Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 046 (The Beatitudes)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS

a) Pocapan Rahayu (Matéus 5:1-12)


MATÉUS 5:8
8 Rahayu wong kang resik atiné awit iku bakal padha sumurup marang Allah.
(Jabur 24:3-5, 51:12-13; I Yokanan 3:2-3)

Apa panjenengan resik ati panjenengan? Apa kang panjenengan angen awan kalawan bengi? Sang Kristus ngersakaké panjenengan nyuceni ati panjenengan, ngresiki pikiran panjenengan lan ngebaki ati panjenengan karo kamurniané Sang Roh Suci, kanthi mangkono hawa nepsu lan sugih akal kita ora bakal nguwasani panjenengan. Panjenengan ngersakaké supaya panjenengan lumebu ing sajroné kamardikan para putra Allah lan ngakoni yén mokal kanggoné panjenengan urip ing sajroné kamurnian karo pambudidaya panjenengan dhéwé. Nanging, Sang Roh Allah bisa ngalahaké kekarepan ala saka badan lan jiwa panjenengan, agawé ilat panjenengan dadi bener, lan nganyaraken rerasan panjenengan.

Iman kang bener bakal nuntun marang resiking ati. Wong-wong kang resik atiné ing sajroné nyawané nuduhaké awaké kabawah panguwasa saka agama kang murni lan ora kacemer. Kristen kang bener ana ing sajroné ati, ing sajroné ati kang resik, nyucékaké jiwa saka ing piala. Kita kudu ngunjukaké marang Gusti Allah, ora mung tangan kang resik, nanging uga ati kang murni (Jabur 24:4,5).

Gusti Yésus ngandika: “Amargo kang thukule saka ing ati iku kayata: pikiran kang ala, gawé pepati, laku jina, cabul, nyenyolong, sumpah palsu lan pitenah (Matéus 15:19). Manawa ati kita iki sumber saka cemer kita, kita mbutuhaké ati kang anyar, telenging ati kang diresiki, kang bakal diparingaké déning panebusan saka Gusti Yésus lan sih rahmat Sang Roh suci Panjenengané.

Gusti Allah aprasetyo marang panjenengan yén panjenengan arep ndeleng kaluhuran Panjenengané ora awit panjenengan nggayuh kabecikan panjenengan dhéwé, nanging awit rah Sang Kristus nyuceni panjenengan saka dosa padinan panjenengan (I Yokanan 1:7) lan panguwasa Sang Roh Suci Panjenengané bakal mitulungi panjenengan ngalahaké pepinginan daging panjenengan. Kabungahan ndeleng Gusti Allah dijanjekaké marang wong-wong, lan mung marang wong-wong mau, kang “resik atine”. Ora ana liya kajaba kang resik atiné bakal kepareng ndeleng Gusti Allah, lan ora bakal ana kabungahan kang langgeng kanggo wong-wong kang ora resik atiné kang ora bakal ndeleng Gusti Allah. Kabungahan apa kang bakal ditampa wong kang durung disucékaké nalika wong-wong mau ndeleng kasucén Gusti Allah? Dikaya Panjenengan ora bisa tahan mirsané karingkihan wong-wong mau, mengkono uga wong-wong mau ora bakal tahan ndeleng kasucén Panjenengané. Ora ana sawijining prakara kang najis bakal bisa mlebu ing sajroné langit kang anyar, kajaba saka wong-wong kang “resik atiné” kabéh kang wis disucékaké, kang duwé pepinginan iku ing sajroné atiné kang mung bisa dilegani nalika ndeleng Gusti Allah. Nugraha saka Allah ora bakal ninggalaké wong-wong kang duwé kekarepan kanggo tetap ora kalegakake.

Apa panjenengan melu cawe-cawe ing sajroné pepérangané Sang Roh Allah lumawan dosa-dosa panjenengan? Wong kang menang ing sajroné Asma Gusti Yésus bakal bisa ndeleng Gusti Allah Rama Kasuwargan kita lan bakal bebarengan karo Panjenengané nganti selawas-lawase. Apa panjenengan duwé rasa kangen ndeleng Gusti Allah, utawa panjenengan kepéngin bali marang urip kang cemer lan najis lawas panjenengan? Sowané marang gusti kang kebak sih kawelasan, lan Panjenengané bakal ngresiki kita lumantar rah Gusti Yésus Kristus, kang ngresiki kita saka kabéh dosa (1 Yokanan 1:7). Panjenengané setyo marang panjenengan malah manawa panjenengan tiba manéh ing sajroné dosa kang ora panjenengan karepake.

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané panjenengan bisa resik atiné (1 Yokanan 1:7)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 06:56 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)