Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 030 (Call to Repentance)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
B - YOKANAN PEMBAPTIS NYAWISAKÉ DALAN KANGGO SANG KRISTUS (Matéus 3:1 - 4:11)

1. Timbalan Marang Pamratobat (Matéus 3:1-12)


MATÉUS 3:10
10 Karodené wadung wus cumawis kang poking wit-witan; saben wit kang ora metokaké woh kang becik, mesthi kategor lan kacemplungaké ing geni.

Ayat iki ménéhi gambaran babagan pepeling bab kacilakan langgeng. Senajana, gedhé patrap becik lan kesabaran Gusti Allah! Panjenengané ora nindakaké paukuman sadurungé Panjenengané maringi peling marang wong-wong ala dhisik. Apa tau panjenengan ngreti tukang kayu kang nyekel wadung cemawis negor kayu kanthi dibabat sepisan? Yokanan kandha yén Sang Kristus iku Tukang kayuné lan kabéh manungsa iku wite. Wit kang ngasilaké woh katresnan lan kayektén bakal dijarna urip ing sajroné taman kraton Panjenengane; nanging sing sapa urip ing sajroné patrap mentingaké awak dhéwé lan apus-apus uga ipat-ipat bakal dikethok nganggo wadung déning Sang Kristus, hakim iku.

Dina iki, pawarto iki kawartakaké kanthi kendel dikaya nalika Sang Kristus ngandikaake. Para juru kotbah asring ngunderaken kawigaten dhumataeng nugraha lan pangapura kang tanpa mbayar, alandhesan kayektan ing kayu salib. Nanging nyepelekaké pawicara babagan bebendhuné Allah atas roang-ronag kang ora ngasilaké woh. Wong-wong kang ora dirubah déning iman ing sajroné kayektén bab kayu salib bakal ditetapaké supaya diadili lan dibuwang menyang neraka.

Jagat kita saiki iki luwih cerak marang paukuman gusti Allah tinimbang karo marang nugraha Kang Panjenengané paringake. Akéh banget wong kang urip tanpa Gusti, ora maélu nugrahané Sang Kristus. Ampun kagét bab bebenduné Gusti Allah lan paukuman Panjenengané marang manungsa awit manungsa nampik marang kayu Salib lan panguwasa Panjenengané. Ing jaman kang akéh pepérangan iki, geni pengadilan Gusti Allah wis dadi luwih nyata kanggo kita tinimbang wektu-wektu sadurunge. Kutha-kutha kobong awit tibané bom lan badan – badan kang kobong ireng awit geni kang ngejur omahe. Gusti Allah mung maringi ngerti pengadilan bebendu Panjenengané. Dadi, ayo kita mandheg ngréméhaké, wahyu Gusti Allah gegayutan geni neraka kang ngenténi kabéh manungsa kang nampik nugraha ing kayu salib.*Kaya ngapa mrihatinaké lan nglokroné wong-wong kang wis ngréméhaké kesabaran Gusti Allah! Wong-wong mau kanthi getun lan sesambat, lan kerut-kerut untu nalika wis telat anggoné mratobat. Neraka lagi teka, lan Iblis bebarengan karo roh-roh ala nguwasané wong-wongmau kang ora mbuka atiné marang Roh suci. Ayo Waspada bab bebaya kang tambah cerak lan arah kawigaten panjenengan marang Sang Kristus- wengaka ati kanthi kebak kabungahan.

Gaman kanggo mbabat wis diselehaké ing ayote uwit. Senajana kesabaran Gusti Allah isih ngenténi, dinana bakal teka nalika saben wit kang ora metokaké woh kang becik bakal ditegor lan dibuwang ing sajroné geni. Yaiki pengadilan Gusti Allah kang ora owah gingsir nalika Panjenengané ngadili umat Panjenengané (Pirsani Wahyu 2:1-5)

PANDONGA: Dhuh, Rama kang Suci, kula ngluhuraken Paduka, awit pengadhilan Paduka tansah adil lan yektos. Ampun mapanaken wadung Paduka ing oyot gesang kula ingkang cemer, nanging Paduka sabar dhumateng kula. Paring pitulungan kula supados mratobat lan ngribah pikiran kula lan patrap kula supados selarang kaliyan dhawuh-dhawuh Paduka, kanthi makaten kula saget ngasilaken woh ingkang dados kepareng Paduka. Paduka apunten mitra-mitra kula lan sedhérék kula awit mitra lan sedhérék kula menika pantes mlebet neraka kados dené kula. Gusti kawula, kawula mapanaken pengajeng-ajeng kawula gegayutan nugraha Paduka lan sih rahmat Paduka ingkang ageng.

PITAKONAN

  1. Apa kang dadi karsakaké Kang Nitahaké supaya panjenengan tindakake?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 07:53 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)