Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 001 (Introduction)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus

PAMBUKA


Anggoné nulis Injil Kristus manut Matéus

Akéh wong ménéhi paseksen babagan urip, tembung-tembung, pati, lan patangené Sang Kristus. Kita sinau saka paseksené wong-wong iku yén Sang Kristus ora nulis buku, senajano Panjenengané bisa nulis ing sajroné basa Ibrani. Panjenengané iku Gusti Allah kang dadi manungsa. Panjenengané nindakaké apa kang dingandikaaké, lan tata laku uga gambaran gesang Panjenengané metokaké Injil kang tinarbuka kanggo sapa waé kang nresnani kayektén. Pangandikan Panjenengané luwih saka mung wulangan lumrah waé. Sabda iku yaiku panguwasa mbangun saka Allah. Tembung “Injil” ngandhut teges “Pawarta becik,” awit ing sajroné Injil kakandut bandha sih rahmat lan ganjaran Allah lumantar Gusti Yésus Kristus.

Injil Cacah Papat

Tembung “Injil”, kaasilké saka panjarwa tembung saka basa Yunani “Evangelion” kang ateges “pawarta becik” utawa “kabar becik”. Injil ing sajroné pratela saka kabar becik bab keselamatan. Tembung iki kala-kala kaalamataké marang cathetan bab sugengé gusti kita, Gusti Yésus Kristus (Markus 1:1), lan nglantaraké kabéh wulangan Panjenengané (Para Rasul 20:24).

Nanging saiki tembung “Injil” akéh-akéh dienggo nyethakaké wulangan saka kekristenan. “Kabar becik” iku isiné saka wulangan iku. Injil iku peparingi Allah. Injil iku pratela bab pangapura dosa lan babagan kalungguhan minangka jejeré putra Allah kang dipulihaké lumantar Sang Kristus.

Sang Roh Suci saka Gusti paring marang kita papat kitab kang nyathet bab sugengé Sang Kristus dikaya kang ditulis déning wong-wong kang nulis sugengé Panjenengané para penginjil, yaiku Matéus, Markus, Lukas lan Yohanes.Loro ing antarané kang nulis iku para murid kang cerak banget karo Gusti Yésus. Loro kang nulis liyané iku para mitra saka para murid Gusti Yésus. Para mitra mau nyusung sumber pawarta saka para murid. Nalika kita ndeleng marang kitab-kitab Injil kang ana, kita bisa nemokaké yén telu kitab Injil kang kawitan pawartané akéh kang padha. Kala-kala tembung-tembung kang padha katon ing sajroné telu Injil iku, senajana pancen saben Injil nyatet pawarta kang ora ana bandhingané bab sugengé Sang Kristus kang ora disebutaké ing sajroné kitab-kitab liyané. Dadi kitab-kitab Injil iku nulis watek-wantu kang banget ora ana bandhingané.

Sapa ta Matéus Iku?

Matéus iku salah siji saka wong rolas kang dadi murid Gusti Yésus Kristus (Matéus 10:1-4). Matéus iku wong Galilea (Para Rasul 2:7). Jeneng asliné “Lewi anak Alféus” (Markus 2:14; Lukas 5:29). “Matéus” tegese “Nugraha saka Yehuwah”. Pesta gedhé kang dianakaké déning Matéus ing omahé kanggo nampeni gusti Yésus, lan nalika samana Matéus ngulemi tukang pajeg lan wong-wong dosa yaiku ing wektu iku Matéus nampani timbalané Gusti. Nanging Matéus ora nulis bab iki awit patrap andhap asore.

Pegawéané Matéus, ing wiwitané dadi juru mupu bea kanggo pemerintahan Romawi. Wong-wong kang gawéané mengkono iku disengiti lan disawang remeh déning wong-wong Yahudi kang duwé panemu penggawéan kaya Matéus iku ora pantes disebut wong Yahudi. Wong-wong kang gawéané dadi juru mepu beya dipadhakaké karo wong-wong dosa lan wong-wong buwangan (Matéus 9:10-11; 18:17). Nanging sih rahmat Gusti Allah iku kanggo kabéh manungsa ora ana kang disebrataké, lan sih rahmat iku bisa nylametaké wong kang dosané paling nemen pisan. Sih rahmat iku kang nimbali Matéus metu saka kantor mupu beya Romawi dadi rasule gusti Yésus Kristus. *Sawise dadi rekasané wong-wong Yahudi awit gawéané yaiku njaluki pajek, sih rahmat Gusti Allah andadekaké Matéus dadi “nugraha saka Gusti Allah” kanggo wong-wong Yahudi lumantar Injil Panjenengané. Ya iki sebabé dhéwéké ora rumangsa isin nyebut awaké dewe “Matéus juru mupu beya (Matéus 10:3)

