Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 081 (Greetings from Paul’s fellow Workers)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Tambahan Kanggé PÉRANGAN 3 - Katrangan Saking Paulus Babagan Dhirinipun Piyambak Dhumateng Para Pemimpin Jemaat Wonten Ing Kitha Rum (Rum 15:14 – 16:27)

7. Salam saking rencang sakpinunggalan peladosanipun Paulus (Rum 16:21-24)


RUM 16:21-24
21 Timotius kancaku tunggal gawé, kirim salam; mengkono uga Lukius, Yason, lan Sosipater, kanca-kancaku tunggal bangsa Yahudi. 22 (Kula piyambak, Tèrtius, ingkang nyerat serat menika, ugikintun salam dhateng panjenengan sedaya wonten ing patunggilanipun Gusti Yésus.) 23 Gayus, sing awèh pamondhokan marang aku, lan marang pasamuwan, kirim salam marang kowé kabèh. Uga Érastus, bendhaharaning kutha kéné, lan Kwartus, padha kirim salam uga. 24 [Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus anaa ing kowé kabèh. Amin.

Paulus awis-awis ijen piyambakan. Piyambakipun tansah dipun kupengi dening sawatawis rencang damelipun ingkang sampun kulina nindakaken pakaryan lan paladosan dhumateng Gusti, kados Barnabas lan Silas, kangge nyampurnakaken paladosanipun lan ngaturi pitedah lan kawigatosan dhumateng pyambakipun. Kadang kala tiyang-tiyang pitados saking kitha sanesipun, bade nderek lelados ing kamenanganipun Sang Kristus.

Paulus nyerat layangipun dhumateng pasamuwan Rum punika taun 59 Masehi nalika pyambakipun wonten ing Korintus, ing papan sawatawis penderekipun Sang Kristus nunggil kaliyan pyambakipun, ingkang ugi ngaturi salam ing pungkasaning layangipun. Salam punika mratelakaken bilih Paulus boten ijen, kados ingkang dipun tindakaken dening winasis (filsuf), nanging dipun kupengi dening tiyang-tiyang ingkang ngaturi pamrayogi dhumateng Paulus ngengengi tiyang-tiyang pitados ing Rum. Pramila, patunggilanipun tiyang-tiyang suci kraos nyata ing layang-layangipun.

Timotius kagulawenthah dening ibunipun selaku tiyang Kristen Yahudi, ingkang masrahaken gesang dhumateng Sang Kristus, lan dening simbahipun ingkang kondang iman lan kamursidanipun. Bapakipun tiyang Yunani, nanging boten kasebataken bab pribadinipun. Paulus ningali Timotius minangka tiyang ingkang saestu nresnani Sang Kristus, rencang damel ingkang penting wonten ing paladosan dhumateng Allah. Paulus ugi nyelamaken timotius, awit ibunipun tiyang Yahudi, supados sabeg kaanggep netepi pranatan Yahudi dening tiyang-tiyang Yahudi lan ugi netepi pranatan Yunani. Kekalihipun makarya kanthi rukun, lan Timotius kaanggep kados putranipun Paulus.

Timotius boten pados pangalembana, nanging gesang kagem kamulyanipun Gusti Yesus, lan ngupadi kratonipun Allah lan kayektenipun. Paulus asring ngutus Timotius dhumateng kitha-kitha kangge nyawisaken papan lan paladosanipun Paulus sarencang.

Sasampunipun ngaturaken salam saking Timotius, Paulus ugi nyebat 3 sedhérék, inggih punika. Lukius, Yason lan Sosipater. Yason punika tiyang ingkang nampi Pauus ing griyanipun nalika wonten prahara saking tiyang-tiyang Yahudi ing Tesalonika. Tiyang kathah lajeng nyerang griyanipun Yason, lan karana sami boten manggihaken Paulus lan Silas, tiyang-tiyang punika ngglandhang Yason dhumateng pamarentah lan nutuh Yason sampun nderek keyakinan enggal, ingkang nganggep Yesus minangka Ratuning para ratu. Nanging para pejabat ing ngriku nundhung tiyang-tiyang Yahudi lan ngluwari Yason.

Sosipater punika tiyang pitados saking Berea, ing panggenan tiyang-tiyang Yahudi nampi pitembunganipun Paulus kanthi alusing budi, ingkang naliti Prajanjian Lami kangge nepangi Panjenenganipun ingkang sinalib lan wungu saking kasedan minangka Sang Mesih. Sawatawis tiyang-tiyang Yahudi nuwuhaken geger nalika mireng Paulus kotbah ing Berea, nanging tiyang-tiyang Berea kanthi urmat nderekaken Pauus ngantos Athena, dene Silas lan Timotius kantun ownten ing Berea neguhaken tiyang-tiyang ingkang nembe pitados. Lajeng kita maos bilih Sosipater dados rencangipun Paulus ing lelampahan dhumateng Yerusalem anggenipun ngintun sumbangan dhumateng tiyang-tiyang ingkang mbetahaken ing ngrika.

Dene Lukius punika saking Kirene, satunggaling pinisepuh saking pasamuwan Korintus, lan nunggil kaliyan Paulus lumantar donga-donganipun.

Tertius punika tiyang Rum ingkang lancar sanget basa Yunanipun, dados juru tulis ingkang nyerat layangipun Paulus dhumateng pasamuwan Rum. Paladosanipun Tertius punika katindakaken kanthi tumemen lan sae sanget. Paulus nganggep Tertius minangka salah satunggaling tiyang-tiyang ingkang pinilih, ingkang sampun kateguhaken wonten ing Gusti Yesus, lan ingkang nyawisaken pasamuwan Rum, ingkang sampun dipun tepangi lan dipun pitados.

Gayus, tiyang pitados saking Tesalonika, ingkang ngladosi Paulus wonten ing griyanipun ing mangsa panganiaya, ingkang nyawisaken griyanipun dados papan pangibadah pasamuwan. Gayus remen sanget tetulung, lan salah satunggaling tiyang ingkang kabaptis dening Paulus ing Korintus (1 Kor. 1:14-17).

Erastus, bendahara kitha ingkang nindakaken padamelanipun kanthi setya lan kebak tanggel jawab. punika nedahaken bilih warga pasamuwan Korintus boten namung tiyang-tiyang miskin lan prasaja kemawon, nanging ugi para priyayi agung ing tengahing masyarakat. Dene Kwartus, satunggaling sedhérék wonten ing Sang Kristus. Pyambakipun sanes tiyang Yunani, nanging tiyang Rum ingkang dipun tepangi dening pasamuwan nalika semanten.

PANDONGA: Kawula ngucapaken panuwun, dhuh Gusti Yesus, amargi Paduka gadhah para abdi ing antawisipun jemaat ingkang sami purun ngladosi kanthi gumolonging manah wonten ing pérangan administrasi lan rohani ingkang bénten-bénten. Mugi Gusti tulungana para pinisepuh gréja kawula supados sami saged nindakaken sedaya ingkang perlu, namung kanggé kamulyaning asma Paduka.

PITAKON:

  1. Sapa wong sing nulis serat Rum kang diwedharaké dénéng Paulus iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 11:09 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)