Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 081 (Wise Man and Foolish Man)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
4. Kesimpulan Angger-Anggering Kraton Suwarga (Matéus 7:7-27)

f) Wong Wicaksana Lan Wong Bodo (Matéus 7:24-29)


MATÉUS 7:24-27
24 “Mulané saben wong kang ngrungokaké pituturKu lan banjur dilakoni, iku kayadené wong pinter, kang ngadegaké omahé ana ing padhasan. 25 Bareng udan deres, banjur banjir sarta ana angin gedhé, kang nempuh omah mau, nanging ora ambruk, amarga katelesan ing padhasan. 26 Nanging saben wong kang ngrungokaké pituturKu mangka ora dilakoni, iku upamané kaya wong kang gemblung, kang ngadegaké omahé ana ing pawedhen. 27 Bareng udan deres, terus banjir, sarta ana angin gedhé, kang nempuh omah mau banjur ambruk lan banget rusake.

Panjenengan bakal gampang banget diserang prahara lan barat becik moral panjenengan utawa kang dumadi ing saben dina, awit pikiran kita kang kakuwasané kebandan kabawah bebendhuné Allah. Kang Maha Kuwasa wis wis mundhut bali tentrem rahayu Panjenengané saka jagat iki. Kita urip ing mangsa cilaka sadurungé rawuhé Sang Kristus kang kapindho. Manawa ana kang kandha “Tentrem rahayu kanggo panjenengan.” Mula wong iku lagi ngimpi, awit gusti Allah perang lumawan wong-wong dosa kang mentingaké awaké dhéwé. Rasa sengit tambah-tambah, kurang mangan baris nyerang lan dosa gedhé banget umum ing masyarakat kita. Kepiyé panjenengan ngadeg, para sadulur wadon lan lanang, ing tengah-tengah mangsa kasangsaran kang banget nggegirisi iki?

Sang Kristus wis paring wangsulan panjenengan kanthi pangandikan kang banget déning nglipur, “AnggonKu mulangaké iku mau kabéh marang kowé iku, supaya kowé padha oleha tentrem rahayu ana ing Aku. Ana ing donya kowé padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahaké donya” (Yokanan 16:33). Aja wedi, awit Panjenengané wis wungu manéh saka séda lan maringi panjenengan landhesan kang kuwat kanggo mangsa tembe panjenengan lan rerenggan kanggo macak kang luwih larang saka watu rubi, yaiku Injil kang suci kang ing sajroné panjenengané nemokaké panguwasa kango urip lan pati, kanggo makarya lan ngaso, kanggo kabungahan lan kaprihatinan. Ing sajroné Injil panjenengan bisa nemokaké obat kasukman kanggo kabéh panggebluk lan lelara panjenengan. Manawa panjenengan nggunakaké pangandikané Gusti Allah iku kanggo semboyan ing sajroné panguripan panjenengan mula panjenengan bakal dadi pinter lan wicaksana. Ora bakal ana kang bisa ndoyongaké panjenengan, lan panjenengan bakal ngadeg jejeg tanpa kaganggu ing tengah-tengah banjir bebenduné Allah kang nempuh, awit panjenengan wanuh sabda pangandikané Gusti Yésus kang mratélakaké marang panjenengan, “He, ngger, sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura.”(Matéus 9:2) Sang Kristus iku siji-sijiné landhesan kang kuwat kanggo mangsa tembe panjenengan.

Cilaka wong kang mbangun panguripané kanthi landhesan falsafah kang ora dilandhesi déning kayu Salib, awit wong-wong mau ngakali Gusti Allah lan matur marang Panjenengané bab kaunggulan lan kasiling manungsa lumantar pambudidayané dhéwé. Wong-wong mau nggedhékaké awaké nganti mbledhos. Sebanjuré pungkasané wong iku bakal ngerti yén ora ana babar pisan kabecikan saka awaké dhéwé. Wong iku mlayu tanpa pengarep-arep, cilik ati kakanthenan rasa wedi, énggal nekani saben pemimpin palsu kan ora setyo. Wong-wong mau tembung-tembungé kang kothong kang agawé wong-wong mikiraké maneka angenan kothong. Wong akéh kang ora sinau lan cekelan marang Injil kayektén bakal dadi mangsa kang gampang kanggo Krisus palsu lan nabi palsu, lan nalika wektu kang padha, uga dadi wong kang nyenyamah Sang Rama kasuwargan kang wis nresnani lan nebus wong-wong mau.

