Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 047 (The Beatitudes)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS

a) Pocapan Rahayu (Matéus 5:1-12)


MATÉUS 5:9
9 Rahayu wong kang dhemen ngrukunaké, awit ikku bakal padha kasebut para putraning Allah.
(Ibrani 12:14)

Uniné lonceng keparengé gusti Allah kang kaping pitu nimbali panjenengan supaya nindakaké leladi karukunan. Wong kang iman ora bakal urip mung kanggo awaké dhéwé. Panjenengané ora bakal keset lan mentingaké awwaké dhéwé. Wong iku bakal metu lan dadi pantaran antarané gusti Allah karo manungsa lan ngajak wong-wong iku kang bakal cilaka supaya rukun karo gusti Allah. Panjenengan warttaké marang wong-wong liya kepiyé tentrem rahayu kasuwargan wis teka lan manunggal ing sajroné ati panjenengan. Undang wong-wong iku marang iman lan pengarep-arep. Sebanjuré panjenegan bakal ana ing sajroning keselarasan karo Sang Roh Kristus lan panjenengan bakal dadi sedulur saka Sang Kristus, kang déning séda Panjenengané wis ngrukunaké jagat karo gusti Allah Rama-Né. Panjenengané ngersakaké nyebar tentrem Rahayu Panjenengané ing saindhenging jagat. Gusti Allah ing sajroné katresnan Panjenengané bakal nampa panjenengan ing sajroné keluarga kasuwargan kagungané sebanjuré ngutus panjenengan marang wong-wong liya supaya martakaké pawarta karukunan marang wong-wong iku. Nanging aja lali, yén ora bakal tau ana karukunan tanpa kayu salib, lan wong kang kepéngin gawé rukun tanpa Raja katentreman iku temtu bakal gagal.

Wong-wong kang nggawa karukunan bakal diwestani minangka putra-putrané Allah. Gusti kang langgeng iku bakal nampané wong-wong kang nggawa karukunan iku minangka “putra-putra Panjenengane” lan ngutus wong-wong mau minangka wong kang nggawa karukunan marang jagat kang kebak sesengitan. Gusti Allah piyambak iku Gusti Allah tentreman Rahayu, Putra Tunggal Panjenengané yaiku Sang Roh tentrem Rahayu. Gusti Allah wis mratélakaken sariraNé marang kita minangka Rama kita kang kepareng paring pangapura, nanging Panjenengané ora bakal nampani wong-wong kang kacancang ing sajroné rasa sengit marang pepadhané. Manawa kang nggawa karukunan bakal diberkahi, bakal nampani kacilakan wong-wong kang ngrusak karukunan iku!

Sang Kristus ora tahu ngrancang nyebaraké agama Panjenengané kanthi nggunakaké pedang utawa geni, utawa paukuman mati, utawa nampani patrap fanatik utawa ngakoni sikep kang keras ing sajroning pambudidaya iku, dadi tanda kanggo para murid Panjenengané. Kang dadi anaké jagat iki seneng mancing ing banyu kang buthek, nanging putra-putra Allah yaiku wong-wong kang “nggawa karukunan”, kang mapan “ing negari ingkang gesangipun sami rukun” (Jabur 35:20).

Ana sawijining titik kang dilandhesi panemu yén ana bedané lan ana lelawanan antarané ayat iki karo apa kang dingandikaaké gusti Yésus, “Kowé aja padha ngira, yén tekaKu nggawa pirukun ana ing bumi. TekaKu iku ora nggawa pirukun nanging pedhang” (Matéus 10:34). Sang Kristus iku Ratu Katentreman kang sejatiné kang nyepeng pemerintahan atas kabéh para pandhérék Panjenengané “Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang ngandiaya kowé padha dongakna slamet,” lan “Malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan” lan “Aku pitutur marang kowé: Kowé aja nglawan marang wong kang gawé piala marang kowé”, lan ayat –ayat liya kang memper (Matéus 5:38-48).

Panjenengané pancen ngandika, anggonKu rawuh ora nggawa karukunan, nanging pedhang”. Tujuwan pratéla Gusti iki ora kanggo gawé cecongkrahan lan pasulayan utawi ngilangi katresnan lan karukunan. Tujuan Panjenengané yaiku kanggo nyethakaké bedané antarané kasucén karo piala. Ora bakal padha antarané roh kayektén Panjenengané karo watonan piala saka wong-wong kang wis ngedoh saka kayektén karo anggoné apus-apus. Sang Kristus rawuh kanggo misahaken antarané kayektén karo kang ora yekti, antarané padhang karo pepeteng. Akéh wong – awong kang pracaya kang lagi bingung karo timbalan Sang Kristus iki. Wong-wong mau ora bakal mati ing sajroné kabingungané awaké dhéwé, nanging bakal nandhang kasangsaran ing sajroné kabingungané karo mitra lan keluwarga kang duwé kekarepan supaya wong-wong pracaya iku ngedoh saska kayektén. Asring dumadi wong kang lagi pradcaya kudu nindakaké sawijining prakara kang ora selaras karo pepinginan wong tuwané awit nresnani keselametan kang wis ditemokake. Kerep banget wong pracaya milih nganut Injil lan dadi jalaran kanepsoné keluwarga, mitra lan wong tuwané awit wong iku duwé panemu sawijining prakara kang luwih apik lan kang langgeng.

PITAKONAN

  1. Kepiyé Sang Kristus ngagem kita supaya nggawa karukunan kanggo wong-wong liya?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 06:57 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)