Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 047 (Sifting out of the disciples)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
B - GUSTI YESUS IKU ROTI PANGURIPAN (Yokanan 6:1-71)

5. Anggone gusti milih marang para murid Panjenengane (Yokanan 6:59-71)


YOKANAN 6:66-67
66 Wiwit nalika iku para siswane akeh kang padha mundur, wus ora ndherekake tindake maneh. 67 Kang iku gusti Yesus ngandika marang sakabat rolas: Apa kowe ora padha arep lunga uga?”

Mukjijat maringi mangan 5000 wong iku andadekake akeh wong kang kapilut. Nanging, gusti Yesus tetap maringi wewengan wong-wong kang julig ing antarane wong-wong kang kapilut iku, lan sebanjure akeh wong kang mundur saka Panjenengane. Gusti Yesus ora ngersakake wong duwe semangat dadi wong mursid mung samudana, utawa mung angger pracaya kanthi landesan kang palsu. Gusti Yesus ngersakake kalahiran kang kaping pindho, iman kang tulus kang mbangun turut marang Panjenengane tanpa ana kang disingitake. Nalika iku telik sandi golongan Makamah Agama ing Yerusalem wis wiwit nyusup ing antarane wong-wong kang ndherekake Panjenengane. Golongan Makamah agama iku meden-medeni wong-wong kang setia kanthi ngancam bakal di sebratake saka agama yahudi. Yaiku manawa wong-wong mau tetap wae melu wong kang disebut tukang apus-apus masyarakat iku. Akeh wong Kapernaum kang mundur, kanthi mengkono masyarakat lan golongan wong biasa akeh kang mundur saka anggone ndherek gusti Yesus. Malah wong-wong kang setia uga wedi karo panguwasane Makamah agama iku. Golongan Makamah agama duwe panemu yen wulangan Sang Kristus iku kalebu wulangan kang keladuk. Mung kari sathithik wong kang tetap kanthi tulus ndherek panjenengane. Gusti Yesus lagi nginteri endi sing gandum lan endi kang alang-alang.

Sadurunge lelakon iki, Sang Kristus wis milih 12 rasul saka ing antarane para pandhereke, kang nggambarake 12 suku ing antarane bangsa Panjenengane. Gunggunge iki kaperang saka 3 X 4 kang dadi simbul Suwarga lan bumi, utawa luwih pase Tri tunggal kang suci lan papat keblat jagat di sambungake.

Sakwise pisah karo wong akeh iku, Gusti Yesus nerusake ndadar marang wong-wong kang wis kapilih dening Panjenengane, kanggo negasake timbalane lan ngandika, “Apa kowe ora padha arep lunga uga?” Kanthi pitakonan iki Gusti Yesus meksa para murid supaya gawe putusan arah mangsa tembene dhewe. Kanthi cara mengkono iki gusti Yesus ndangu panjenengan lan aku ing mangsa-mangsa angel lan dina-dina panganiaya, apa panjenengan arep ninggalake Panjenengane utawa tetap ana ing sacedake Panjenengane? Endi kang luwih penting, pakulinan, rerasan, akal utawa aman bab bandha utawa gegayutan panjenengan karo Gusti Yesus?

YOKANAN 6:68-69
68 Atur wangsulane Simon Petrus: “Gusti, ingkang kawula purugi sinten? Pangandika Paduka punika pangandikaning gesang langgeng. 69 Saha kawula sampun sami pitados tuwin sumerep, bilih Paduka punika sang suci kagunganing Allah.

Petrus nuduhaken kayekten saka pameca Sang Kristus yen Panjenengane pancen watu karang kang sentosa. Matur bab atas jenenge kabeh para murid, Petrus atur wangsulan: “Gusti, ingkang kawula purugi sinten? Paduka piyambak ingkang dados sumber saking gesang langgeng”. Petrus bisa uga durung mangerti wutuh apa kang dadi karsane gusti Yesus, nanging rumangsa ing sajroning atine yen manungsa Yesus saka Nazaret iki Gusti kang saka suwarga, saka Panjenengane metu pangandika kang duwe daya cipta kanthi panguwasa kang nguripi , Panjenengane dudu manungsa lumrah. Petrus pracaya yen gusti pancen rawuh. Petrus nalika semana melu ngedum roti iku. Astane Gusti Yesus paring pitulungan nalika Petrus meh kasilep ing mbanyu. Ati Petrus wis kapilut karo gusti Yesus, Petrus nresnani Gusti luwih saka liyane, lan durung tahu ninggalake Panjenengane. Petrus wis milih gusti Yesus, awit gusti Yesus wis luwih dhisik milih dheweke.

Pemimpin saka para rasul iku ngringkes paseksene kanthi tembung iki, “Aku kabeh wis pracaya lan ngreti”. Awit iman wae kang mbuka pandelengan mripate ati. Iman kita wae kang madhangi pikiran kita. Dadi Petrus lan para murid kang liya mbangun turut marang panggerete Roh Allah, kang wis nuntun dheweke iku ing sajroning iman marang gusti Yesus kang maringi pepadhang marang para rasul supaya wanuh marang kayekten. Para rasul tuwuh kesadarane tuwuh gegayutan karo kaluhuran kang sinigitan iku. Kabeh kawruh kang sejati saka Gusti Yesus iku sawijining sih rahmat kang kebak nugraha saka Gusti Allah.