Nanging panjenengan wanuh Swara Pangon kang Becik iku kang ora nguwuh utawa mbengok, nanging ngayomi lan njaga para pandhérék Panjenengané lumantar kayektén Panjenengané salawase. Panjenengané nguwataké para pandhérék Panjenengané supaya nindakaké pangawéan becik kang asale saka panguwasa katresnan lan anggoné Panjenengané sabar. Ora ana wong siji waé kang bisa ngrampas para pandhérék Panjenengané iki saka Asta Panjenengané. Panjenengané lan Sang Rama iku siji, lan ora ana siji waé kang bisa ngrampas kita saka asta Rama kasuwargan kita (Yokanan 10:28). Sang Kristus urip lan nyepeng pemerintahan bebarengan karo Rama Panjenengané lan Sang Roh Suci, Gusti Allah kang tunggal, salawas-lawase. Panjenengané bakal rawuh manéh sakcepete tujuwané nggawa kabéh wong kang pracaya lan kang atindak selaras karo Injil Kraton Panjenengané. Para pandhéréké ngenténi Panjenengané kanthi banget, nglencengaké dalan kanggo Panjenengané kanthi patrap kang murni lan misusungaké marang Panjenengané woh-woh Roh suci Panjenengané. Kabéh manungsa liya bakal gemeter awit wedi, “Saupama waé kita ngrungokaké Injil lan pracaya marang Sang Kristus, mula kita bakal diselametake. Nanging saiki bebenduné Allah bakal ngadili kita, lan nasib kita ing neraka salawase”

MATÉUS 7:28-29
28 Kacarita, bareng Gusti Yésus wus mungkasi pangandikané iku mau, wong kabéh padha gumun banget marang piwulange, jalaran anggoné mulang kaya kang kagungan panguwasa, ora kaya para ahli Torét.
(Yokanan 7:16;46; Para Rasul 2:12).

Sang Kristus iku manungsa sejati lan Allah kang sejati, lan kabéh pangandikan Panjenengané ngandhut panguwasa. Pangandikan Panjenengané bisa ngrubah ati kang wangkot, nylametaké wong-wong kang ngelih babagan kayektén lan nyarasaké ati kang tatu. Kita dina iki duwé hak luwih-luwih supaya ngedum Injil panebusan marang sedulur-sedulur kang ngelak prekara iku, uga nyethakaké kaagungan kabecikané saka sang Juru selamat kita kang ora ana bandhingané kang bakal dadi Hakim kang langgeng ing pengadilan pungkasan.

Wartakna kasampurnan pangandikané Allah ing sakiwa tengan ing ngendi panjenengan mapan kanthi mangkono akéh wong bakal diselametaké ing jaman pungkasan iki. Aja ngunggulaké kawruh kapinteran panjenengan utawa kabisan panjenengan. Luhurna Sang Rama lan Sang Putra ing sajroné panguwasa Roh Suci, Gusti Allah kang esa, lan panjenengan bakal ngrasakaké apa kang dingandikaaké Gusti Yésus, “Lah, Aku tansah nunggal karo kowé, nganti tumeka ing wekasaning jaman” (Matéus 28:20).

PANDONGA: Dhuh Rama kang Suci, kawula ngaturaken panuwun awit Paduka sampun paring ilham dhumateng para rasul kanthi pangandikan kawilujengan kanggo kawula lan maringi kawula wewengan ingkang éndah kanggé mlebet ing salebeitpun janji Paduka lan paring prenatan Injil Paduka. Paduka sampun milujengaken kawula lumantar rah Putra Paduka lan maringi kawula gesang kanthi panguwaos Paduka. Paduka jangkung kawula ing salebeting Katresnan Paduka. Paduka berkahi sadaya tiyang ingakng kangen bab kawilujengan Paduka lan agem kawula kantyhi sih rahmat Paduka kanthi makaten sage nyebaraken Injil panebusan ing sakiwa tengah kawula, kanthi makaten kawula saget nyawisaken margi kanggé rawuhipun Pura Paduka ingkang Paduka sihi.

PITAKONAN

  1. Apa kang dadi landhesan kang kuwat kanggo panguripan panjenengan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 02:37 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)