Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 040 (The Savior’s Ministry)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
C - KRISTUS MIWITI PELADOSAN ING GALILĚA (Matéus 4:12-25)

3. Cathetan kang Éndah Ngenani Peladosané Sang Juru Selamet (Matéus 4:23-25)


MATÉUS 4:23-25
23 Gusti Yésus tumuli ndlajahi satlatahé tanah Galilea kabéh, memulang ana ing papan-papan pangibadhae wong kono, sarta nggelaraké Injiling Kraton, apadené nyarasaké sarupané lelara lan sarupané memala, kang tinemu ing satengahaing bangsa kono. 24 Pawarta bab Panjenengané iku banjur sumeber ing tanah siria kabéh; sakéhé wong, kang nandhang lelara banjur padha disowanaké menyang ngarsané kang rupa-rupa lelarané lan sangsarané wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake. 25 Wong akéh padha gumrudug ndhérékeka tindaké, pinangkané saka ing tanah Galilea, ingDekapolis, ing Yerusalém lan ing tanah Yudea tuwin ing sabrangé bengawan Yardén.
(Markus 1:39; Lukas 4:31-44; Lukas 6:17-19)

Kaya ngapa éndahé ayat-ayat iku, kang bisa ditampa dadi reringkesan saka isi Injil sawutuhe. Ing sajroné sawetara tembung iku dicethakaké apa kang dingandikaaké lan ditindakaké Gusti Yésus, ana ngendi lan marang sapa. Panjenengan waos ayat-ayat iki sepisan manéh panjenengan bakal ndeleng jembaré anggoné leladi babagan keselametan kang gusti Yésus tindakake.

Panjenengané bisa waé maringi pengumuman kanggo nimbali kabéh manungsa sowan marang Panjenengané nanging ngatonaké anggoné andhap asor lan kaluhuran sih rahmat Panjenengané Panjenengané kang malah angrawuhi wong-wong mau. Panjenengané bangké alusing budi lan andhap asor, lan rawuh nggoléki lan nylametake. Josefus, ahli sejarah Yahudi kang misuwur, kandha, “ana luwih saka rong atus kutha ing Galilea, lan kabéh kutha iku, utawa meh kabéh wis dirawuhi déning Gusti Yésus”.

Panjenengané mulang wong-wong kang mursid ing Sinagoge, lan mulang wong-wong kang ora pracaya kang dilalekaké, ana ing dalan-dalan, pasar, lan ana ing desa-desa. Matéus nuduhaken marang kita beda antarané wulangan lan kotbah Panjenengané. Wulangan yaiku sinau sakabéhé sawijining kawruh lumantar tafsiran teks kang ana, nyawisaken pikiran-pikiran kang wis ditata luwih dhisik selaras karo keyakinan lan ménéhi jawaban atas pitakonan-pitakonan ing sajroné wulangan iku. Kotbah, tegesé bisa uga kaya suwarané trompet. Prekara iku sawijining timbalan gusti Allah marang wong-wong dosa supaya sowan marang pepadhang sih rahmat lan nampani keselametan. Tujuan saka wulangan yaiku supaya nyethakaké watonan-watonan kang bisa di terapaké ing sajroné urip ing saben dinané sawetara tujuwan kotbah yaiku kanggo nawakaké Injil keselamaten marang wong-wong kang ora pracaya. Gusti Yésus iku juru mulang lan uga juru kotbah.

Isi saka wulangan lan kotbah Panjenengané yaiku Injil Krajan. Tembung ‘Injil” ing sajroné basa Yunani yaiku “euangelion.” Tembung iku ateges pengumuman resmi kang dienggo ing jaman semana déning Kraton Kaisar kanggo lelakon-lelakon kaya kelahiran bocah utawa menang atas mungsuh. Tembung iki nuduhaké marang pratéla babagan pawarta becik ing tataran keluwarga kraton. Pancen, Injil Sang Kristus yiku Gusti Allah kang ngandikan marang kita babagan kelahiran putra Panjenengané kang ngalahaké dosa, pati lan iblis. Kamenangan atas satru Panjenengané lumantar Gusti Yésus Kristus, ménéhi wewengan bakal anané papan ing Kraton suwarga kanggo kabéh wong kang pracaya. Kraton kasukman iki mundhak-mundhak lan ora ana wong sisi waé kang bisa ngendhekake. Injil iki ngrembug gegayutan undhak-undhkka panguwasa katresnané Allah ing sajroné jagat.

Sang Kristus ora mung ngandikan nganggo tembung-tembung nanging Panjenengané uga ngandikan kang bisa dideleng ing urip Panjenengané. Manah Panjenengané kebak welas asih lan nugraha kanggo wong-wong kang nandhang sangsara awit kabawah déning pangwasané Iblis. Panjenengané kagungan sih kawelasan atas wongwong lan nyarasaké wong-wong mau awit katresnan Panjenengané kang gedhé.

