Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 058 (Overcoming Revenge)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
1. Tanggungjawab Kita Tumrap Manungsa (Matéus 5:21-48)

d) Alusing Bebuden Ngalahaké Endhem – Endheman (Matéus 5:38-42)


MATÉUS 5:40-42
40 Lan manawa ana wong kang arep prakaran karo kowé, sedyané ngepek klambimu, jubahmu pasrahna pisan 41 Apadné manawa kowé dipeksa dikon ngiringaké lakuné wong samil, iringna ron mil. 42 yén ana wong njejaluk marang kowé, wenehana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowé.
(1 Korintus 6:7; Ibrani 10:34)

Sang Kristus uga wis paring kamardikan kita saka anggon kita mburu raja brana, awit Panjenengané gesang ing antarané kita –kang mlarat, kanthi alusing bebuden lan nyukupaké sarirané. Dina iki Panjenengané ngrubah kita dadi wong kang memper karo gambaran Panjenengané. Tujuwan Ilahi Panjenengané bisa dideleng ing sajroné pengalaman saka tukang kayu kang lagi waé bali menyang omahé sakwisé ketemu karo sadulur-sadulur kristené. Wong iku ngreti ana wong loro kang lagi nyolong balok kayu saka papan pertukangané. Tukang kayu iku bisa ngendaleni awake. Tukang kayu mau malah nulungi kang nyolong iku malah nambahi sawetara balok liyané manéh. Sing duwé pertukangan mau malah mbarengi wong loro mau tekan mobile, kang agawé wong loro kang nyolong mau ngiro manawa wong kang nulungi dhéwéké iku uga wong kang kepéngin melu nyolong, nanging wong loro kang nyolong mau banget déning isin, nalika krungu yén wong kang nulungi iku kang duwé pertukangan iku. Kang duwé pertukangan iku nemoni kang nyolong ing papané kanthi alusing bebuden lan kebak katresnan. Salah siji ing antarané wong loro kang nyolong iku dadi banget déning isin, nganti wong kang nyolong iku gawé putusan mretobat lan masrahaké awaké marang Sang Kristus ngakoni dosa-dosané. Aja lali yén Sang Kristus kagungan karsa paring kamardikan ati panjenengan saka hak lan deduwékan pribadi supaya panjenengan bisa duwé katresnan kang korban lan leladi kanthi tentrem.

Reringkesan saka prekara iki yaiku wong-wong Kristen aja nganti banget metung sakabéhe. Tatu-tau cili kudu ora usah digatekake. Manawa tatu iku mbutuhaké dipulihaké, prekara iku kudu kapungkasi kanthi becik, tanpa ana pepinginan mbales. Kita ora perlu ngundhangi tatu-tatu, nanging kita kudu ngadhepi tatu-tatu iku kanthi bungah minangka pérangan saka tanggung jawab kita lan mbudidaya entuk wulangan kang becik saka tatu-tatu mau. Manawa ana wong kang kandha: “Daging lan getih ora bakal bisa tekan marang tingkat kang mengkono,” kareben wong mau eling yen, “Daging lan getih ora bisa tampa panduman Kratoning Allah”... (I Korinta 15:50).

Sang Roh Suci nuntun kita supaya dana weweh kang wicaksana, lan kebak sih kadarman saka panganan lan dhuwit kita supaya kita aja dadi rakus. Rama Kasuwargan kita ora nuntut sedekah, pasa lan donga minangka sarana kanggo keselamatan kita, awit Panjenengané iku maha asih kang ora winates lan kang paring marang kita kanthi ora susah mbayar. Panjenengané amberkahi kita lan nylametaké kita bebarengan karo kabéh wong kang nampa kabecikan lan sih kamirahan Panjenengané. Tujuan Panjenengané maringi ampilan marang kita kang mbutuhaké tanpa anakan, nampik watek mata dhuwiten lan tansah ngluhuraké asma Panjenengané karo urip kang kebak pangorbanan.

Ayo kita sinau nyilihi, kang kala-kala dadi pérangan kang banget gedhé ing sajroné sih kadarman dikaya uga dana weweh, awit prekara iku ora mung ménéhi kalegan ing wektu kang prelu, nanging uga mulang kang nyilih supaya tanggung jawab ing sajroné golék pangan, kanthi sregep lan jujur. Awit saka iku, aja nampik, manawa ana wong kang nyilih apa waé saka panjenengan kanggo uripe, utawa apa kang didol karo wongiku. Aja nundhung wong-wong iku kang panjenengan ngerti wong iku duwé panjaluk marang panjenengan, aja golék – golék alesan kanggo ngedohi wong-wong mau. Wengakna lawangmu kanggo wong-wong iku kang arep nyilih: senajana wong iku pekewuh, lan ora duwé kekendelan nyethakaké kahanané lan njalu sih kawelasan panjenengan, nanging kang panjenengan ngérténi kabutuhan lan pepinginané lan awit saka iku tawakna marang wongiku kabecikan sabisané lan kanthi sawicaksanané.

PANDONGA: Rama kasuwargan, Paduka menika sabar lan tresna, lan putra Paduka menika Panjenenganipun ingkang manjalma lan alusing bebuden uga andhap asor. Paduka apunten kawula babagan anggen kawula mboten mbangun turut lan panggraita ingkang langkung-langkung saha pejahi ing salebetipun badan kawula manah ingkang wangkot kanthi makaten kawula saget dados tambah kiyat ing salebetipun pangorbanan lan andhap asor, nresnai tiyang-tiyang dosa lan nuntun tiyang-tiyang menika dhumateng pamratobat kinanthenan katresnan, kanthi makaten tiyang-tiyang menika ugi saget asikep dados putra-putra sang Roh Suci Paduka.

PITAKONAN

  1. Sapa ta wong-wong kang wis dimerdekakaké saka awaké dhéwé?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 12:47 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)