Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 043 (Jesus offers people the choice)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
B - GUSTI YESUS IKU ROTI PANGURIPAN (Yokanan 6:1-71)

4. Gusti Yesus nawakake pilihan marang wong akeh, “gelem nampa apa nampik!” (Yokanan 6:22-59)


YOKANAN 6:34-35
34 Unjuke wong-wong mau: “Gusti, kawula mugi Paduka paringi roti punika ing salaminipun!” 35 Pangandikane Gusti Yeus: “Aku iki roti panguripan; sing sapa marangi Aku, iku ora bakal luwe maneh, sarta sing saspa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak maneh.

Gusti Yesus ndadekake wong-wong kang mirengake Panjenengane iku ngrasa ngelih marang roti kang saka Gusti Allah, lan paring kamardikan marang wong-wong mau saka cancangan panggawe tartamtu. Panjenengane ndadekake wong-wong mau nggatekake marang keselametane, lan nyawisake wong-wong mau nampani sih rahmate Allah; Panjenengane mbeberake kabutuhan iman marang Panjenengane. Mireng pangandikane Gusti Yesus mengkono, ing tata lahir wong akeh iku sarujuk, lan matur, “Paduka ingkang maringi Roti kasuwargan, paduka paringi kawula sih rahmat ingkang mboten wonten bandinganipun menika terus, supados ngentasaken kawula saking nyambut damel rekaos. Kawula gadhah pengajeng-ajeng dhumateng Paduka, paringi kawula gesang ingkang langeng, paringi dhumateng kawula panguwaos Paduka!”. Wong akeh iku pikirane isih ing Roti kadonyan, nanging saora-orane wong akeh mau ngerti yen sih rahmate gusti Allah iku ora ana bandingane.

Gusti Yesus ora nampik wong-wong kang kepengin cerak karo Panjenengane. Pajenengane kanthi cetha nuduhaken yen Panjenengane iku Roti Allah kanggo jagat iki, lan dudu kang nyawisake panganan. Gusti Yesus ing sajroning pribadi Panjenengane nyawisake kabeh kang dibutuhkan kanggo urip langgeng. Gusti Yesus nyethakake, “Kowe ora bakal nemokake urip langgeng sakliyane Aku. Ya Aku iki sih rahmat Allah kanggo kowe; tanpa Aku kowe bakal tetap ing sajroning pati”

“Kayadene roti mlebu ing awakmu lan menehi tenaga kanggo uripmu semono uga Aku ngersakake mlebu ing sajroning awakmu, supaya Aku nganyarake pikiran lan telenging atimu, kanthi mangkono kowe bisa urip ing sajroning Sang roh Suci. Tanpa Aku kowe ora bisa nindakake apa-apa. Kowe mbutuhake aku ing saben dinane. Aku maringake badanKu kanggo kowe kanthi ora susah mbayar. Kowe ora perlu mbayar. Bukaen atimu aku bakal mlebu. “ Sedulur, panjenengan mbutuhake Sang Kristus. Maca pangandikan Panjenengane utawa ngerti penggalih Panjenengane durung cukup. Panjenengan isih mbutuhake Panjenengane secara pribadi. Gusti Yesus padha pentinge kanggo panjenengan kaya panganan lan banyu ing saben ndinane. Babagan iku mangga panjenengan wae, apa panjenengan kersa nampa Panjenengane utawa panjenengan ngersakake nampani kacilakan langgeng.

Bisa uga panjenengan ana pitakonan, kepiye Gusti Yesus bisa mlebu ing sajroning telenging uripku? Panjenengane paring jawaban: “Kareben atimu duwe rasa kangen marang Aku, nyeraka marang Aku lan tampanen Aku kanthi panuwun, pracaya marang Aku”. Rawuhe gusti Yesus ing sajroning ati kita kelakon krana iman. Syukur marang gusti Yesus awit Panjenengane iku sih rahmat Allah kanggo panjenengan, kang masrahake sarirane kanthi panjenengan ora susah mbayar; panjenengan puji gusti Yesus kanthi kabunghan, awit gusti Yesus wis sumadiya manunggal ing sajroning panjenengan. Panjenengane bakal rawuh marang panjenengan menawa panjenengan nyuwun marang Panjenengane kanthi tumemen. Nyuwuna marang Panjenengane supaya Panjenengane manunggal ing sajroning panjenengan nganti saklawase.

Sebanjure gusti Yesus bakal maringi keyakinan marang Panjenengan, “Awit kowe nampani Aku, Aku bakal manunggal ana ing kowe, lan paring kalegan awit saka ngelihmu ing sajroning uripmu. Aja ngrembuk maneh bab agama-agama ing jagat lan palsapah kaya-kaya kabeh sing dipratelake iku kayekten. Aja maneh mampir ing rawa kang ana lan ngombe ing kono. Nanging ya Aku iki kang bakal maringi kowe panguwasa, maknane urip lan tentrem rahayu”.

YOKANAN 6:36-40
Nanging kowe wus padha Daktuturi: Sanadyan kowe wus padha ndeleng marang Aku, ewadene padha ora pracaya. 37 Kabeh kang diparingake marang Aku dening Sang Rama, iku bakal padha marani Aku. Sarta sapa kang marani Aku ora bakal Daktampik. 38 Sabab anggonKu tumurun saka ing swarga iku ora supaya nglakoni karepKu dhewe, nanging karsane kang ngutus Aku. 39 Dene karsane Sang Rama kang ngutus Aku iku mangkene: Kabeh kang wus kaparingake marang Aku iku aja nganti ana kang ilang, nanging supaya Daktangekno besuk ing wekasaning jaman. 40 Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman”.

