Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 080 (Application of the Law)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
4. Kesimpulan Angger-Anggering Kraton Suwarga (Matéus 7:7-27)

e) Trap-trapan Prenatan kanthi Panguwasané Sang Roh Suci (Matéus 7:21-23)


MATÉUS 7:21-23
21 Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni sakarsané RamaKu kang ana ing swarga. 22 Ing dina wekasan bakal akéh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula boten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontekan mukjijat kathah atas asma Paduka? 23 Ing wektu iku bakal padha dakblakani mangkéné: Aku durung tau wanuh karo kowé. Padha sumingkira saka ing ngarepKu, he, wong kang padha gawé duraka”.
(Matéus 25:14-30; Lukas 13:25-27; Rum 2:13; Yakobus 1:22)

Sang Kristus wis nylametaké panjenengan kanthi mengkono panjenengan bisa urip kanthi kabungahan selaras karo prenatan Panjenengané. Iman panjenengan marang Sang Juru selamet nyambungaké panjenengan karo Panjenengan. Anggoné séda Panjenengané mbeneraké panjenengan kanthi mengkono panguwasané Sang Roh Suci bisa manunggal ing sajroné urip panjenengan. Sebanjuré kepiyé panjenengan bisa yakin yén panjenengan iku putra Allah?

Anggoné panjenengan ana lan dadi kagungané Gusti Allah iku timbul lumantar pandonga, awit para putra Allah ora tansah nguwuh manawa lagi ndedonga kaya agama-agama liya, “Gusti, Gusti”. Para putra Allah sambat marang Gusti Allah, “Rama kawula ingkang wonten ing kasuwargan.” Sang Roh Suci nyeksekaké marang roh panjenengan, yén gusti Allah kuwi Sang Rama panjenengan lan kita iki para putrané. Wong-wong kang masrahaké kabéh prekara lan malah awaké dhéwé ing asta Panjenengané tansah pracaya marang panjangkung Panjenengané mratobat lan dadi semangat ana ing sajroné pakaryan leladi Panjenengané. Wong -wong mangkené iki mlebu luwih jero ing sajroné pawarta becik saka Injil lan tuwuh ing sajroné keyakinan, katresnan lan pengarep-arep. Sang Kristus ora nguwalaké kita kanggo nganyaraké patrap piala nganggo kekuwatan kita dhéwé, nanging supaya masrahaké awk kita marang Sang Roh Suci kang mujudaké dadi titah anyar karo sakabéhé wohé ing sajroné urip kita. Panjenengané nuntun kita ing sajroné gereja Panjenengané minangka anggota kang terus leladi lan andhap asor.

Ing sawijining wektu ana wong apus-apus kang wiwit pracaya marang Sang Kristus. Kanca-kancané sadurunge, kandha yén wolung puluh persen saka apa kang dikandhakaké yaiku nggedhék-nggedekaké, nanging sakwisé pamratobate, salah siji kancané kandha yén mung roh puluh persen saka tembungé iku nggedhék-nggedekake. Wong pracaya kang remuk atiné iku rumangsa seneng banget. Wong iku nyuwun marang Sang Kristus kanthi nangis supaya Panjenengané nyalametaké awaké sawutuhé saka pakulinan nggedhék-nggedhékaké lan agawé dhéwéké bener ing sajroné saben tembung lan tulisané lan tulus ing sajroné uripe sawutuhe.

Manawa panjenengan duwé karingkihan utawa kekurangan ing sajroné watek wantu panjenengan, panjenengan sebutaké iku marang Sang Kristus. Akoni kanthi pamratobat lan nyuwuna Panjenengané nyarasaké lan nyucékaké panjenengan, sebanjuré tinggalké, kanthi tekad lan kekuwatan, saben panerak.

Panjenengan mapan ing sajroné Sang Kristus bisa dumadi lumantar anggoné nyelaki awak panjenengan, awit ora ana kabecikan apa waé sing asale saka awak dhéwé. Aja gumunggung, awit gumunggung iku dosa iblis. Aja mbudidaya nundhung roh kang ngrasuki wong karo nggunakaké kekuwataning manungsa panjenengan supaya roh iku metu lan sebanjuré ngrasuki panjenengan. Sang Kristus waé kang bisa nundhung roh cemer lumantar Sang Roh Suci. Kala-kala Gusti nggunakaké paseksen kita kang tulus kanggo nguwalaké lan nylametaké wong-wong kang dadi bandan.

