Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 045 (The Beatitudes)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS

a) Pocapan Rahayu (Matéus 5:1-12)


MATÉUS 5:7
7 Rahayu wong kang ambeg welasan, awit iku bakal padha oleh piwelas.
(Matéus 25:35-46; Yakobus 2:13)

Wong-wong kang ambeg welasan yaiku wong-wong kang kanthi kamursidan lan ambeg welasan kasurung kanggo duwé welas asih, mitulungan lan mbiyantu wong-wong kang lagi ing sajroning kangelan. Bisa uga ana uwong kang temen-temen “ambeg welasan”, kang ora duwé sarana kanggo ménéhi kanthi luber utawi kanthi bebas, nanging gusti Allah nampani ati kang duwé kekarepan kang mengkono. Kita aja mung sabar nyangga kangelan kita dhéwé, nanging kita melu cawe-cawe ing sajroné kangelané sedulur-sedulur kita uga. Ambeg welasan kudu dituduhaken lan ambeg welasan kudu ditepungaké (Kolosé 3:12).

Kita kudu duwé ambeg welas marang jiwa-jiwa wong-wong liya juga lan mitulungi kita, nresnani wong-wong kang ora ngerti, mulang wong-wong mau kang cerobo lan ngelingaké wong-wong iku kang ana ing sajroning dosa lan ngrebut wong-wong mau saka geniné neraka.

Kita uga kudu duwé ambeg welas marang wong-wong kang prihatin lan nglipur wong-wong iku lan ora ngedoh saka wong-wong kang prihatin iku. Kita kudu ngerti wong-wong mau kang ana ing sajroné kekurangan lan kanthi wicaksana mitulungan kabutuhané. “Manawa sira ménéhi wong keluwen aapa kang sira dhéwé arep.....Manawa sira nyuwil-nyuwil rotinira kanggo wong kaluwen....” (Yésaya 58:7m 10). Malah, “Wong bener mikir marang kabutuhané kewane” (Wulang bebasan 12:10).

Wong kang dibeneraké déning rah Sang Kristus, sih rahmat Allah manunggal ing sajroné atiné. Wong kang nresnani gusti Yésus awit Panjenengané atindak sih kang ngrukunaké kang gedhé, bakal kanthi rila ngapura kaluputan para satruné. Wongkang wis dijebati déning Roh Suci, ora bakal ngréméhaké wong-wong kang asor, dhéwéké malah bakal mitulungi, amberkahi lan nglipur wong-wong iku. Dhéwéké bakal ngorbanaké darbeké kanggo wong iku. Dadi, Gusti Allah iku katresnan! Wong kang pracaya marang Sang Rama kita ing suwarga bakal mlebu ing sajroning katresnan iku. Wong kang ora wanuh Gusti Allah bakal tetap ana ing sajroné rasa sengit, pangigit-igit lan ngadhili. Apa panjenengan wis kebak welas asih kaya Sang Kristus, kang kagungan welas asih kang gedhé dhéwé? Manawa mangkono, panguwasané Gusti Allah bakal ambanyu mili saka ati panjenengan marang jagat kang lagi anyeraki pati iki. Awit Iman panjenengan marang Sang Kristus, panjenengan bakal dibeneraké lan tangi saka pati tumuju marang urip kang langgeng. Panjenengan bakal diselametaké saka paukuman pungkasan mung awit sih kawelasan Panjenengané waé, kang bakal dipirsani saka katresnan Allah kang diesokaké ing sajroné ati panjenengan lumantar Sang Roh Suci kang diparingaké marang panjenengan. Panjenengan ora diselametaké awit tumindak becik panjenengan nanging mung awit rah Gusti Yésus Kristus kang ngrubah panjenengan dadi abdi kang kebak karo katresnan. Wong-wong kang kebak sih kawelasan duwé hak mirunggan dikaya kang ditulis ing sajroné Prejanjian Lawas, “Rahayu wong kang nggatekaké marang wong kang ringkih! Ing kené kita bisa nuladani Gusti Allah, dikaya kang didhawuhaké déning Gusti Yésus marang kita, “Kowé sing padha ambeg welasan, kaya anggoné Ramamu iya ambeg welasan”. (Lukas 6:36). Kita ditimbali malah kanggo dadi sempurna, dikaya Panjenengané iku semparna (Matéus 5:48). Iki bukti saka katresnané Allah. Salah siji kasenengan kang murni dhéwé lan éndah dhéwé ing jagat iki yaiku nalika wong karo patrap welas asih nindakaké kabecikan. Ing sajroning tembung iki, “Rahayu wong kang ambeg welasan, awit iku bakal padha oleh piwelas”. Sawijining tembung kang dingandikaaké déning sang Kristus, bisa kita temokaké apa kang dadi paseksen para rasul Panjenengané “Rahayu wong weweh, katimbang karo nampani” (Para Rasul 20:35)

PITAKONAN

  1. Kepiyé kita bisa rubah saka patrap mentingaké awak dhéwék dadi kebak welas asih?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 06:55 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)