Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 071 (Problems of the Church of Rome)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 3 - Bebeneré Gusti Allah Ana Ing Uripé Para Pandhéréké Sang Kristus (Rum 12:1 - 15:13)

8. Masalah mligi ana ing antarané jemaat ing kutha Rum (Rum 14:1-12)


RUM 14:1-12
1 Sedulurmu sing ringkih precayané kuwi tampanana, lan aja kokajak dhébatan bab panemuné dhéwé. 2 Ana wong precaya sing duwé penemu, yèn dhèwèké mono bébas, kena mangan apa waé. Nanging ana wong sing imané ringkih, sing mung mangan sayuran thok. 3 Wong sing rumangsa bébas olèh mangan apa waé, kuwi aja ngina marang wong sing ora mangan kaya mengkono, lan wong sing mung mangan sayuran, aja nyalahaké marang wong sing mangan panganan apa waé, sebab Gusti Allah wis marengaké wong mau mangan mengkono. 4 Kowé kuwi sapa ta, déné arep nyalahaké abdiné wong liya? Mung bendarané wong kuwi dhéwé sing wenang netepaké, apa wong mau tangi apa tiba, bener apa luput. Yèn wong mau tangi utawa bener, kuwi merga Gusti Yésus sing maringi kabisan marang wong mau. 5 Ana wong sing nganggep dina sing siji luwih becik ketimbang karo dina liyané, nanging uga ana wong sing duwé penganggep, yèn dina kuwi padha waé. Kabèh padha manut pangrasané dhéwé-dhéwé. 6 Wong sing nganggep dina sing siji luwih aji ketimbang karo dina liyané, kuwi enggoné duwé panemu mengkono merga ngurmati marang Gusti Yésus. Lan wong sing mangan sabarang panganan, kuwi iya merga ngurmati marang Gusti Yésus, sebab wong mau saos panuwun marang Gusti Allah. Semono uga wong sing ora mangan sabarang panganan, iya kanggo atur panuwun marang Gusti Allah. 7 Ora ana panunggalan kita sing urip utawa mati mung mligi kanggo awaké dhéwé. 8 Yèn kita urip, urip kita kuwi kagem Gusti, lan yèn kita mati, pati kita uga kagem Gusti. Apa kita urip, apa mati, kita tetep dadi kagungané Gusti. 9 Sebab Sang Kristus séda lan wungu supaya dadi Gustiné wong urip lan wong mati. 10 Yèn mengkono, apa sebabé kowé nyalahaké sedulurmu? Apa sebabé kowé ngina marang sedulurmu? Kita kabèh rak bakal padha ngadhep ing ngarsané Gusti Allah, lan bakal diadili déning Panjenengané? 11 Sebab ing Kitab Suci katulis: "Satemené," mengkono pangandikané Gusti Allah, "saben wong bakal sujud ing ngarsa-Ku; lan saben wong bakal ngakoni yèn Aku iki Allah." 12 Yèn mengkono, kita bakal ngaturaké penjawab ijèn-ijèn ana ing ngarsané Gusti Allah.

Para penderekipun Sang Kristus nggadhahi pamawas ingkang benten bab menapa ingkang dipun penging lan menapa ingkang dipun parengaken, awit Gusti Yesus boten netepaken pepaken ingkang kados mekaten punika, nanging nawakaken dhumateng kita bab karahayon ingkang sampurna, pakaryan ngleresaken ingkang pinesti, lan pangwasaning Roh Suci. Panjenenganipun namung mbetahaken meja pangadilan kangge mulangaken satunggal pepaken, inggih punika bab katresnan dhumateng sadaya tyang.

Punika sababipun kita manggihaken pemanggih ingkang bénten-bénten antawisipun greja satunggal kaliyan sanesipun. Wonten ingkang netepaken bilih nedha daging babi punika dipun penging. Nanging Gusti Yesus dhawuh “Dudu apa ingkang lumebu marang tutug ingkang njalari najis, nanging apa ingkang metu saka tutug, iku ingkang najis. ...marga saka jroning ati tuwuh sakehing pikiran ala, sumpah palsu lan supata. Iku ingkang najis.” Cetha bilih nedha daging babi saged mbebayani tetiyang, lan saged ngganggu kasarasan, nanging punika boten njalari tiyang dados najis sacara rohani.

Sawatawis tiyang ngeses, dene sanesipun nganggep bilih ngeses punika dosa ingkang mejahi. Tamtu kemawon ngeses punika ngganggu kasarasanipun ingkang ngeses lan tiyang sanes ing sisihipun, ingkang kepeksa nyedot belukipun, nanging rokokipun pyambak ingkang dipun ses- sanes rohing kenajisan, nanging racunipun ingkang mbebayani ingkang kedah dipun inggati murih kasarasaning diri. Pramila, ngeses punika sanes dosa, nanging sinten ingkang ngeses ugi dosa kados dene sadaya tiyang.