Gusti nimbali panjenengan supaya dadi seksi kang setyo saka pakaryan Panjenengané dina iki. Aja nyuwun saka Panjenengané pangertén kang ora prelu bab mangsa tembe, kepéngin ngerti luwih saka apa kang wis dipratélalaké ing sajroné Kitab suci. Kayektén kayektén iku tuntunan panjenengan saka Sang Rama lan aja duwé pikiran yén panjenengan penting awit badan panjenengan dhéwé. Aja mbudidaya nguwalaké masyarakat saka anggoné kurang mangan utawa nampani uripe kang ora adil kanthi pambudidaya panjenengan dhéwé. Panjenengan rungoké sing nastiti marang roh Injil kang nuntun panjenengan kotbah marang wong-wong liya lan nindakaké pakaryan kang migunani. Manawa Sang Kristus ngersakaké panjenengan nindakaké patrap berkat kang ngluhuraké Sang Rama, panjenengané bakal paring kabisan panjenengan kanthi panguwasa Panjenengané. Nanging aja lali yén panjenengan, ing sajroné badan panjenengan dhéwé, ora migunani, lan yén sih rahmat panjenengan dudu asale saka awak panjenengan dhéwé. Katresnan Allah diesokaké marang panjenengan uga. Kabéh kang asale saka sakjabané badan panjenengan iku minangka sih rahmat kang agung kanggo panguripan panjenengan kang ora maedahi iku. Sinaunen kanthi premati kidung katresnan ing sajroné I Korinta 13 supaya mangerti yén sih rahmat kanggo wicara ing ngarepe umum kanthi ndudut ati lan mindhahaké gunung ora nylametaké panjenengan. Ya mung katresnan Sang Roh suci kang asale saka iman marang Sang Kristus. Ya iku kang andadekaké panjenengan kuwawa ngadeg jejeg lan ngasilaké woh pamratobat kang sabenere. Manunggale ing Allah, sebanjuré, ing sajroné Gusti Yésus dikaya pang manunggal karo wit anggur, lan Gusti bakal ngasilaké woh ing sajroné panguripan panjenengan. Yaiki karsané Sang Rama kasuwargan panjenengan supaya panjennegan dadi siji karo Putra Panjenengané Gusti Yésus lan urip ing sajroné Panjenengané dikaya Panjenengané ing sajroné panjenengané. Kaya apa agungé janji iki, kanthi mengkono panjenengan bisa dadi wong-wong kang temen-teman pracaya, nuduhaké katresnan ilahi lan leladi karo lembah manah lan kebak kesabaran.

Aja disasaraké déning para nabi palsu kang nindakaké akéh kaélokan, nyarasaké lan nundhung roh ala (malah ing sajroné asma Gusti Yésus) nanging ora gelem ngakoni keselametan saka putra Allah kang sinalib iku! Para nabi palsu kepisah karo sang putra cempening Allah!

Cilaka kanggoné wong – wong kang mentingaké prekara agama waé kang mikir yén wong-wong mau kabawah prejanjian Allah nanging ora ndhérék Gusti Yésus ing sajroné uripe. Cilaka gereja lan masyarakat kang dadi gumunggung lan ora asikep andap asor, kaya ngumbah sikile pepadhané lan malah ngukumi kanthi keras. Cilaka wong-wong kang duwé ganjaran kasukman kango ngomong kang ngandhut panguwasa mung alandhesan kapinterané nanging ora nresnani wong-wong kang asor lan mlarat. Wong-wong mau bakal nampa paukuman kang keras ing mbesuke.

Katresnan iku kawujudané prenatan. Iman bakal kapungkasi nalika Sang Kristus rawuh manéh ing jagat iki, lan pengarep-arep bakal kapungkasi nalika kita ndeleng Sang Juru selamet kita lan Rama kang luhur, nanging katresnan iku langgeng, awit Gusti Allah iku langgeng. Awit saka iku, mbudidayaa supaya kapenuhan karo katresnan ilahi kanthi mengkono panjenengan bisa nuduhaké ing sajroné urip panjenengan yén panjenengan pancen para putra Rama kang kebak rahmat iku lan sedulur kang jujur saka Sang Yésus Kristus. Panjenengané iku Hakim ing dina pengadilan lan Panjenengané misahaké antarané kang bener karo kang ala, antarané wong-wong kang leladi marang wong-wong liya kang mbutuhaké lan wong-wong kang leladi marang awaké dhéwé. Terusna nindakaké kataresnan, kang dadi bukti pungkasan saka iman panjenengan kang bener.

PANDONGA: Dhuh Rama kang suci, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, awit Paduka sampun ngesokaken katresnan Paduka ing salebetipun manah kawula lumantar Sang Roh suci, ingkang dipun paringaké dhumateng kawula. Paduka Sucékaken kawula ing salebetipun rah Putra Paduka, ingkang Paduka sihi. Paduka apunten kawula babagan anggen kawula mboten sabar lan raos kuwatos kawula gegayutan patrap gumunggung lan mentingaken badan piyambak. Paduka damel kawula mapan ing salebetipun Sang Kristus, kanthi makaten kawula saget ngecakaké karsa Paduka ing salebetipun panguwaos Paduka lan terus wonten ing salebetipun tuntunan panjangkung lan pangayoman Panjenenganipun, Paduka selametaken rencang-rencang kawula lan satru kawula ugi uwalaken rencang-rencang menika saking pangapusipun Iblis.

PITAKONAN

  1. Sapa ta kang bakal mlebu suwarga?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 02:34 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)