Apa hakekat asal iman para murid marang gusti Yesus? Apa kang dadi isine iman para murid? Para murid iku kadudut atine karo Sang Mesih kang asipat Allah, kang ing sajrone Panjenengane kelakone Sang Roh suci makuwon. Gusti Yesus manunggalake ing sajroning pribadi Panjenengane kabeh kalungguhane yaiku minangka jejering Imam, Raja lan nabi. Raja, Imam Agung lan Nabi di sajrone Prejanjian Lawas dijebati dening Sang roh Suci. Ing sajroning Sang Kristus nyawiji kabeh tenaga lan berkah kang saka suwarga. Panjenengane iku Raja kang asipat Allah kang mahakuwasa; Panjenengane uga Imam Agung kang ngrukunake antarane manungsa karo Kang nitahake wong kabeh. Panjenengane kagungan panguwasa nangekake wong mati; Panjenengane bakal ngadili jagat iki. Kanthi iman Petrus bisa ngerti kamulyane Sang Kristus.

Kanthi bebarengan para murid iku pracaya; lan Petrus dadi juru wicarane para murid ngandakake minangka seksi kan nyekseni sawijining prekara kang penting banget: Yen gusti Yesus iku kang Suci saka Allah, lan ora mung manungsa lumrah nanging uga Gusti Allah kang sejati. Kabeh kang dadi kagungane Allah uga ana ing sajrone Panjenengane mingka jejere putra Allah. Panjenengane tetap ora duwe dosa, lan nindakaken tugase minangka jejere cempening Allah, dikaya kang wis diweca dening Nabi Yokanan Pembaptis. Para murid nresnani Panjenengane lan ngurmati Panjenengane, awit para murid ngerti yen rawuhe Gusti Yesusiku uga ateges Gusti Allah ya rawuh. Ing sajroning Sang Putra para murid ndeleng Sang Rama, lan sinau tepung yen gusti Allah iku katresnan.

YOKANAN 6:70-71
Pangandikane Gusti Yesus: “Rak Aku dhewe kangmilih kowe wong rolas iki, nanging salah siji ing panunggalanmu iku Iblis. 71 Anadene kang dipangandikaake mangkono iku Yudas anake simon Iskariot, marga iku panunggalane sakabat rolas, kang bakal ngulungake gusti Yesus.

Gusti Yesus nampani paseksen iki kanthi bungah awit Panjenengane mirsani dadi tanda anane iman kang mundhak-mundhak. Nanging Gusti Yesus uga pirsa yen salah siji ing antarane para murid ana kang lumawan Panjenengane yen ana wewengan. Anggone wangkot salah siji muride iki nganti Gusti Yesus mestani dheweke iku “iblis”. Kabeh para murid kang liyane dipilih, lan dituntun dening Sang Rama marang sang putra, nanging ora ateges wong-wong mau dikaya robot ing astane Gusti Allah. Para murid tetap duwe kebebasan milih apa mbangun turut marang suara Sang Roh Suci utawa ngungkurake suwara mau. Yudas sengaja nutup pikirane saka suwara Allah, lan tunduk marang Iblis, kang mbangun anane sesambungan kajiwan ing antarane loro-lorone. Yudas ora ninggalake gusti Yesus dhewe kaya ditindakake wong-wong liya kang ngluhurake gusti Yesus, nanging tetap bebarengan karo gusti Yesus, dikaya wong kang lelamisan kang reka-reka pracaya. Yudas dadi anak ssaka “Bapane kabeh apus-apus” lan saya tambah-tambah anggone nindakake khianat. Nalika Petrus ngakoni yen Sang Kristus iku dadi jejering Sang Mesih, Yudas miwiti rancangane nindakake khianat marang Sang Kristus marang Makamah Agama. Kanthi landhesan rasa sengit. Yudas kanthi singitan ngrancang anggone arep tumindak khianat marang gusti.

Penginjil iku ora gawe reringkesan pasal kang penting banget iki kanthi pakaryan kang unggul banget bab panguwasa kang diparingake marang para rasul. Nanging dheweke ngatonake kasunyatan yen sinadyana ing golongan para murid kang setia, ana uga kan dadi wong kang nindakake khianat. Gusti Yesus ora nundung dheweke, lan uga Panjenengane ora nyebutaken sapa jenengne ing ngarepe para murid liyane. Nanging Panjenengane tetap sabar marang murid siji iki, manawa Yudas sebanjure mratobat saka tumindake kang ala kang ana ing sajroning atine.

Sedulur kang kinasih, panjenengan dadar awak panjenengan kanthi andap asor. Apa panjenengan iki putra Allah utawa anak Iblis? Apa panjenengan mbuka badan panjenengan marang panuntune Sang Roh suci utawa panjenengan malah luwih nyerak karo Iblis? Jumagaa, supaya panjenengan aja nganti kelangan tujuwan ing urip panjenengan. Gusti panjenengan banget nresnani panjenengan, lan wis nylametake panjenengan. Nanging, manawa panjenengan nampik keselametan saka Panjenengane, panjenengan bakal tiba ing sajroning dalane si pangawak dursila, lan bakal tetep ana ing belok Iblis. Panjenengan bali marang Sang Kristus, awit Panjenengane lagi ngenteni Panjenengan.

PANDONGA: Gusti Yesus Kristus, paduka putra Allah, kang suci, kebak sih rahmat, kagungan panguwaos lan mimpang. Paduka apunten kalepatan-kalepatan kula, lan tetepaken ing salebetipun badan kula prejanjian Paduka, kanthi makaten kula saget gesang ing salebetipun kasucen, lan terus wonten ing ngarsa Paduka, lan karibah dados kadosdene Paduka. Paduka sucekaken para pandherek Paduka, supados mindhak-mindak ing salebetripun iman lan kawruh, lan supados ngaturaken paseksen dhumateng sadaya tiyang menawi Paduka kemawon Sang Kristus, Putra Allah ingkang gesang. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa gegayutane paseksene Petrus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:44 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)