Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 114 (Answer to the Baptist’s Disciples)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

a) Jawabané Gusti Yésus marang para murid Nabi Yokanan (Matéus 11:2-29)


MATÉUS 11:16-19
16 Dakupamaké apa golongan iki? upamané kaya bocah-bocah kang lelungguhan ana ing pasar, celuk-celuk kancané mangkéné: 17 Aku wis ngunekaké suling, kowé kok ora padha njoget. Aku wis padha ngidungaké kidung pangadhuh, nanging kowé ora padha tangisan. 18 Sarehning Yokanan tekané ora mangan ora ngombe, banjur diarani wong kepanjingan sétan. 19 Tekané Putraning Manungsa nganggo mangan lang ngombe kok unie wong: Delengen kuwi, wong grangsangan lan seneng ngombe anggur, kancané para juru mupu beya lang wong dosa. Nanging kawicaksananing Pangéran iku anggoné kabeneraké marga saka pandamele”.
(Yokanan 2:2; 5:35, 1 Korinta 1:24-30)

Wong akéh sowan marang Sang Kristus, nanging ora krana kumandel, lan mung kepéngin ndeleng kaélokan. Wong-wong mau wis lunga menyang ara-ara samun kanggo nemoni Nabi Yokanan, wong manca kang nimbali bangsa iku supaya mratobat lan dibaptis. Nanging akéh-akéh saka wong-wong mau ora ninggalaké anggoné nindakaké piala, lan nerusaké anggoné ewa. Wong-wong mau moyoki, maido Nabi Yokanan awit Nabi Yokanan nyiksa awaké lan ngajak wong liya supaya nyingkur awaké dhéwé. Sebanjuré wong akéh mau moyoki Sang Kristus, awit Panjenengané ndhahar lan ngunjuk kaya wong-wong liya, lan srawung karo wong-wong kang dianggep dadi wong-wong dosa lan mbalelo supaya wong-wong mau nampeni wewengan supaya diselametake. Akéh wong nuntut kasenengan saka Yokanan Pambaptis, lan kaprihatinan saka Sang Kristus. Wong-wong mau ora tau bisa wanuh wadi timbalané awit patrape kang kaya bocah cethek lan bodo.

Sang Kristus ngarani wong-wong lelamisan minangka “putra-pura” awit wong-wong mau ora wanuh kasunyatané urip. Wong-wong mau dolanan lan sesambat, nanging ora ngerti alesané atas pati, béloké dosa, utawa cancangan saka iblis kang wis ngunjara wong-wong mau. Wong-wong mau ora ngenténi Sang Kristus lan keselametan saka Panjenengané awit wong-wong mau nganggep awaké mursid lan bener. Nanging, wong-wong kang pracaya marang Sang Kristus ngerti sawijining prakara babagan wadi jagat raya, yén Gusti Allah iku sumber panguripan, yén Panjenengané iku Ramané Pribadi kang ngapura, lan kang paring urip langgeng ing sajroné Putra Panjenengané Yésus. Wong-wong mau nampani panguwasa Roh Ilahi saka anggoné maca Injil, lan urip langgeng ing tengah-tengah jagat kang lagi mungkur.

Akéh-akéh wong-wong maju bodho, crobo lan ora bisa nggatekaké dikaya sipate bocah. Manawa waé wong-wong mau nuduhaké awaké minangka wong kang duwé kawruh, bakal ana pangarep-arep kanggo wong-wong mau. Papan reja ing ngendi wong-wong mau lungguh utawa ngadek mung papan keset, lan kanggo wong-wong mau mung papan usaha kadonyan waé. Kanggo sakabéhé papan iku mung papan kang kebak karo suwara mbengungung lan kang nyimpang. Manawa panjenengan nakokaké jalaran apa sebabé wong-wong mau mung entuk sethithik banget saka nugrahané Allah, panjenengan bakal nemokaké kang dadi jalarané iku awit wong-wong mau banget déning gemblung kanggo nggatekaké, utawa awit sirah, tangan lan atiné kebak karo sipat kadonyan, kang sebanjuré bakal “njepit pangandikan, lan pungkasané njepit nyawané dhéwé. Awit yaiku wong-wong mau ana ing papan reja, lan wong-wong mau lungguh ing kana. Ing sajroné prekara-prekara iku wong-wong mau ngayemaké awaké, lan karo sakabéhé iku wong-wong mau nerusaké uripe.