Watek wantu saka Injil miturut Matéus

Watek wantu saka Injil miturut Matéus Injil miturut Matéus mratélakaké bab : Timbalan sang Kristus marang wong-wong kang kesayahan lan kamomotan (pasal 11); sawetara pasemon bab-bab megaré Kratoné Allah (pasal 13); pasemon bab abdi kang ala lan abdi kang keset ing pakebonan anggur (Pasal 20); lan pasemon bab prawan sepuluh kang wicaksana lan kang bodo; lan keterangan bab pengadhilan kang pungkasan (Pasal 25).

Injil kang asli ing sajroné basa Aram

Telu kitab Injil kang kawitan nulisaké kanthi cara bebarengan babagan pérangan kang pinilih saka sugengé lan pangandikané Sang Kristus. Cetha banget yén telu rasul iku-sadurungé nulis Injile ing basa Ibrani kang dadi landhesan kanggo wong kang nulis Injil iku, dadi sarana nulisak Injile (Lukas 1:1-4; Yokanan 20:30).

Sapa kang nulis Injil Matéus?

Matéus, kang nulis saka Injil kang kawitan lan kang dawa dhéwé, yaiku wong kang nglungguhi kalungguhan juru mupubeya. Dhéwéké dienyek déning bangsané dhéwé awit dadi pegawé ahli kang leladi bangsa penjajah. Jeneng asliné “Lewi” (Markus 2:14, Lukas 5:27). Nanging Sang Kristus maringé jeneng anyar marang dhéwéké, “Matéus”, yaiku “Nugrahané Allah”.

Paseksené kang paling tuwa kanggo Injil Matéus bisa ditemokaké ing sajroné tulisan Papias, salah siji wong kang nglungguhi penatuwa gereja. Kita maca ing sajroné tulisané yén Matéus nglumpukaké pangandikané Gusti, kang kawitan banget ing basa Aram. Iki ditegasaké babagan anggoné ditemokené akéhé tembung kang tinulis ing sajroné ejan Aram ing Injil iku. Kaya ta tembung “raca” (ora ana ajine), lan “Mammon” (kaluberan, dhuwit, kasugihan). Bisa uga para rasul banget percaya marang Matéus, kang ahli dhéwé bab basa ing antarané kabéh para murid, ngurus gegayutan anggoné nglumpukaké lan njarwakaké saka pangandikan-pangandikané Sang Kristus menyang basa Yunani.

Bukti-bukti njero uga ménéhi panyurung kang kuwat bab kasunyatané yén kang nulis Injil Matéus pancen Matéus, juru mupubeya, manawa ndeleng nulis gegayutan luwih akéh ukuran dhuwit ketimbang karo pérangan kang liyané ing sajroné Prejanjian Anyar. Injil Matéus kanthi jlentreh nulis bab “loro drachma’ utawa loro dirham (Matéus 17:24), “stater” kang uga dijarwakaké dirham (Matéus 17:27), lan “talent” kang ateges talenta (Matéus 18:24), kang nyethakaké yén kang nulis Injil iki pancen banget ngreti maneka ukuran jenis dhuwit lan luwih seneng njléntréhaké lan ménéhi ngerti ukuran ajiné marang kang melu dhéwéke. Uga disebutaké yén ing sajroné Injil iki, Matéus nyebut awaké, ing antarané para murid Gusti Yésus kang liyané minangka “Matéus juru mupubeya”. Anggoné andhap asor Matéus uga katon nalika dhéwéké ngandhakaké gegayutan prekara kang sabeneré banget ngedap-edapi bab awaké kapratelakaké kanthi cara kang banget sedherhana. Dhéwéké ora nyebutaké yén dhéwéké nganakaké pesta bujana kanggé nampani Gusti Yésus. Dhéwéké kandha yén Gusti Yésus dhahar “ana ngomah” (Matéus 9:10), tanpa nyebutaké omah sapa iku, sawetara Lukas nulis (Lukas 5:29) Matéus nganakaké “pesta gedhé”. Ing sajroené Injil iki, Matéus ora nyethakaké cerita bab Zakheus lan pasemon bab wong-wong Farisi lan juru mupubeya (Lukas 19:1-10; 18:9-14) bisa uga awit loro-loroné ngandhut pangalembana imané juru mupu beya.

