Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 059 (Replacing Hatred)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
1. Tanggungjawab Kita Tumrap Manungsa (Matéus 5:21-48)

e) Rasa Sengit Marang Satru Digenti Karo Katresnan (Matéus 5:43-48)


MATÉUS 5:43-48
43 “Kowé iya wus padha krungu pangandika: Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita marang mungsuhira! 44 nanging aku malah pitutur marang kowé: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowé padha dongakna slamet, 45 supaya kowé padha katitika, yén dadi putrané Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethekaké srengengé marang wong ala lan wong becik, sarta nunuraké udan marang wong kang abek adil lan kang ora. 46 Dené manawa kowé tresna marang wong kang nresnani kowé, iku kowé oleh pituws apa? Para juru mupu biya rak ya tumindak mangkono, to? 47 Lan manawa kowé aweh salam mung marang sadulur-sadulurmu bae, kaluwihanmu apa? Wong kapir rak ya tumindak mangkono ta? 48 Mulané kowé padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.”
(Pangentasan 23:4-5; Kaimaman 19:2.18; Rum 12:14-20)

Prejanjian Lawas babar pisan ora mratélakaké yén wong kudu sengit marang satruné. Nanging, wong-wong Farisi lan para ahli Taurat duwé panemu ayat Kaimaman 19:18 yén perentah nresnani marang pepadha iku ngandhut makna sengit marang satru, awit prenatan saka para ahli taurat iku nuntut anggoné njaga atas hak, njunjung awatek jujur lan ngedoh saka satru. Kraton Sang Kristus ngrusak cancangan bangsa lan negara kanthi maringi marang kabéh manungsa dalan mlebu marang katresnané Allah lan kanthi nimbali kita supaya ndhérék Panjenengané. Awit saka iku, Iman panjenengan marang Sang Kristus dibuktekaké lumantar katresnan panjenengan marang satru panjenengan, lan ora mung ngejarake. Katresnan marang satru luwih aji tinimbang mung ajiné manungsa. Tanpa Sang Kristus, tangeh lamun kanggoné manungsa lumrah bisa nindakake.

Manawa ana wong kepéngin tresnani satru Panjenengané wong iku kudu ngguwak kepentingan pribadiné mikiraké wong iku minangka kang ditresnani lan tumindak mengkono. Kepiyé manawa Gusti paring dhawuh supaya panjenengan nresnané satru panjenengan? Manawa patunggalan kasukman antarané Sang Kristus lan wong-wong pracaya ora kuwat, ora bakal ana wong kang bisa nindakaké dhawuh Panjenengané iki. Nanging awit Sang Juru selamet kita, awit Sang Roh Suci Panjenengané nuntun kita kanggo ngalahaké rasa sengit lan mitulungi kita supaya bisa nresnani saben wong. Nanging sing ngati-ati! Sasuwéné panjenengan nesu marang sawijining wong utawa kumpulan wong, Sang Roh Allah ora bakal nelukaken niat ala panjenengané. Panjenengan ndedongaa kanggo wong-wong kang nganiaya panjenengan. Iki sawijining patrap kawitan kanggo panjenengan ngerti kepiyé nresnani satru panjenengan. Sawijining dina ana wong kang nindakaké kaluputan marang kanca-kancané lan keluwargané kang andadekaké gonjang-ganjingi uripe, nanging Sang Roh suci Allah nyurung kanca-kancané ndedonga kanggo wong iku, lan awit saka iku dhéwéké nyuwun supaya gusti terus amberkahi satruné luwih saka keluwargané dhéwé. Rama kita ing suwarga ngersakaké amberkahi panjenengan lumantar para satru panjenengan lumantar donga kang kebak kabungahan ing sajroné ati panjenengan.

Manawa panjenengan uwal saka rasa sengit lan wis ménéhi berkah marang para satru panjenengan lumantar donga panjenengan, panjenengan bisa ngendhangi wong iku. Manawa wong iku lagi katempuh prekara, ndedongaa kanthi cara mangkono pungkasané wong iku ora ngrumangsani supaya wong iku ora krasa diwirangake. Sisihké wektu sing suwé kanggo nylametaké wong iku lan saisi omahe, ya badané jiwané rohe, malah senajana wong iku ora gelem nampa lan terus nampik panjenengan, awit gusti Allah wis nggatekaké kita kanthi cara sing mengkono minangka jejeré manungsa, senajana kita ora mbangun turut.

