Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 041 (The Beatitudes)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS

a) Pocapan Rahayu (Matéus 5:1-12)


MATÉUS 5:1-2
1 Bareng Gusti Yésus mirsa wong akéh iku, banjur minggah ing gunung lan sakwisé lenggah, para sakabate padha ngadhep ing ngarsané. 2 Tumuli Gusti Yésus mendhar pangandika, paring piwulang pangandikane:

Sang Kristus kagungan sih kawelasan marang umat Panjenengané kang ora wanuh gustiné lan ora wanuh awaké dhéwé. Panjenengané mijik para murid Panjenengané saka antarané wong-wong kang ilang. Panjenengané nimbali para murid lan nuntun para murid menyang sawijining gumuk ana kono Panjenengané lenggah lan mulang para murid Panjenengané kang wis pinilih lan wong akéh ing sakiwa tengené. Ing tengah alam kang tinarbuka iku, Snag Kristus mratélakaké watonan-watonan saka Kraton ilahi lan mratélakaké prenatan kasuwargan.

Akéhé kaélokan kesarasan Sang Kristus ing Galilea, kang kita waca ing pérangan pungkasan bab sadurunge, digawé kanggo nyawisaké dalan kanggo kotbah kang banget dasar iki lan kanggo nyawisaké wong nampani wulangan saka Panjenengané kang nuduhaké panguwasa, kabecikan lan sih kawelasan kang asipat ilahi. Bisa uga, kotbah iki reringkesané saka apa kang dikotbahaké Panjenengnae ing sawetara pedalamen Allah cilik ing Galilea. Irah-irahan dhasar kotbah Panjenenengané yaiku “Mratobata, Kratoné Suwarga wis cedhak”. Lumantar kotbah Panjenengané Panjenengané ngersakaké supaya nganyaraké ora mung patrap laku nanging uga tujuan urip kita, ora mung patrap laku nanging juga tujuwan kita. Panjenengané ngyakinaké kita babagan Pangandikané Allah, “padha balia marang Ingsun, dadi Ingsun iya bakalmangsuli sira, - mangkono dhawuhé Pangéran Yehuwah Gustiné sarwa dumadi- (Maleakhi 3:7) Papan kotbah iku yaiku ing salah siji gumuk ing Galilea. Sang Kristus ora kagungan papan mligi kang kepenak kanggo kotbah, malah Panjenengané ora kagungan “papan nyelehaké mustakane”. Nalika para ahli Taurat lan wong-wong farisi nglungguhi kursi nabi Musa, ing kalungguhan iku wong-wong mau rumangsa kepenak, kinurmatan lan nggumunaké, nanging kalungguhan iku dadi cemer yén disawang sesambungan karo paugeran. Gusti Yésus, guru Agung kayektén iku kudu milih gumuk kang dadi mimbar Panjenengané.Gumuk iki ora papan suci kaya Gunung Sion. Kanthi cara iki Sang Kristus dadi patuladan yén manungsa ndedong lan ngotbahaké Injil kang suci iku bisa ana ngendi waé.

Sang Kristus ing sajroné kotbah Panjenengané ini nyethakaké babagan prenatan ilahi Panjenengané ing gumuk, awit ing nduwur “gunung” uga paugeran Prejanjian Lawas diparingake. Coba panjenengan gatekaké bedané. Nalika Taurat diparingaké marang nabi Musa. Gusti kang “mandhap” gunung, saiki Gusti, piyambak kang “tindak Munggah”. Ing gunung Sinai Gusti ngandika kanthi suwara gumludhug lan bledhek, nanging ing Galilea, kanthi suwara kang alus. Sadurungé umat Panjenengané didhawuhi supaya ngedoh, saiki wong-wong mau malah ditimbali nyerak Panjenengané owah-owahan kang kebak berkah ( II Korintus 3:7; Ibrani 12:18)

Wong-wong kang ngrungokaké cedhakan gusti Yésus para murid Panjenengané kang mbangun turut karo timbalan Panjenengané (Markus 3:13; Lukas 6:13). Marang wong-wong mau Panjenengané nuduhaken pangandikan Panjenengané awit wong-wong mau ndhérék Panjenengané awit katresnan lan ora awit duwé sawijining kabutuhan, sawetara wong-wong lia sowan marang Panjenengané awit duwé pamrih diwarasake. Panjenengané mulang para murid Panjenengané awit para murid pancen kudu ngrungokake. Para murid duwé kekarepan ngreti saben tembung kang diwulangaké Panjenengané. Awit para murid sebanjuré bakal mulang wong liya wektu kang bakal teka, mula penting banget yén para murid duwé pangertén kang cetha lan gamblang sesambungan kabéh prenatan Panjenengané.

Gusti Yésus mbuka kotbah ing gumuk Panjenengané iku kanthi tembung kang banget ora ana bandhingané “rahayu”. Panjenengané mbaléni nganti kaping sanga kaya uniné lonceng saka suwarga, martakaké marang kita yén karahayon lan kabungahan iku landhesan lan wadi saka prenatan ing sajroné Kraton Panjenengané. Panjenengan ora kudu nglakoni prenatan lan paugeran kang banget ngebot-eboti utawa nindakaké upacara sawijining agama supaya bisa mlebu ing Kratoné Allah, nanging panjenengan mung kudu nampa pangandikan kang alus kanthi iman kang sedherhana. Sebanjuré panjenengan bakal diselametaké saka pengadilan ilahi lan dimerdekakae saka paukuman langgeng. Sang Kristus nimbali panjennegan supaya duwé kabunganan kang luber-luber awit Panjenengané ora rawuh kanggo nyilakakaké wong-wong dosa nanging kanggo nylametaké wong-wong dosa iku. Prenatan gusti Allah kanggo manungsa alandhesan marang kabungahan kang langgeng, ora atas katindes lan udan eluh.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé prenatan Sang Kristus diwiwiti kanthi tembung “rahayu” lan ora tembung “kowé kudu” utawa “kowé aja”?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 06:37 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)