Panjenengané kagungan panguwasa atas kabéh roh lan lelara uga karingkihan. Telu tembung kang dienggo Matéus ing kené umume nggambaraké prakara iki. Kawitan, “kabéh penyakit.’ Kalebu wong-wong kang wuta, budhek, bisa lan lempoh; Kaping pindho, “Kabéh karingkihan.’ Kalebu kusta, disentri, beri-beri, lan nggrajak getih kang ngedap-edapi; Kaping telu, ‘Kabéh kasangsaran”, kalebu kapanjingan dhemit, ayan lan lara nganti ngececeng-ngececeng. Apa kabéh penyakit iku gawat utawa tahunan, apa lelara kang agawé sengsara utawa ngringkihaké, ora ana kang angel disarasaké déning Sang Kristus kanthi saklimah tembung waé. Panjenengané iku Tabib kang kagungan panguwasa becik kanggé badan lan nyawa, lan kang kagungan kawenangan atas sakabéhe. Ing sajroné Sang Kristus, suwarga dadi ana ing tengah-tengah jagat kita. Kang nitahaké rawuh marang kang dititahaké lan wiwit nganyaraké wong-wong kang pracaya marang Panjenengané. Kasunyatan ik bisa uga ditemokaké cetha banget ing sajroné buku-buku non Kristen.

Nyarasaké wong-wong lara ora kang dadi utama kanggoné Sang Kristus. Panjenengan sebanjuré ngunderaké kawigaten Panjenengané babagan kotbah marang wong akéh. Panjenengané nyarasaké wong-wong kang pracaya marang Panjenengané. Anggoné nganyaraké jagat iki ora kawiwitan kanthi tumindak becik, ngrancang prekara ekonomi utawa jaminan sosial, nanging kanthi owah-owahan kasukman lumantar pamratobat lan pracaya marang Sang Kristus. Pracaya marang pribadi Gusti Yésus ngrubah ati, patrap lan kahanan wong akéh. Wong akéh kang kumpul ing sakiwa tengah Sang Kristus oara mung wong-wong sugih, wong pinter, utawa wong-wong kang mursid, nanging wong-wong dosa kang remuk, lara utawa dikuwasani déning roh ala. Kaya apa éndahé gambaran bab pribadi Gusti Yésus lan kumpe wong-wong kang mlarat lang sangsara ing sakiwa tengen Panjenengané. Panjenengané iku sumberh sih kawelasan lan berkah, kasarasan lan pangarep-arep.

Dina iki, kita ndeleng kumpulan gedhé wong nglumpuk ing sakiwa tengené para ratu lan presiden ing sajroné patemon-patemon gedhé. Kita krungu janji-janji kang kothong. Tembung-tembung wong-wong iku ora nglipur ati utawa marasaké badan. Nanging gusti Yésus nyarasaké wong-wong kabéh kang sowan marang Panjenengané lan nglipur atiné kang pracaya marang Panjenenangané. Ora tau ana kang gagal disarasaké, wong-wong kabéh énggal diwarasaké lan wong-wong kang lara banjur bisa mlaku manéh, dosa-dosa diilangi lan roh-roh ala ditundhung. Wong-wong kang masrahaké awaké marang kaluhuran Panjenengané pracaya marang karsa Panjenengané kanggo nyelametaké wong-wong iku. Lan anggoné cemawis kanggo mitulungi wong-wong, wong-wong mau kudu banjur bisa ngrasakaké kepiyé panguwsané Gusti Yésus mrasuk lumantar badané kang lara.

Apa panjenengan wanuh sapa ta Gusti Yésus iku? Panjenengané iku Sang Juru selamet kang setyo kang kebak katresnan marang wong-wong mlarat lan kang katindhes. Apa panjenengan cerak karo Panjenengane? Aku kabéh ngaturaké wilujeng marang panjenengané atas patunggalan panjenengan karo Panjenengané awit kita uga kalebu wong kang mbutuhaké Panjenengané saben ndina.

PANDONGA: Kula ngluhuraken Paduka, Sang Juru selamet jagat, awit Paduka mboten nampik tiyang-tiyang ingkang asor, nistha, sakit lan nglokro nanging Paduka nampi tiyang-tiyang menika, nyarasaké lan nglipur tiyang-tiyang menika. Gusti Allah, kula nyuwun supados ilat kula dipun kendaleni kanggé ngluhuraken Paduka. Kula nyuwun supados kathah mitra kula saget sowan ing salebetipun Kraton katresnan Paduka. Dhuh Gusti, Paduka sarasaken, Paduka ngandika, Paduka timbali,lan mugi mimpang. Kula kekemplakan ing sakiwa tengan Paduka pitados dhumateng panguwaos lan kawenangan Paduka. Kula yakin babagan karsa lan putusan Paduka supados milujengaken kula lan keluwarga kula, mitra lan tangga tepaling kula. Kula ngaturaken panuwun awit nindakaken pakaryan Paduka kanga bangsa kawula ing wekdal menika.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé kita nyebut Matéus 4:23-25 minangka Injil cilik utawa reringkesan saka Injil?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 07:04 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)