Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 065 (The Lord’s Prayer)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
2. Tanggung Jawab Kita Tumrap Gusti Allah (Matéus 6:1-18)

c) Pandongané Gusti Yésus (Matéus 6:9-13)


MATÉUS 6:10
10....Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdené wonten ing swarga.
(Lukas 22:42)

Akéh wong-wong kang duwé agama ngrepotaké awaké dhéwé mbudidaya ngreti karsané Gustiné. Akibate, tuwuh pranatan lan tatanan pangibadah kanggo kabéh wong kanggo nindakaké parentah dikaya kang dingandikaaké Gusti Allah. Prenatan lan paugeran kanthi tegas mratélakaké, “Tindakna iki lan aja tindakna kang iku”. Ing kasunyatané ora ana wong siji waé kang bisa nindakaké karsané Allah utawa mangerti karsané Gusti Allah kanthi pas, awit manungsa iku wong-wong dosa lan ora bisa mangerti karsané.

Pinuji Gusti Allah kang nguwalaké kita saka panggujeré Paugeran Taurat Musa lan momotan kang abot kanthi ngutus Sang Putra kang ditresnani kanggo mratélakaké karsané Rama Panjenengané marang kita. Panjenengané ora dhawuh kita nindakaké apa waé kanggé nglegakaké Panjenengané awit Panjenengané waé kang bisa nindakaké, maringi lan amberkahi sakabéhe. Panjenengané iku kang nitahaké lan sang juru selamate kang kebak rahmat. Panjenengané ora dhawuh kita nindakaké apa waé minangka syarat kanggo bisa nampani kita, nanging dhawuh marang kita supaya kita gelem nampani sih rahmat Panjenengané lan nampani pakaryan keselamaten Panjenengané. Panjenengané iku sumber saka kabéh sih rahmat. Panjenengané wis netepaké maringi rahmat marang kita, ambewrkahi lan mitulungi kita. Manawa kita ora bisa nindakaké dhawuh-dhawuh Panjenengané Panjenengané paring pangapura kita lumanter katresnan Panjenengané kang kebah rahmat lan sih kawelasan. Apa panjenengan bisa ngerti karsané Sang Rama kasuwargan? Panjenengané ora dhawuh apa waé marang panjenengan, nanging Panjenengané kagungan karsa supaya amberkahi panjenengané nylametaké panjenengan lan ngebaki panjenengan karo panguwasané Sang Roh suci Panjenengané. Rama kasuwargan panjenengan kagungan karsa maringi kabéh kang dadi kagungané.

Ana bedané gedhé antarané watonan asipat agama karo babagan wanuh kang gedhé marang Sang Rama kasuwargan kita. Gusti Allah kita dudu wong kang sakarsané piyambak (diktator). Panjenengané iku Rama kang kebak sih kawelasan. Katresnan Panjenengané ngangkat paukuman Panjenengané atas kita lan nyirnakaké rasa wedi saka ing ati kita. Yaiki sebabé kita ngaturaké panuwun marang Panjenengané kanti kabungahan lan naliti kang dadi karsa Panjenengané sawutuhé nganti ngrasakaké kalegan ing sajroné katresnané kang agung. Kita pracaya yén Sang Roh suci marakaké kita bisa nindakaké dhawuh Panjenengané lumantar anggon kita ngetrapaké katresnan Panjenengané. Katresnan Panjenengané wis dadi kasenengan lan dadi uripe kita.

Kita ndedonga uga supaya jagat dadi kaya suwarga ing sajroné nindakaké karsané Gusti Allah. Jagat iki, awit panggawéné Iblis kang banget tegen, wis meh kaya neraka. Kita ndedonga supaya wong-wong suci bisa karubah dadi kaya Sang Yésus Kristus ing sajroné anggoné sumarah lan anggoné mbangun turut. Kepiyé waé, senajana kita isih ana ing jagatiki, awit berkahé Gusti Allah, kita ora kabawah jagat iki. Dadi ayo kita naliti karsané Sang Rama lan nindaké karsané kanthi pitulungan Sang Roh Suci.

PANDONGA: Kawula manembah Paduka, Inggih Sang Rama, awit Paduka maringaken dhumateng Putra Paduka samukawis panguwaos ing jagat lan ing suwarga. Panjenengané iku Ratu lan kawula manembah Panjenengané. Kawula ndedonga supados Paduka kersa nyampurnakaken karsa Paduka minangka jejeripun sang Rama ing salebetipun gesang kawula kadosdené para malaikat nindakaken rancangan Paduka. Kapenuhana kawula kanthi sih katresnan Paduka lan tuntun para mitra lan satru kawula ing salebetipun kraton Paduka kanthi makaten asma Paduka badhé kasucékaken lan para mitra lan satru kawula menika purun kanthi rila ndhérék tuntunan katresnan Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa kang dadi karsa Rama panjenenaningkang wonten ing suwarga?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 01:11 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)