Gusti Yesus wis maringi wong-wong Galilea iku roti sih rahmat kang ora susah mbayar. Wong-wong Galilea nyawang Gusti Yesus ing sajroning panguwasa kang ngeda-edapi. Weruh dumugi samono iku ora andadekaken keyakinan, lan uga ora andadekake wong-wong mau maju nganti tekan iman marang Panjenengane. Wong-wong mau tetap mangu-mangu lan ora duwe kemantepan. Wong-wong mau yakin yen gusti Yesus iku bendara atas roti, nanging mangu-mangu precaya marang Panjenengane minangka jejeripun pribadi. Wong-wong mau ora nampa Panjenengane kanthi atur panuwun.

Gusti Yesus nyethakake marang wong Galelia, kaya kang ditindakake ing Yerusalem, kang dadi jalaran pisahe antare wong-wong mau karo Panjenengane. Kenapa akeh wong kang ora pracaya karo gusti Yesus? Kang aneh, gusti Yesus ora langsung ngandika, “kabeh iki salahmu”, nanging nuntun wong-wong mau ndeleng marang Sang Rama, lan nuduhake marang wong-wong mau kepiye iman iku dibangun dadi panggawe kang asifat kasuwargan.

Gusti Yesus ora duwe pangarep-arep menangake wong siji wae kanthi kajuligan utawa mung kanthi dedebatan wae; amung gusti Allah wae kang maringake marang Panjenengane wong-wong dosa, awit Gusti Yesus pirsa kasunyatan bab wong-wong mau lan anggone wong –wong mau nyawisake awake kangg mratobat lan ninggalake dosane. Mung wong kang dituntun Sang Roh suci bakal sowan marang gusti Yesus. Sang Kristus ora rumangsa risi marang wong kang tukang ngapusi, wong kang laku jino, maling, sauger wong-wong mau sowan marang Panjenengane kanthi alandhesan nggetuni apa kang wis ditindakake. Panjenengane ora nampik sapa wae kang wis nyerak Panjenengane, malah kang dadi satru Panjenengane pisan. Gusti Yesus kagungan sih rahmat marang wong-wong mau lan maringake marang wong-wong mau keselametan.

Sang Kristus ora urip kanggo sarirane piyambak, lan Panjenengane uga ora kagungan rancangan urip alandhesan sakersane piyambak. Panjenengane rawuh kangg nglakoni apa kang dadi kersane Sang Rama, lan pas karo tujuwan katresnane Sang Rama, supaya nylametake kabeh manungsa kang gelem diselametake, lan kanggo njangkung wong-wong pracaya akang tetep manunggal ing sajroning Panjenengane. Kamirahan lan pangawasa keslametan Panjenengane iku agung. Iya pati, iblis, utawa dosa ora bakal bisa ngrampas wong-wong kang wis ana ing sajroning asta Panjenengane. Ing sajroning Rahmat Panjenengane, gusti Yesus bakal nangekake para pandhereke ing dino pengadilan supaya lumebu ing urip kang langgeng.

Apa panjenengan ngerti karsane Allah? Gusti Allah ngersakake supaya panjenengan ndeleng Sang Putra, ngerti Panjenengane lan Pracaya marang Panjenengane. Panjenengane dilahirake krana sang Roh Suci, kebak sih rahmat lan kayekten. Sebanjure gusti Allah ngersakaken supaya panjenengan manunggal karo sang Juru selamet, bebarengan karo kabeh wong pracaya ing sajroning prejanjiaan kang langgeng kang ora bakal dibatalake: kanthi mengkono tujuan Allah ing sajroning panjenengan kaleksanan. Wong kang pracaya langsung nampani urip langgeng dening sang Roh suci kang rawuh ing sajroning badan panjenengan kang ringkih iku. Iman panjenengan marang gusti Yesus njamin urip langgeng iki ing sajroning panjenengan, urip kang dipratelakake kanthi katresnan, kabungahan, tentrem rahayu lan alusing bebuden. Manunggaling Allah ing sajroning panjenengan ora bakal kapungkasi. Waktu pungkasan saka karsane Allah ing sajroning panjenengan yaiku nalika gusti Yesus nanggekake panjenengan saka pati. Yaiki pengarep-arep gedhe saka wong-wong pracaya, sebanjure pucuk saka urip kang ditawake marang panjenengan dening sang Putra bakal timbul-kaluhuran Sang Putra Allah lan kang apik banget awit saka katresnan Panjenengane.

PANDONGA: Kawula manembah Paduka,Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh suci. Paduka mboten tebih saking kawula. Nanging Paduka rawuh dhumateng kawula ing wekdal tiyang kathah nampik Paduka. Paduka paring pepadhang dhumateng kawula kangge ningali Paduka lan nampi Paduka minangka Roti ingkang sejatos. Matur nuwun awit Paduka mobten nampik kawula. Paduka sampun nglegakake raos luwe jiwa kawula, lan paduka badhe mungokkake kawula dhateng gesang berkah ingkang langgeng, lan memuji kabingahan ingkang langgeng menika.

PITAKONAN:

  1. APA LIRE ROTI PANGURIPAN IKU?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:41 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)