Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 104 (Encouragement)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)
3. CARANĚ NJEMBARAKÉ KRATON SUWARGA (Matéus 10:5 - 11:1) -- KUMPULAN KAPINDHO SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

c) Panglipuran ing Tengahing Kaangélan (Matéus 10:26-33)


MATÉUS 10:28
28 Aja wedi marang wong-wong kang bisa mateni raga, nanging ora bisa mateni nyawa, aluwung wedia marang Panjenengané kang bisa ngrusak karo-karoné ana ing naraka, iya jiwamu iya ragamu.
(Ibrani 10:31; Yakobus 4:12).

Tembung kang kaya mengkené iki gampang banget dipocapaké, nanging angel disangga. Nalika tutug wektuné ngadhepi cobaning urip, dipecuti, kunjara, pedang lan geni mula ati kang sentosa dhéwé pisan bakal geter lan mbudidaya uwal, mliginé manawa prekara iku bisa ditindaké kanthi mengkono wongwong iku ora kudu kompromi.

Gusti Yésus ngandika “Aja wedi” nganti kaping telu ing kotbah Panjenengané nalika ngutus para murid Panjenengané leladi. Dhawuh iki dhawuh ilahi, supaya kita ora wedi marang manungsa, pati lan iblis, malah sinadayana rasa wedi iku asale saka para panguwasa, wong tuwa, sétan-sétan utawa agar-agaré liyané.

Apa kang diwedeni manungsa? Apa manungsa wedi marang panandhang? Prekara iku mung wiwitané pati. Apa pati pantes diwedeni? Ora! Manawa Sang Kristus ngesokaké sugené marang kita, kita ora bakal mati lan bakal urip selawase! Apa kita wedi marang urip kang ing mburinané pati? Ora! Awit rah Sang Kristus wis nyuceni telenging ati kita saka kabéh patrap cemer, lan Roh Suci nglipur kita. Apa kita wedi marang Allah? Ora! Awit Panjenengané iku Rama kita. Kabéh manungsa, kajaba wong-wong Kristen, wedi lan gemeter marang pengadilan Panjenengané. Kanggo kita, Panjenengané wis andadekaké kita para putra kang ditresnani Panjenengané manawa Roh Suci Panjenengané kang tulus manunggal ing sajroné ati kita.

Sang Kristus mbetengi para murid Panjenengané marang coban kang banget medeni iku. Panjenengané maringi kita alesan kang becik lumawan rasa wedi iki, awit winatesé kekuwatan Sang satru. Para satru mung bisa mateni raga panjenengan waé, nanging iku watesing kanepson kang bisa ditindakaké para satru mau, manawa Gusti Allah ngidinaké, lan ora luwih saka iku. Para satru ora bisa mateni utawa natoni jiwa kita, awit jiwa kita ana ing sajroné awaké wong. Jiwa ora, kaya kang diimpekaké sawetara wong, turu sakwisé wong iku mati, utawa ilang saka pikiran lan pangeling-eling; kanthi mengkono, mateni raga ora mateni jiwa uga. Jiwa bakal kasiksa manawa jiwa pinisah karo Allah lan katresnan Panjenengané. Kang iki ngluwihi apa kang dipikir lan panguwasané para satru. Pancoban, kasusashan lan panganiaya bisa uga bakal misahaké kita saka apa kang ana ing jagat iki, nanging ora bisa misahaké kita saka Gusti Allah, ora dadi jalaran kita mandheg nresnani Allah, utawa kita mandeg ditresnani Allah. Manawa kita luwih nggatekaké marang jiwa kita lewih saka bandha kang kita duwéki, kita bakal kurang rasa wedi marang manungsa, kang kekuwatané ora bisa ngrampas nyawa. Para satru mung bisa mateni raga, kang pancen ora suwé mesti bakal mati dhéwé, nanging ora bisa mateni jiwa, kang bakal ngrasakaké bebarengan ing ngarsané Allah. Para satru bisa ngrusak wadahé nanging ora bakal bisa nyenggol mutyara kang sinimpen ing sajroné wadah mau.

Sebanjuré kepiyé bisa Gusti Yésus ngandika yén kita kudu wedi marang Gusti Allah? Lan yén mung Panjenengané waé kang bisa mbuwang jiwa kita marang neraka? Sang Kristus mratélakaké marang kita dhawuh kang tegas supaya wedi marang Gusti Allah manawa kita nganggep yén keselametan urip kita luwih penting tinimbang kaagungan lan katresnan saka Sang Rama kasuwargan kita, lan ngedohaké kita saka iman marang Sang Kristus. Sebanjuré Sang Rama bakal rubah dadi Hakim kanggo kita, awit kita wis mbuwang keselametan saka Panjenengané awit saka rasa wedi marang manungsa. Kita kudu ngadeg ana ngarsané Panjenengané lan ngaturaké jawaban atas kabéh tembung kang ora ana gunané kang kita aturaké lan saben rupiah kang kita enggo lan saben niat kang kita pikirake. Rahayu kanggoné wong-wong kang wis ngakoni dosa-dosané ing ngarsané Allah kang Maha suci. Manawa ora awit rah Gusti Yésus Kristus, kita temtu bakal dikuwasani rasa wedi lan rasa nglokro, awit Gusti Yésus wis nylametaké kita saka bebendu kang bakal teka, kanthi mengkono kita bisa urip ing sajroné katentreman kang langgeng.

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, Roh Suci Paduka, sampun mratélakaken bilih mboten wonten raos ajrih ing salebetipun katresnan, awit katresnan ingkang sempurna badhé ngicali raos ajrih. Paduka apunten kawula atas kirangipun iman kawula lan raos ajrih kawula dhumateng pati langkung saking kawula ajrih dhumateng Paduka. Paduka penuhi kawula kaliyan katresnan Paduka kados dené Paduka nresnani kawula, lan supados kawula saget nresnani para satru kawula kados dené Paduka nresnani para satru lan ngorbanaké gesang Paduka kanggé para satru. Paduka paringi kekuatan kawula ing salebetipun katresnan kanthi makaten kawula saget nyeksekaké Paduka ing salebetipun tembung lan patrap kawula, ing salebetipun dong, lan pikiran dhumateng para satru ingkang dhumateng Sang Roh suci nuntun kawula. Paduka bikak talingan manah kawula supados kawula saget mireng pitedah Paduka lan mbangun turut dhumateng Sabda Paduka.

PITAKONAN

  1. Kepiyé kita bisa ngalahaké rasa wedi kita marang manungsa gegayutan karo paseksen kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 07:59 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)