Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 031 (Call to Repentance)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
B - YOKANAN PEMBAPTIS NYAWISAKÉ DALAN KANGGO SANG KRISTUS (Matéus 3:1 - 4:11)

1. Timbalan Marang Pamratobat (Matéus 3:1-12)


MATÉUS 3:11
11 Aku iki mbaptisi kowé kabéh nganggo banyu amrih patobatmu, nanging kang bakal rawuh nungka aku, iku luwih kuwasa tinimbang aku lan mbok nyopot ageme trumpah bae aku ora pantes. Iku bakal mbaptisi kowé kalawan Roh suci lan geni.
(Yokanan 1:26-27; Para Rasul 1:5, 8; 2:1-4)

Peladosané Yokanan Pembaptis iku kang sesambungan karo pamratobat lan baptisan banyuk kanggo nyawisaké Sang Kristus, kang bakal maringi Sang Roh Suci. Prejanjian Lawas meca bab dinané nalika umat Jahweh bakal dibaptis nganggo banyu lan bakal nampa Sang Roh Allah kanggé panyucené (Yermia 31:31-34; Yehezkiel 36:24-28). Yokanan, Suwara kang nguwuh-nguwu iku, kanthi cetha nyebutaké sumber saka kabéh pameca iku- Sang Kristus, kang uga mbaptis kanthi Sang Roh Suci.

Yokanan nyethakaké yén baptisané iku kanggo pamratobat lan prekara iku ora ngrubah ati. Baptisan iku ndadar lan ngerti penyakite nanging ora marasaké penyakit iku. Yokanan banget ngenténi marang rawuhé Sang Kristus, Kang dijebati iku, siji-sijiné kang bisa nyarasaké penyakite lan nyirnakaké rusaking saka jagat iki. Sang Kristus mbaptis kabéh wong kang mratobat lan kang remuk atiné nganggo Sang Roh Suci, nglahiraké manéh rohé nganggo Roh Panjenengané kang asipat ilahi, ngrubah wong-wong mau dadi wong-wong kang kebak katresnan lan andadekaké wong-wong mau pantes mlebu menyang sajroné Kraton Suwarga. Nanging Sang Kristus bakal mbuwang wong-wong kang lamis kang katoné kaya wong-wong mursid, bebarengan karo wong-wong kang nyepelekaké nugrahané Gusti Allah, ing sajroné geni bebenduné Allah kang langgeng.

Yokanan, nabi kang gedhé dhéwé, ngadeg ing tengah-tengah watesan antarané Prejanjian Lawas, lan ana ing wates lumebu ing Prejanjian Anyar. Dhéwéké martakaken bebenduné Allah selaras karo Paugerané nabi Musa, nanging wis ndeleng Gusti kang kebak nugraha rawuh marang wong-wong kanggo nylametaké wong-wong kang mratobat, masrahaké uripe saka Allah marang sawijining jagat kang ala.

Sang Roh Suci kang diprasetyakaké marang wong-wong kang mratobat lan ngakoni dosa-dosané iku Gusti Allah dhéwé. Sing sapa ngakoni kaluputané ing ngarsané Gusti Allah lan ninggalaké dosa-dosa iku, bakal nampani lan ngrasakaké pangapura lan panguwasa kasuwargan saka Sang Kristus. Gusti Allah piyambak kang manunggal ing sajroné wong dosa iku lan andadekaké putra Panjenengané awit déning Sang Roh Suci.

Awit saka iku aja wedi marang baptisan Roh Suci awit Sang Roh iki katresnan, kabecikan lan urip langgeng saka Gusti allah, lan Sang Roh iki ngluhuraké Sang Kristus. Yokanan ngerti, sadurunge, kaluhurané Sang Kristus. Dhéwéké rumangsa awaké ora pantes kanggo leladi Panjenengane-malah nganggeb yén awaké ora pantes dadi abdi kang nguculi tali trumpahé bendarané. Sang Pembaptis iku abdi kang andhap asor kang duwé woh pamratobat kang sejati. Dhéwéké duwé pangarep-arep kanthi golonging atiné yén Sang Kristus bakal rawuh, maringi Sang Roh Suci marang kabéh kang ninggalaké dosané lan sowan marang gusti Allah.

Sawijining panglipuran kang gedhé banget kanggo para abdi kang setia, mangerti yén Gusti Yésus Kristus luwih gedhé banget tinimbang manungsa—nindakaké prekara-prekara kang ora bisa tindakaké manungsa lan maringi apa sing ora bisa diparingaké manungsa. Kekuatané Panjenengané dadi sempurna awit saka karingkihan kita (II Korinta 12:9)

Ya kanggo wong-wong mau kang ngidinaké Sang Kristus dado samukabéhé kang sebanjuré diajeni déning Gusti Allah. Panjenengané lumawan wong-wong kang gumunggung, nanging maringi nugraha marang wong kang andhap asor (Yakobus 4:6).

PANDONGA: Dhuh Rama ingkang suci, ing wekdal kula nimbang badan kula kaliyan katresnan Paduka, kula rumaos sanget déning mentingaken badan piyambak. Paduka apunten kula awit kirang sih kawelasan lan sanget wangkot. Kula ngaturaken panuwun awit Paduka ngutus Sang Kristus, lahir saking Roh Suci Paduka, supados séda kanggo kula, kanthi makaten kula pantes nampani Sang Roh suci. Paduka énggalaken sadaya tiyang pitados ingkang mratobat kanthi makaten tiyang menika saget kapenuhan kaliyan Sang Roh Suci, kasaénan, sih kadarman, lan katresnan saking Sang Kristus.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Sang Kristus bisa mbaptis kita nganggo Sang Roh Suci?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 08:10 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)