Sawatawis tiyang menging alkohol lan narkoba, lan pancen mekaten kedahipun, awit sinten ingkang remen omben lan narkoba dados budaking barang punika. Pramila saking punika, kita mituturi sadaya tiyang supados nginggati alkohol lan narkoba. Ngunjuk alkohol sekedhik kangge pengobatan boten dados menapa. Nanging tetep kedah kasebataken ing ngriki bilih ngunjuk toya pethak ingkang seger, dados omben ingkang paling nyehataken peparingipun Allah.

Pitakenan ingkang wigatos ing pasamuwan jamanipun Rasul Paulus inggih punika: “Punapa dosa menawi tetiyang nedha daging ingkang sampun kapisungsungaken dhumateng brahala?” karana sawatawis tiyang nedha daging punika kanthi dhokoh, dene sawatawis sanesipun nganggep daging punika kraos jijik. Paulus nandesaken bilih kalih golongan punika leres kekalihipun, awit daging ingkang sampun kapisungsungaken dhumateng brahala punika sanes barang rohani, namung daging kemawon. Pyambakipun ngaturaken bab punika awit wonten sawatawis tiyang ingkang menggalih bilih daging sampun kasawaban kenajisan. Nanging Yesus nyakup bab punika ugi dateng karahayon peparingipun. Tiyang-tiyang punika sampun boten kaereh dening wewaton, nanging sampun luwar saking bab-bab ingkang boten wigatos punika, lan kaanggep bodho.

Karana wonten ingkang ngungemi dinten Sabat, dinten Jumat, dinten Minggu, Paulus ngendika bilih sadayanipun leres, awit Yesus boten nucekaken dinten tartamtu, Panjenenganipun nucekaken manusa. Pramila panjenengan saged ndedonga lan sembahyang dhumateng Allah saben dinten lan saben wanci, awit pandonga punika boten winates ing dinten utawi jam tartamtu kemawon, pandonga punika saged katindakaken saben dinten lan saben wanci.

Saestu wigatos tumrap warga pasamuwan supados boten ngasoraken sanesipun, utawi njegsani tiyang sanes. Yesus dawuh: “Aja netepake alaning wong, supados kowe aja katetepake alamu!” pramila saking punika, sinten ingkang teguh imanipun sampun ngina tiyang sanes, ingkang sekedhik kawruhipun, utawi memirang tiyang sanes, nanging nginggati sadaya punika kanthi katresnan. ingkang rosa kedah lenggah sajajar kaliyan ingkang sekeng, nyantosakaken, lan mitulungi. Kanthi patrap mekaten, ingkang sekeng ugi boten pareng ngina ingkang rosa imanipun, nanging nresnani sadayanipun, awit Yesus sampun nresnani sadaya tiyang.

Paulus nandesaken dhumateng sadaya tiyang “ora ana ing antara kita ingkang urip kanggo awake dewe, nanging kita wus masrahaken diri marang Gusti Yesus sawutuhe lan salawase. Manawa kita urip, kita urip kagem Gusti, lan manawa kita mati, kita mati kagem Gusti. Dadi urip utawa mati, mangan utawa ngombe, kita iki kagungane Gusti ingkang uws maringake urip anyar ana ing urip kita.”

Karana patrap njegsani mlebet dhumateng greja, Paulus ngengetaken tiyang ingkang kiyat lan ingkang sekeng, kanthi ngandika “Sing ngati-ati, marga kowe kabeh bakal sowan ing ngarsane Hakim ingkang langgeng. Aja njegsani wong liya, nanging adilana awakmu dewe. Akonana dosamu, kalahna kabeh iku kanthi asmane Sang Kristus. Manawa kowe mikir kudu ngluwari wong-wong liya saka dosa-dosane, pitutura kanthi sabar, kanthi sih katresnan kadasaran pandonga, marga kowe dewe ora luwih bener saka wong-wong liya. Mbudidayaa kanthi temen supados aja nyandungi wong-wong pracaya.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, nalika kawula ngukur dhiri kawula lelandhesan kasucén Paduka, boten wonten malih kamulyan, bebener, utawi reginipun awak kawula malih. Apuntenana kawula saking sedaya karingkihan kawula, lan tulungana supados kawula boten ngadili tiyang-tiyang sanés. Mugi Gusti kiyataken katresnan kawula supados kawula saged nresnani sedaya tiyang, lan boten nganggep dhiri kawula ingkang paling wigatos.

PITAKON:

  1. Apa kang kudu kita pikiraken utawa ngendikakaken menawa ana pandhéréké sang Kristus kang duwé panemu kang béda ngenani babagan kang sepélé ana ing uripé?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 08:29 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)