésus pirsa yén Rama Panjenengané iku Kang Maha Kuwasa. Panjenengané mirsani wadi kang kasingidan kanggo wong-wong kang mangan sekolah ing donya iki gegayutan kalungguhan Rama Panjenengané lan Panjenengané minangka jejeré Putra. Wong-wong kang dianggep pinter ing donya, Sekolah-sekolah, universitas, filsuf, lan agama-agama, ora bisa mulangaké babagan kamanunggalan saka Tritunggal kang suci selaras karo pepinginané lan ora bisa nampa keselametan uga manunggale Sang Roh Suci. Sindyana mengkono, Sang Kristus tetap ngersakaké nuntun kabéh wong menyang suwarga.

Atur panuwun iku tanggapan kang pantes marang pikiran lan pengalaman kang peteng lan ngrupekaké, lan bisa dadi cara kang pas agawé wong-wong iku meneng. Kidung pujian iku sarana kang kuwat banget kanggo ngangkat nyawa kang nglokro lan mitulungi ngilangi pikiran kang kalimputan rasa cuwa. Nalika ora ana jawaban kanggo kaprihatinan lan rasa wedi, dalan kanggo uwal yaiku “Kula ngaturaken panuwun, dhuh Rama”. Kareben kita ngluhuraké Gusti Allah awit Panjenengané tetap ngendhaleni sakabéhe.

Sakwisé nyingkur sarirané piyambak ing sajroné pandonga Panjenengané Gusti Yésus ngakoni yén Panjenengané iku kanca nyambut gawé ing sajroné panguwasané Allah. Awit Sang Putra wis mbangun turut mujudaké apa kang dadi keparengé Sang Rama, Sang Rama Panjenengané maringi panguwasa ing suwarga lan ing bumi. Wadi saka panguwasa iki yaiku anggoné wanuh marang Gusti Allah, Sang Rama. Ora ana wong siji waé kang wanuh Sang Rama kajaba saka wong kang urip karo Panjenengané lan manunggal ing sajroné Panjenengané uga ndhérék Panjenengané ing sajroné rancangan keselametan Panjenengané lan watonan-watonan pengadilan Panjenengané. Rama Kasuwargan iku siji; nanging Sang Kristus iku gambaran saka katresnan Panjenengané lan pratéla saka pribadi Panjenengané. Sang Kristus waé kang wanuh Gusti Allah. Ora ana nabi kang bisa wanuh marang Kang Nitahaké ing sajroné kabéh kaananan Panjenengané kajaba Sang Putra, awit Panjenengané iku siji hakikat karo Sang Rama, lan kalimputan sang Roh suci ana ing sajroné sarira Panjenengané. Ora ana kang bisa wanuh Allah kanthi cara Pribadi kajaba Gusti Yésus, kang ing sajroné Panjenengané manunggal kabéh kalimputané Gusti Allah kanthi cara badan.

Wadi kang gedhé saka Injil kang langgeng wis kasingidan lan akéh “wong-wong kang wicaksana lan pinter” kang winates ing sajroné sinau lan kawruh jagat. Sawetara saka ahli kang ngedap-edapi dhéwé lan negarawan kang gedhé dhéwé babar pisah rasa anéh gegayutan wadiné Injil. “Jagat sajroning kawicaksanané Gusti Allah ora wanuh marang Panjenengané kalawan kawasisané (I Korinta 1:21). Ora, ana lelawanan marang Injil, kang ana mung “..bebantahan-bebantahan kang asale saka kang diarani kawruh...” (I Timotius 6:20). Wong-wong kang ngedhap-edapi dhéwé ing sajroné pangertén lan kawruh kadonyan pakulinané kang telat dhéwé ing sajroné mangerti babagan prekara-prekara kasukman.

Awit pepinginan kanggo ngrasakaké panguwasa kang ana ing wong-wong iku, manungsa bisa uga mangerti temen-teman marang wadi jagat raya lan wadi bangsa-bangsa, nanging tetap ora mangerti, lan luput anggoné mangerti babagan wadi Kratoning Kasuwargan.

Beda antarané wong kang duwé wicaksana lan bayi iku diyasa déning Gusti Allah. Panjenengané waé kang nyingidaké sakabéhé iku saka wong-wong kang duwé kawicaksanan lan pinter. Panjenengané ménéhi marang wong-wong mau kabisan, lan pangertén manungsa, nanging wong-wong mau dadi gumungung, lan sumendhé marang ganjaran iku, lan ora gelem nyawang luwih adoh manéh marang kang Paring. Awit saka iku Gusti Allah kanthi adil nampik wong-wong mau gagayutan Sang Roh pamratobat lan kasunyatan. Senajana wong-wong mau krungu pawarta Injil, prekara iku keprungu anéh kanggoné wong-wong mau. Gusti Allah dudu Kang Nitahaké saka anggoné bodho lan anggoné luput, nanging Panjenengané ngejaraké wong-wong mau marang awaké dhéwé, lan dosa iku. Manawa wong-wong mau ngurmati Gusti Allah ing sajroné kawicaksanan lan kapinteran kang dadi duwéké wong-wong mau, Panjenengané bakal maringi marang wong-wong mau kawruh babagan hakikat Injil Panjenengané. Awit wong-wong mau nuruti hardaning hawa nefsuné dhéwé, Panjenenengé wis nyingidaké atiné saka kawruh iki.

Kita maca yén Sang Kristus mratélakaké wadi babagan Gusti Allah minangka jejeré Sang Rama marang sapa waé kang dadi karsa Panjenengané. Panjenengané sejatiné kagungan karsa kabéh wong diselametaké, nanging ora kabéh wong kepéngin nampani Sang Rama, Putra lan Roh Suci, lan ora gelem disucékaké déning nugrahané Allah. Sang Kristus ora bisa maringi marang manungsa apa kang wis dicawisaké Panjenengané kajaba manawa wongwong mau mbuka atiné marang Panjenengané.

PANDONGA: Rama Kasuwargan, kawula ngluhuraken Paduka, awit ing wekdal Sang Kristus wonten ing jagat menika, Paduka mratélakaken sarira Paduka dhumateng para bayi ingkang ringkih lan mboten dhumateng para tiyang ingkang nalikti kanthi kebak sesingidan ingkang gadhah pemanggih badanipun mboten mbetahaken pamratobat. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit sampun nimbali kawula, mbikak mripat lan manah kawula, lan maringi kawula kawruh babagan kasunyatan gegayutan Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci- Gusti Allah ingkang Tunggal. Tulung bikak manah kathah tiyang ing pundi-pundi griya lan sekolah kawula kanthi makaten tiyang-tiyang mboten tetep wonten ing salebetipun wuta lan wangkot manahipun, ugi dhawah ing tanganipun pengawak dursila.

PITAKONAN

  1. Kepiye Sang Kristus wanuh Gusti Allah dikaya Gusti Allah wanuh karo Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:22 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)