Enem pangandikané Gusti Yésus

Pangandikan Sang Kristus ing sajroné Injil Matéus bisa diperang ing sajroné enem pérangan gedhé, kang teratur ing sajroné undhak-undhakané lan ora mbaléni gagasané. Matéus ngangkat wulangan guruné sejangkah mbaka sejangkah. Kang kawitan dhéwé, dhéwéké nyethakaké bab pranatan gegayutan Kratoné Suwarga (Bab 10), sebanjuré wadi anggoné mekar kraton mau(bab 13), diterusaké karo ngelompokaké kanthi cara kang jlentreh (bab 18), tembung cilaka kanggo para satru kraton Panjenenggané (Bab 23), lan pungkasané katarangan bab tekané kraton Panjenengané (Bab 24,25). Anggoné nyebut pangandikan Gusti Yésus iku dadi banda kang aji dhéwé ing sajroné Injil kang pentes kanggo disinau lan digegilut.

Tujuané Injil Matéus

Tujuan mligi kang ana ing sajroné pikiran Matéus bab Injile iki yaiku kanggo ménéhi katarangan njléntréhaké pakulinan utawa tradisi bab Sang Kristus karo mbuktekaké marang wong-wong Yahudi yén Gusti Yésus saka Nazaret iku Sang Mesih kang diprasetyakaké, Putra Dawud lan Putra Rama Abraham. Matéus luwih asring nyuplik saka Prejanjian Lawas ketimbang karo kabéh kang nulis Injil liyané kanggo mbuktekaké yén gusti Yésus pancen Sang Mesih kang dipraseteyakaké kang ing sajroné Panjenengané ditemokaké kabéh kaujudané pameca lan pratela pameca Sang Mesih saka kabéh nabi lan wong kang bisa ndheleng ing sajroné Prejanjian Lawas. Kanthi mangkono, Injil iki dianggep kitab kang apik dhéwé kanggo mbangun lan nguwataké wong-wong pracaya lumantar naliti luwih jero manéh marang piwulang Sang Kristus. Ing wektu iku uga, kitab iki dadi khotbah kang apik kanggo putra-putra Rama Abraham lan kanggo nuntun putra-putra mau marang Sang Juru Selamete kang wis nyangga ing sarirané nggenteni para putra mau, paukumané Gusti Allah.

Loro-loroné tujuwan iku “ngotbahaké lan mulang” banget élok sambung sinambung ing sajroné Injil Matéus kanthi mangkono kitaba kang kawitan ing sajroné Prejanjian Anyar iki, ngluhuraké Gusti Yésus, Sang Kristus saka Gusti Allah.

Tanggal anggoné Nulis Injil Miturut Matéus

Injil kang ora ana bandhingané iki ditulis kira-kira tahun 58 M-antarané 25 tahun sawise Gusti Yésus disalib. Para ahli sarujuk yén kitab iki ditulis sadurungé ajuré Yerusalém ing tahun 70 M, awit Injil iki ora gawé laporan bab rusaké Yerusalém lan Pedaleman Allah, nanging kosok baliné nyethakaké bab prekara iku minangka sawijining prekara kang bakal dumadi sebanjuré (mangga nyemak 23:37-38; 24:1-2). Luwih manéh, Matéus ngrepotaké bab akéh pemut ing sajroné Injile babagan wong-wong Saduki kang kelangan panguwasa lan kawenangan sakwise ambruké Yerusalém.

Kita nemokaké ing sajroné Injil iki pratela kang bener bab pangandikan lan kang ditindakaké Guru kita Gusti Yésus Krsitus kang nimbali kita dikaya Panjenengané nimbali Matéus.

PITAKONAN-PITAKONAN

  1. Sapa ta Matéus, lan kepiyé dhéwéké nepungaké awake?
  2. Apa ciri wanciné Injil miturut Matéus?
  3. Apa tujuwan Injil miturut Matéus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 19, 2022, at 02:02 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)