Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 103 (Encouragement)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)
3. CARANĚ NJEMBARAKÉ KRATON SUWARGA (Matéus 10:5 - 11:1) -- KUMPULAN KAPINDHO SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

c) Panglipuran ing Tengahing Kaangélan (Matéus 10:26-33)


MATÉUS 10:26-27
26 Mulané wong iku aja padha kokwedeni, awit ora barang kang kasasaban, kang ora bakal kawiyak, lan ora ana barang kang kadhelikaké, kang bakal ora kaweruhan. 27 Apa kang Dakpituturaké ana ing petengan, iku kandhakna ana ing padhangan; lan apa kang kokrungokaké kanthi bisik-bisik, iku padha wartakna saka payon-payon.
(Markus 4:22; Lukas 8:17; 12:2-9)

Kratoné Allah ora mung tembung tanpa panguwasa. Kita ora duwé wadi kang disingitaké utawa disimpen. Kita nawakaké panguasa Sang Roh Suci lumantar paseksen kita marang kabéh wong kang mengini panguwasa iku. Panguwasa Sang Kristus wis mlebu ing sajroné ati kita nuntun kita kanthi bener. Katresnan Panjenengané kang suci ora tetep kasingidan ing sajroné kita, nanging katon ing sajroné kita leladi. Panjenengan ora bisa nyingidaké iman panjenengan manawa Sang Kristus manunggal ing sajroné panjenengan, awit sing sapa nresnani Gusti wong iku ora bakal goroh utawa nyolong, utawa dadi gumunggung, nanging nyenengaké atiné wong tuwané lan ngurmati para tangga teparoné. Wong iku ora bakal ora jujur ing sajroné ujian ing sekolah utawa penggawéané lan ora melu-melu ing sajroné revolusi utawa pambalela. Patunggalan panjenengan karo Sang Kristus bakal katon lumantar paseksen uirp panjenengan ing masyrakat. Kita ora bingung nyangga risiku krana iman kita kanthi kekuatan kita dhéwé, Gusti kang paring kekuwatan kita awan lan bengi, ing dina kang becik lan dina kang ala. Kita ora dhéwékan. Kita dituntut supaya nglantaraké marang wong-wong liya, tanpa rasa wedi, kabéh kang kita krungu saka Injil babagan kaselametan kita. Pratéla ilahi nuntun kita ménéhi paseksen. Awit Sang Roh Suci nyeseké kanthi roh panjenengan yén panjenengan dadi putra Allah lumantar rah Sang Kristus, panjenengan duwé hak luwih-luwih kanggo nyeksekaké babagan sih rahmat ini. Wartakna marang masyarakat, awit pangandikan Gusti iku landhesan saka keselamatan manungsa.

Ing sawijining dina ana abdi Gusti kang lumpuh lan wuta njaluk para mitrané nukokaké mikrophoné. Para mitrané kagét karo panjaluké lan moyoki. Para mitrané padha nakokaké jalarané abdi gusti mau njalu para mitrané nggawa microphoné mau menyang payon omah kang rata kanthi mengkono abdi gusti mau bisa nglantaraké kanthi swara kang bening marang kabéh wong kang lewat ing ngarep omahé supaya wong iku keblat uripe menyang suwarga lan ora menyang neraka. Manawa wong lumpuh lan wuta iki bisa ménéhi paseksené kayangapa kita kang diparingé Gusti mata kang cetha lan ditimbali ngengakaké tutuk kita, bisa mitulungi wong-wong kang katut mlebu neraka lan nguwalaké wong-wong kanthi Injil keselametan?

Terusna pagawéan kita, wartakna Injil ing saindhenging jagat. Yaiku timbalan panjenengan, eling-eling iku! Rancangan satru panjenengan ora mung kanggo nyilakaké panjenengan, nanging ngrusak paseksen panjenengan! Awit saka iku, apa waé akibate, nyatakna Injil saakéh-akéhe, “Apa kang Dakpituturaké ana ing petengan, iku kandhakna ana ing padhangan;... padha wartakna saka payon-payon.”

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, Paduka nandhang kasangsaran kanggé kawula, lan kawula ajrih babagan piawonipun manungsa. Kawula ngluhuraké Paduka ingkang sampun milujengaké kawula. Paduka wucal kawula ndhérék Paduka kanthi setya lan paringana kekiyatan dhumateng kawula saka Sang Roh Suci Paduka, kanthi makaten kawula saget paring paseksen dhumateng tiyang-tiyang sanés babagan menapa ingkang Paduka wartakaké dhumateng kawula bilih Kraton Paduka badhé dumugi ing salebetipun griya lan ing sakiwa tengen kawula.

PITAKONAN

  1. Apa kang ditudhuhaké ing sajroné kasetyan ndhérék Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 07:56 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)