Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 044 (The Beatitudes)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS

a) Pocapan Rahayu (Matéus 5:1-12)


MATÉUS 5:6
6 Rahayu wong kang kaluwen lan ngelak marang kasampurnan, awit iku kang bakal padha kawaregan.
(Lukas 18:9-14; Yokanan 6:35; Rum 3:23-24)

Uniné lonceng kang kaping papat saka katresnané Allah kang paring pengarep-arep kanggo wong-wong kang ngelih marang kayektén, wong-wong mau kang bakal ditangekaké saka anggoné turu ing sajroné dosané. Kabéh wong kepéngin nindakaké kabecikan lan kepéngin kasil ing sajroné dadi manungsa, nanging ora ana wong siji waé kang bisa nindakaké kanthi kekuwatané dhéwé, awit kita kabéh iki abdiné dosa. Nanging, Sang Kristus wis mbeneraké kabéh wong dosa lumantar séda pangorbanan Panjenengané. Sing sapa kepéngin nindakaké kabecikan lan kasucén bisa nemokaké ing sajroné Sang Kristus kang kapenuhan kayektén ilahi kang wis dicawisaké kanggo Panjenengan lan bakal nampa panguwasa kanggo nindakaken urip kang ing sajroning katresnan kang bener. Panjenengan sowana marang gusti Yésus lan Panjenengané bakal nyucékaké ati panjenengan lan nganyaraké kekuawatan panjenengan ing sajroné Allah. Sebanjuré panjenengan ora bakal mbangun kabungahan panjenengan atas kabisan pribadi panjenengan, nanging mung atas nugraha Allah waé, awit iman panjenengan wis nylametaken panjenengan, lan kabungahan Sang Kristus manunggal ing sajroné panjenengan.

Kayektén iku reringkesané saka kabéh berkah kasukman (Jabur 24:5). Marang berkah-berkah iku kita kudu ngelih lan ngelak. Kita kasurung kanggo pepinginan sakabéhé iku mau, kaya wong kang ngelih lan ngelak kepéngin pangan lan ngombe lan ora bakal rumangsa lega karo apa waé kang liyané. Kekarepan kita babagan berkah kasukman kuduné temen-temen lan ora ana mandhege. Kayektén Allah piyambak dicawisaké kanggo panjenengan. Manawa panjenengan pracaya marang Sang Kristus panjenengan bakal diparingi kalegan nganti selawase, awit kayektén Allah kacawiské kanggo kabéh kang mratobat lan nampani kanthi atur panuwun.

PANDONGA: Dhuh Gusti ingkang suci, kawula nresnani Paduka lan ngluhuraken Paduka, awit Paduka kagungan sih kawelasan dhumateng kawula ing salebetipun rawuh putra Paduka Sang Kristus. Paduka apunten watek gumunggung kawula, patrap ajrih lan anggen kawula tegelan. Paduka sucékaken kawula kanthi rah gusti Yésus lan Paduka jangkung kawula ing salebeitpun Panguwaos Sang roh suci Paduka, kanggé nglampahi gesang ingkang suci. Paringi kawula pepesthen pengajeng-ajeng kanthi makaten, sesarengan kaliyan kabéh sadaya tiyang ingkang kumandel dhumateng Paduka, kawula saget mlebet ing ngarsa Paduka ing salebetipun kraton ingkang langeng.

PITAKONAN

  1. Kepiyé ta Sang Kristus paring kalegan marang rasa ngelak kita ing babagan kayektén?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 06:42 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)