Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 060 (Summary)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
1. Tanggungjawab Kita Tumrap Manungsa (Matéus 5:21-48)

Reringkesan Saka Tanggungjawab Kita Tumrap Manungsa


Sing sapa nggatekaké kabéh prenatan anyar kang disebutaké Sang Kristus mau, bakal ndeleng yén Panjenengané uga ora akéh ngandikan gegayutan wong-wong dosa kang nerak prenatan Nabi Musa utawa bab paukuman kang diparingake. Kabéh watonan kang tinulis ing sajroné Prejanjian Lawas ewon tahun kepungkur ora prelu diangkat manéh utawa dibaléni manéh.

Sang Kristus rawuh kanggo nglakoni Prenatan Nabi Musa. Panjenengané mratélakaké lan ndadar kekarepané wong-wong dosa. Sang Kristus ora kagungan karsa paring paukuman marang kita, dikaya kang dituntut prenatan Tauret, nanging kanggo nguwalaké kita saka niat ala kang nguwasani kita lan kanggo nyuceni kita nganti sawutuhe. Awit saka iku Panjenengané nganyaraké tujuwan kita, ngrubah kekarepan kita, neguhaké katresnan ing sajroné kita lan nuntun kita marang watek-wantu kang murni lan tulus. Prenatan Kristen ora nyingidaké lan uga ora meksa manungsa. Sang Kristus ora ngersakaké mulang wong-wong dosa kanthi paring paukuman lan ngejur wong kang diwulang karo paukuman. Panjenengané malah kagungan karsa ngrubah kita dadi memper karo Panjenengané dadi kaya gambaran Sang Rama Kasuwargan Panjenengané kanthi mengkono tujuwan anggoné nitahaké bisa kelakon ing sajroné kita, “Gusti Allah tumuli nitahaké manungsa miturut gambaré, anggoné nitahaké mirib gambaring Allah, lanang karo wadon anggoné nitahake” (Purwaning Dumadi 1:27). Sang Kristus nresnani lan nyucékaké wong-wong dosa, nanging Panjenengané sawutuhé nampik dosa lan kanthi nampi dosa iku mratélakaké pikiran kita kang paling jero. Awit karingkihan kita, Panjenengané nyangga kabéh dosa ing sajroné ati Panjenengané lan nyangga atas Panjenengané paukuman kang abot kang kuduné kita kang nyangga kanggo nglakoni ing sajroné sarirané katresnan kang dikersakaké Panjenengané saka awak kita. Lumantar anggoné Panjenengané dijebati Panjenengané ngesokaké Sang Roh Suci ing sajroné ati kita supaya andadekaké pangertén anyar ing sajroné kita kanthi mengkono kita bisa tresna tinresnané dikaya Panjenengané nresnani kita.

Hakikat saka Prenatan Panjenengané yaiku katresnan, awit gusti Allah iku katresnan lan Sang Kristus nindakaké njejegaké Prenatan Panjenengnae ing sajroné kita kanthi ngrubah tujuwan urip kita lan maringi panguwasa Sang Roh Suci marang kita kanthi mengkono kita bisa mbangun turut mareng Prenatan Panjenengané. Awit saka iku, Nabi Dawud ndedonga lan mratélakake” “Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa damel resiking manah kawula, sarta batos kawula mugi Paduka énggalaken klayan roh ingkang santosa” (Jabur 51:12)

PITAKONAN

  1. Apa ta bedané kang gedhé antarané Prenatan nabi Musa karo Prenatané Sang Kristus.

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 01:23 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)