Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 117 (Rest in Christ)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

d) Timbalan Ngaso ing Sajroning Sang Kristus (Matéus 11:28-30)


MATÉUS 11:28-30
28 He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrénéa, Aku bakal gawé ayemmu. 29 PasanganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowé bakal padha oleh ayeming nyawamu. 30 Amarga pasangaKu iku kapénak lan momotanKu iku énthéng.
(Yérémia 6:16; 31:25, Yésaya 28:12, 1 Yokanan 3:5)

Sang Kristus nimbali kabéh wong ing sajroné kamanunggalan Tritunggal kang suci, awit ora ana kalegan kanggoné nyawa kita kajaba kanthi manunggal ing sajroné Gusti Allah kang bener. Gusti Yésus nimbali kabéh wong, malah wong-wong kang rumangsa marem marang awaké dhéwé lan gumungung atas apa kang ditindakake. Nanging wong-wong mau ora bakal nampa uleman Sang Kristus, awit wong-wong mau ora wanuh alesan atas prekarané lan anggoné cemer ing atiné. Wong-wong kang mratobat iku kang wanuh kabutuhané lan wong-wong iku kang nanggapi timbalané Sang Kristus. Kayangapa ngéram-éramaké yén wong-wong kang sugih, para pemimpin para kang nglungguhi kalungguhan negara ora cepet-cepet nampa Sang Juru selamet. Ya mung wong-wong kang mlarat, kang tiba, lan wong-wong dosa kang temen-teman kepéngin ngrungokaké sang Panglipur. Apa panjenengan wanuh kanthi cara pribadi, sedulur? Apa panjenengan wis krungu timbalan saka Sang Kristus, Sang Juru selamet, kang nimbali kabéh wong? Panjenengané iku siji-sijiné Pribadi kang duwé panguwasa lan kabisan supaya ngangkat kabéh prekara, lan nguwalaké saka dosa lan lelara, saka paukuman lan pati, lan saka Iblis lan bebenduné Allah. Sang Kristus iku Sang Juru selamet kang kagungan panguwasa kang ora bakal tau nampik kabéh kang nggoléki Panjenengané nanging bakal ngulemi sakabéhé kanggo cepet-cepet lan masrahaké momotané marang Panjenengané supaya wong-wong mau dimerdekaake.

Kabéh kang ngreti dosa minangka momotan lan sambat kapenet ing Pranatan nampani uleman supaya ngaso ing sajroné Sang Kristus. Wong-wong iku ora mung yakin babagan piala dosa-dosané nanging temen-temen anggetuni. Wong-wong iku yaiku wong-wong kang bosen karo dosa-dosané kesel saka anggoné leladi marang jagat lan kang asipat daging, lan ndeleng yén kahanan dosané banget déning njemberi lan mbebayani.

Gusti Yésus Kristus bisa, lan bakal, ménéhi jaminan kalegan marang nyawa kang ora duwé daya, kang kanthi imané kang urip sowan marang Panjenengané. Wong-wong bakal “ngaso” saka panguwasa dosa supaya bisa nampeni anggoné dipulihaké nyawané. Wong-wong bakal “ngaso” ing sajroné Gusti allah lan nampeni tentrem rahayu kanggo nyawané ing sajroné katresnan Panjenengané (Jabur 11:6-7). Ya mangkené iki ngaso kang dicawisaké kanggo umat Allah (Ibrani 4:9). Iki ngaso kang disempurnakaké ing sajroné kamulyan.

Kanggo nimbali wong-wong kang sayah lan duwé momotan abot supaya wong-wong iku nambahaké momotan atas wong-wong iku, katoné kaya nambahaké kasangsaran marang wong kang lagi nandang sangsara, nanging kunci saka dhawuhé sang Kristus ana ing tembung “Ku”. “Kowé kamomotan momotan kang agawé krasa sayah, uculana iku lan cobanen pasangan momotan saka Aku, kang enteng”. Para abdi disebutaké “nyangga gawéning..” (I Timotis 6:1), lan kawula saka Raja manggul momotan (I Raja 12:10), nanging kanggo ngangkat momotan kang saka Sang Kristus, tegesé mapanaké kita ing sajroné kalungguhan abdi lan kabawah Panjenengané. Kita sebanjuré duwé tata laku selaras karo telenging ati kang kapengaruh pambangun turut marang kabéh dhawuh lan tuntunan Panjenengané. Kuwi ateges duwé rasa mbangun turut kang dilandhesi kasenengan marang karsa Panjenengané mbangun turut marang Injil Sang Kristus, lan ngasoraké awaké kita mbangun turut marang Gusti.

Dina kang ala lan kebak kaculikan. Pangapura dosa waé ora cukup kanggo kita. Kita prelu duwé kekuatan kang yasa urip kang anyar ing sajroné urip kita. Sang Kristus manunggal karo Sang Rama ing sajroné keselarasan kang sempurna, lan Panjenenané nunggalaké kita marang patunggalan iku kanthi mengkono kita bisa urip karo Panjenengané. Yaiku jalarané Panjenengané nyelehaké pasangan Panjenengané atas kita. Manawa kita pracaya lan urip kanthi Putra Allah kabawah siji pasangan, kita bakal dirubah manut katresnan Panjenengané lan nemokaké kalegan kang sejati kanthi telenging ati kang resik, awit ora bakal ana manéh kalegan kajaba ing sajroné Sang Kristus.