Apa panjenengan ngersakaké gusti Yésus kang dadi priyayi kang paring kamardikan marang jagat, abungah-bungah nalika krungu asma Panjenengane? Utawa apa panjenengan isih melu si pengawak ala, kang gemeter wedi nalika krungu suwara Gusti Yésus apa anggoné ati panjenengan ayem gumantung marang pawarta kang panjenengan tampa dina iku? apa panjenengan gumantung karo TV? Utawa, apa panjenengan nresnani Gusti Allah, cemawis sumendhé marang Panjenengané lan ngenténi karo banget babagan rawuhé Sang Kristus kang kaping pindho? Apa panjenengan dikuwasani jagat iki lan mung duwé pepinginan nglumpukaké kabéh kang tanpa guna dhuwit lan dosa, ngguwak wektu panjenengan kang aji? Utawa apa panjenengan arep masrahaké awak panjenengan marang karsané Sang Raja kabéh Raja, kanthi mangerti yén panjenengan kudu masrahaké jawaban atas saben detik kang panjenengan enggo ing sajroné urip panjenengan? Sang Kristus ngajak panjenengan ing sajroné Kraton Panjenengané kanthi mengkono panjenengan bisa kapenuhan Sang Roh Suci, lan ngasilaké akéh woh.

Ing sajroné pasemon dicethakaké babagan bedané watek-wantu saka anggoné leladi Yokanan Pambaptis lan anggoné leladi Sang Kristus, kang dadi loro semburan cahyo saka turunan iku. Yokanan teka kanthi ulat surem, ora mangan lan ora ngombe, lan ora katon ing sajorné pirembugan saktléraman saé, lan ora mangan panganan kang lumrah, nanging ndhéwé, ing ara-ara samun, ing ngendi “panganané walang lan madu alas”. Prekara kang mengkono, bisa uga ana kang duwé pikiran, bakal nrenyuhaké atiné wong, awit wong kang duwé tata laku mengkono mesti urip selaras karo wulangané. Para wong kang leladi kang mraktekaké apa kang diwulangaké mesti bakal gampang dingreti, nanging malah para peladen kang mengkono pisan ora tansah bisa kasil.

“Putra Manungsa rawuh dhahar lan ngombe”. Panjenengané ngandika marang wong-wong. Sang Kristus nganakaké pirembugan karo maneka jinis wong, ora kacancang marang sawijining ukuran tertamtu. Panjenengané banget aduwé patrap memitran lan gampang ditekani, ora ngedoh saka golongan tartamtu, lan malah kala-kala rawuh ing bujana, becik karo wong-wong Farisi uga karo juru mupu beya. Wong-wong kang ora seneng marang mrengute Yokanan Pambaptis bisa uga bakal kadudut atiné marang eseme Sang Kristus. Katoné Paulus sinau saka prekara iki kanggo “kanggo kabéh wong aku wis dadi samudayané (I Korinta 9:22). Saiki Gusti Yésus, ing sajroné kamardikan Panjenengané babar pisan ora melehaké Yokanan, senajana watak wantu loro-loroné beda banget.

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun awit Paduka maringi dhumateng kawula kelairan énggal kanthi cara kasukman kanthi makaten kawula saget tepang katresnan Paduka. Paduka manunggalaken kawula kalian putra Paduka kanthi makaten kawula saget lelados tiyang-tiyang ingkang ical kanthi panguwaos sang Roh Suci. Paduka apunten kawula menawi kawula nyepelekaké timbalan Paduka lan sampun dikuwasani déning raos kuwatos jaman menika lan raos ajrih kadonyan. Paduka tuntun tetingalan kawula dhumateng putra Paduka ingkang badhé rawuh kanthi makaten kawula mboten asikep kados lare-laré, nanging supados kawula nyawisaken margi kanggé karawuhanipun ingkang kebak kaluhuran lan Panjenenganipun ingkang badhé rawuh.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Gusti Yésus mbandhingaké wong-wong ing jaman iku karo bocah-bocah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on May 03, 2023, at 07:52 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)