Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 115 (Jesus Rebukes the Unbelieving)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

b) Gusti Yésus Nenetah Kutha Kang Ora Pracaya (Matéus 11:20-24)


MATÉUS 11:20-24
20 Sakwisé mangkono gusti Yésus banjur wiwit nenetah marang kutha-kutha kang ora mratobat, sanadyan Gusti anggoné nindakaké mukjijat kang akéh dhéwé ana ing kono: 21 “Bilai kowé Khorazin, bilai kowé Betsaida, sabab manawa ing tirus lan ing Sidon iya kalakon ana mukjijat-mujijat kaya kang wus kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyen-biyen anggoné mratobat lan manganggo bagor sarta awu. 22 Nanging Aku pititur marang kowé: Besuk ing dina pangadilan kang kasangga déning Tirus lan Sidon bakal luwih entheng tinimbang kowé. 23 Apadené kowé Kapernaum, apa kowé bakal kaluhuraké nganti sundhul ing langit? Ora, kowé bakal kacemplungaké ing teleng palimenganing pati. Sabab manawa ing Sodom kalakon ana mukjijat-mukjijat sing tumindak ana ing tengah-tengahmu, kutha iku mesthi lestari tekan saprené. 24 Nanging Aku pitutur marang kowé: Besuk ing dina pangadilan kang kasangga déning tanah Sodom bakal luwih entheng katimbang karo kowé.
(Yunus 3:6, Yésaya 14:13, 15; Lukas 10:13-15)

Sawijining masyarakat bisa kaperang ing sajroné kelompok wong-wong becik lan wong-wong ala, wong-wong kang kinurmatan lan wong-wong kang nggolék prekara; wong-wong dosa lan wong-wong bener. Wong kang nampa lan nyekeli tingkat kang dhuwur utawa kalungguhan pemimpin kang kinurmatan nganggep awaké luwih dhuwur tinimbang wong-wong kang mlarat lan lugu. Nanging, Sang Kristus, kang nresnani kabéh uwong, duwé ukuran kang beda.

Ing sajroné nutuh marang kutha-kutha, Gusti Yésus mulangaké yén ukuran kita kang mengkono iku dhasaré luput. Tirus lan Sidon, dadi conto loro kutha penting kang dadi punjering manembah marang brahala. Para ahliné bombong banget marang reca brahalané lan manembah marang brahala-brahala mau, awit wong-0wong iku ora wanuh gusti Allah kang gesang.Awit anggoné ora ngertiné lan anggoné manembah brahalané Sang Kristus ngandika yén paukuman kanggoné wong-wong ing loro kutha mau bakal luwih entheng tinimbang karo kutha-kutha kang wis tau ndeleng Panjenengané lan krungu pangandikan Panjenengané nanging ora gelem nampa lan pracaya marang Panjenengané. Nampik Sang Kristus iku dosa kang paling gedhé ing jagat iki, awit saka iku ateges nampik katresnan, nugraha, kawilujengan, lan pangapuraning Allah, kang pungkasané bakal nuntun wong-wong mau marang anggoné nampik Rama kasuwargan piyambak. Kabéh manungsa, ora prelu mangu-mangu kahanané cemer, lan pantes diukum, nanging rah Sang Kristus nyuceni kita saka kabéh dosa kita, lan Roh Suci ngrubah wong-wong kang ala dadi wong-wong suci. Cilaka sing sapa kang nyepelekaké nugrahané Gusti Allah ing sajroné Sang Kristus, awit neraka wis kapratélakaké kanggo kabéh wong kang nampik Sang Putra kang Mahaluhur.

Panerak kang gedhé dhéwé ing mangsa Sang Kristus ditindakaké ing Kapernaum, kutha mapané Sang Kristus, ana kono Panjenengané nindakaké sapérangan gedhé kaélokan. Sapérangan gedhé wargané ora pracaya marang Putra Allah kang ana ing tengah-tengah wong-wong mau. Wong-wong mau ora pracaya marnag Panjenengané senajana wong-wong mau wis ndeleng katresnan anggoné dadi manungsa. Wong-wong mau ora pracaya marang Panjenengané senajana wong-wong mau wis ndeleng katresnan anggoné panjenengané dadi manungsa lang krungu pangandikan Panjenengané kang kebak panguwasa. Wong-wong mau ora prihatin atas dosa-dosané lan Sang Kristus melehaké anggoné wangkot lan nyebut wong-wong mau luwih nistha tinimbang karo Sodom, kang kaukum kanthi dukaning Allah awit anggoné cemer. Hakim kang langgeng piyambak wis ménéhi mangerti marang wong-wong Kapernaum babagan paukumané lan nemtokaké yén anggoné ora pracaya iku dosa kang luwih gedhé tinimbang karo homoseksualitas.

Wulangan gedhé kang diwulangaké déning Yokanan Pambaptis, Sang Kristus lan para rasul yaiku babagan pamratobat. Tujuwan saka pamratobat, becik ing sajroné pratéla uga kanthi prihatin, yaiku kanggo nuntun manungsa ngrubah pikiran lan kang dilakoni ing urip, supaya ninggalaké dosané lan kanthi rila legawa manembah marang Gusti Allah. Manawa wong-wong nindakaké mengkono iku mula wongwong mau ora bakal digawa menyang karusakan langgeng.

Sang Kristus ngelikaké kutha-kutha awit dosané supaya Panjenengané bisa nuntun wong-wong mau marang pamratobat, nanging nalika wong-wong ora gelem mretobat, Panjenengané nutuh wong-wong mau awit nampik wong-wong mau diwarasake.

Bilai kutha kita lan karo sing manggon, manawa ora gelem nampa Sang Kristus senajana wis mirengaké pangandikané Gusti Allah lumantar radio, buku utawa paseksen wong-wong pracaya kang ana ing antarané wong-wong mau. Pengadilan luwih cerak marang wong-wong tinimbang karo kang wong-wong mau angen, lan Sang Kristus, Hakim kang langgeng iku wis ménéhi pepeling. Apa panjenengan mbangun turut marang timbalan pamratobat saka Sang Kristus? Apa panjengan eling babagan tanggel jawab kasukman panjenengan?

PANDONGA: Rama kawula kang suci, kawula manembah Paduka lan mratobat kanthi tetesan eluh kawula atas patrap lepat kawula. Kawula nyuwun pangapunten saking Paduka atas iman kawula ingkang alit lan ringkih. Paduka paringi kamardikan saking anggen kawula bodo lan Paduka sucéni niat kawula supados kawula saget nampi putra Paduka kanthi kawilujengan saking Paduka, kebakana kanthi Sang Roh suci, lan nyeksekaké kanthi tinarbuka babagan pengadilan ingkang badhé dumugi kanthi makaten sadaya tiyang badhé mratobat.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Sang Kristus nganggep wong kang ora pracaya marang Panjenengané luwih nistha tinimbang Sodom lan Gomora?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:22 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)