Kalungguhan panjenengan ora luwih becik tinimbang karo Gusti Allah lan Putra Panjenengané. Dikaya manungsa wis nampik katresnan lan pangorbanan gusti Yésus kanthi ngasoraké Panjenengané manungsa bisa uga ora gelem nampani katresnan panjenengan lan ora mrecaya panjenengan, lan malah nanggapi pambudidaya pitulungan panjenengané karo ngréméhake. Wong-wong mau bakal nglaporaké panjenengan marang sing kawogan kanthi dakwan yén panjenengan nindakaké apus-apus lan piala, awit ana roh kang liya kang makarya ing sajroné panguripan wong-wong mau. Nanging panjenengan wis dadi para putra tentrem rahayu Allah lan panjenengan ngerti sawetara panyurung ing sajroné wong-wong liya. Nyuwuna marang Rama kasuwargan panjenengan supaya paring uwal wong-wong mau saka panalangsané ati lan maringi marang wong-wong mau katresnan dikaya kang diparingaké Panjenengané marang panjenengan. Panjenengané iku gusti Allah kang mahakuwasa kang bisa ngalahaké lan ngejur ati kang atos dhéwé ing sajroné panguripan satru panjenengan.

Gusti Allah iku katresnan. Panjenengané wis nimbali kita supaya mlebu ing sajroné kapenuhan sih rahmat. Timbalan Panjenengae marang kasampurnan nuntun kita marang anggoné mangun kita supaya kita bisa ngakoni gagale kita, mliginé kanggo nresnani para satru kita. Nanging Rama kita ing suwarga maringi marang kita pérangan kasampurnan Panjenengané dhéwé lan ngapura kita sawutuhé lumantar getih Putra Panjenengané. Anggoné nyucékaké iki yaiku sempurna awit ora ana siji waé kang luwih suci tinimbang karo pangapura saka Panjenengané kang wis disalib iku. Pungkasané kanggo mbeneraké panjenengan kanthi ora susah mbayar, gusti Allah ngesokaké Sang Roh Panjenengé piyambak kanthi katresnan Panjenengnané kang sempura ing sajroné ati wong-wong pracaya. Sang Kristus ora mung sawijing filsuf kang mung teori kang ngomong gegayutan babakan ideal kang ora bisa kagayuh, nanging Panjenengané sempurna ing sajroné badan Panjenengané piyambak. Panjenengané maringi marang panjenengan manunggale Sang roh suci ing sajroné ati panjenengané minangka bukti kasampurnan kang dituduhaké ing sajroné katresnan panjenengané marang para satru panjenengan. Panjenengaen ora bisa nresnani kanthi sempurna nganggo kekuwatan panjenengan dhéwé, nanging minangka putra-putra Allah prekara iku bisa dilakoni. Hakikat saka katresnan mbutuhkaké nindaké bebarengan, awit saka iku gusti Allah mratélakaké sarirané minangka Rama saka Gusti Yésus. Mengkono uga wong-wong pracaya kudu tresna tinresnanan ing sajroning kamanunggalan saka Sang Roh Suci. Apa panjenengan manunggal karo wong-wong pracaya ing sajroné kesabaran lan katresnan Gusti Yésus kang nggumunaké iku? Kepiyé ta katresnan Allah kang sempurna iku nyata ing sajroné urip panjenengan?

PANDONGA: Dhuh Rama, maturnuwun awit nimbali kawula lumantar putra Paduka supados dados sempurna kados Paduka. Nanging kawula asring mboten mbangun turut lan dados tiyang dosa ingkang wangkot, lan katresnan Paduka ngangkat kawula saking lendhuting dosa dhumateng tingkatan Paduka lumantar panyucen kawula déning rah gusti Yésus, kanthi makaten kawula saget dados tiyang-tiyang yektos lan suci ing salebeting kasampurnan. Paduka paring kasagetan kanggé saéstu-estu nresnani para satru kawula, kanthi makaten kabingahan Paduka ing salebetipun kawula kapenuhan.

PITAKONAN

  1. Kepiyé kita dadi sampurna, dikaya Rama Kaswargan sampurna?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 12:50 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)