Ora ana wong siji waé kang temen-teman merdika. Kabéh manungsa mesti dadi abdi, becik abdi dosa uga kanca saknasip manggul pasangan Kristus. Wong kang ditunggalaké lumantar iman karo Sang Rama dituntut ndhéréké Panjenengané lan karsa Panjenengané. Sang Kristus nglatih kita supaya nuladha Panjenengané lan niru patuladhan Panjenengané. Panjenengané mulangaké babagan kang luhur marang kita. Panjenengané temen-teman alus bebudené lan nuduhaké karsa Panjenengané marang Sang Rama Panjenengané. Panjenengané andhap asor, kanthi agawé Panjenengané ngrasuk kabéh kaluhuran Panjenengané. Manawa panjenengan manunggal karo Gusti Yésus, Panjenengané bakal nguwalaké panjenengan saka patrap wangkot, watek gumunggung lan patrap medit. Panjenengané bakal ngrubah panjenengan dadi manungsa anyar, wong kang kebek katresnan kanthi mangkono panjenengan bisa mluku jagat bebarengan karo Sang Kristus kang bakal manunggalaké panjenengan karo Gusti Allah. Panjenengané ngersakaké nglegakaké rasa ngelak panjenengan kanthi katentreman kasukman.

Sang Kristus ngandika, “padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowé bakal padha oleh ayeming nyawamu.” Panjenengan takokaké marang awak panjenengan, apa panjenengan kepéngin dirubah lan urip ing sajroné lembahing budi, masrahaké urip panjenengan marang Sang Kristus? Apa panjenengan kepéngin dadi andhap asor lan nganggep awak panjenengan kang cilik dhéwé lan kang ala dhéwé saka antarané wong-wong dosa? Sebanjuré Sang Kristus bakal maringi panjenengan katrenreman Panjenengané lan kalegan sasuwéné panjenengan manunggal Panjenengané manggul pasangan kang padha.

Panjenengané alus lembah ing budi, lan kagungan sih kawelasan marang kang ora duwé pangertén, kang agawé wong-wong liya nesu marang Panjenengané. Akéh guru kang ngedap-edapi kesusu lan cepet nesu, kang sebanjuré banget medeni kanggo wong-wong kang telat mikir lan bodho. Nanging Sang Kristus ora mung sabar marang wong-wong mau, nanging nresnani wong-wong mau, lan mbukak pemahamané. Sikep Panjenengnae marang rolas murid dadi bukti perkara iki. Panjenengané andhap asor lan sabar marang wong-wong mau, lan nampani kang apik dhéwé saka wong-wong mau, senajana wong-wong mau banget déning telat mikir lan gampang lali. Panjenengané ora cepet ngakimi wong-wong mau minangka wong kang bodho.

Siji-sinie cara kang gumathok kanggo nemokaké kalegan kanggo nyawa kita yaiku ing ngarsané Sang Kristus lan ngrungokaké Sabda Panjenengané. Kalegan ditemokaké ing sajroné anggoné wanuh marang Gusti Allah lang marang Gusti Yésus Kristus, lan nyawa bakal diparingi kalegan kanthi cara luber-luber ing sajroné nemokaké kawicaksanan ing sajroné Injil, kang wis digoléki lan ora ditemokaké déning kabéh titah. Kayektén kang diwulangaké Sang Kristus iki sawijining kang kudu kita pracaya kanthi nyawa kita.

Yaiki reringkesané lan hakikat saka timbalan lan anggoné nawakaké Injil. Kita diparingi ngreti kanthi ringkes babagan apa kang dikersakaké Gusti Yésus saka kita, lan iku selaras karo apa kang dingandikaaké déning Gusti Allah gegayutan Panjenengané “Yaiki PutraKU, marang Panjenengané waé aku kepareng. Rungokna Panjenengane”

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus Kristus, kawula ngluhuraken Paduka awit sampun nimbali kawula pribadi. Kawula énggal nyuwun pangapunten babagan dosa saking Paduka. Kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka sampun ngangkat sadaya momotan kawula lan mratélakaken dhumateng kawula Rama. Paduka sampun andadosaken kawula minangka para putra Panjenenganeipun, lan Paduka nuntun kawula dhumang sarira Paduka kanthi makaten kawula saget lumampan kaliyan Paduka lan leladi Paduka. Paduka pitulungi kawula supados mboten nilaraké Paduka, nanging ndhérék Paduka saben wekdal kanthi makaten Paduka saget ngribah kawula dados kados dené gambaran Paduka ingkang andhap asor lan lembah manah.

PITAKONAN

  1. Apa pasangan saka Sang Kristus kang dikarsakaké diselehaké atas awak kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:21 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)