Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 022 (Worship of the Magi)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

3. Tekané Lan Anggoné Manembah Wong Majus (Matéus 2:1-11)


MATÉUS 2:7-10
7 Sang Prabu Hérodhés banjur nimbali para pandhita mau kanthi dhedhemitan, padha kadangu genah-genahé wektu katoning lintange; 8 nuli padha didhawuhi menyang ing Bétlehém sarta kaweling: “Padha mangkata, titi-priksanen sing tlesih bab Sang timur iku, dené samangsa wus ketemu, énggal padha ngunjukana uninga marang aku, supaya aku iya bisa mrana ngabekti marang Panjenengané.” 9 para pandhita sawusé nampani pangandikané Sang Nata, banjur padha mangkat. Lah ing kono lintang kang wus dideleng ana ing wétan, iku ndhisiki lakuné tumeka ing padunungané Sang timur lan mandheg ing sandhuwure. 10 Bareng weruh lintang mau, padha banget bungahe.

Prabu Hérodhés lan Makamah Agung Yahudi nutup atiné lan lumawan timbalan Gusti Allah. Wong-wong mau ora mretobat saka kabéh dosané lan mboten gelem pracaya marang wong-wong majus iku. Awis saka iku sang prabu Hérodhés nimbali wong neneka saka tlatah wétan iku supaya ana patemon dhedhemitan lan nlesih bab wektu kang gumathok gegayutan anané lintang iku supaya dhéwéké bisa ngerti wektu miyosé Sang Kristus. Sang Prabu Hérodhés wis ngerti saka para kepala Imam lan para ahli torat ana ngendi bocah iku lahir. Sang Prabu Hérodhés nggunaké akale kang akéh ngutus wong-wong majus mau menyang Bétlehém supaya nggoléki bocah kang luhur iku ing antaraké bocah kang akéh ing kutha iku kanthi tujuwan supaya dhéwéké bisa mateni bocah mau.

Hérodhés kanthi lelamisan ing ngarepe wong-wong majus iku, kandha yén bakal melu kaya wong-wong Majus yaiku manembah marang bocah kang duwé sifat keAllahan iku. Rasa banget kepénginé ngerti panci andadékakén jubriya, menawa ora katutupan patrap kaya wong kang ngrasuk agama, “Supaya aku uga sowan lan manembah Panjenengane”. Piala kang paling gedhé kala-kala kasingitan ing penthul agama lan kamursidan.

Sing mesti, Hérodhés uga para ahli torat, utawa sapa waé ing Yerusalém ora ana kang pracaya marang critané wong-wong Majus iku. Wong-wong Yahudi lan wong Romawi duwé panemu apa kang dikandakaké wong Majus iku mung dongéng waé lan padha ngréméhaken wong-wong Majus saka tlatah wétan iku. Para imam kepala ora pracaya manawa Gusti Allah ngutus Sang Kristus tanpa luwih dhisik ménéhi ngerti marang dhéwéké awit duwé panemu awaké wong-wong iku bener lan bangsa-bangsa liya iku najis. Para ahli torat duwé panemu gusti Allah mratélakaké sawijining wadi marang bangsa manca iku sawijining bab kang lelawanan karo keyakinané.

Nanging, sang prabu Hérodhés njaluk marang wong-wong Majus iku supaya wong-wong Majus ménéhi mangerti marang dhéwéké manawa wis nemokaké bocah iku. Manawa Hérodhés pinter, sabener bisa waé dhéwéké milih wong kang setio marang dhéwéké supaya nindakaké tugas iku. Bétlehém iku cerak banget karo Yerusalém, Sang prabu Hérodhés gampang banget utusan telik sandi ngawasi wong-wong majus iku, malah bisa terus mateni bocah iku nalika wong-wong majus nemokake.

Gusti Allah bisa andadekaké wuta mripat para satruné gereja kanthi mengkono ora ndeleng cara kang bisa kanthi gampang dienggo wong-wong mau ngrusak gereja, padha kaya “sarta kang damel bodhoning para hakim lan nggolingaké wong kang santosa (Ayub 12:17-19)

Sawetara para pemimpin wong Yahudi nutup atiné marang Sang Kristus, wong-wong majus nemokaké ing dinna kaping papat Desember tahun 7 sM, kaping teluné anané dadi siji Saturnus karo Yupiter. Ngedap-edapi banget! Nalika iku, lintang kang nyawiji iku katon ing sisih kidul lan ora ing wétan. Wong-wong Majus wis lumaku saka wétan menyang kulon nanging sebanjuré ngrubah arah menyang kidul tumuju Bétlehém, kang mapan ing sisih kidul Yerusalém. Lintang iku, katoné pancen lumaku ndisiki wong-wong majus mau.

Wong-wong Majus mau tekané saka negara kang adoh sakperlu manembah bocah kang lagi lair iku, kamangka wong Yahudi kang sabangsa karo Panjenengané ora gelem lunga menyang kutha kang cerak kanggo nampani Panjenengané. Bisa uga wong majus mau cuwa ing batiné awit anggoné manembah Panjenengané mung dhéwékan waé. Nanging wong-wong Majus mau tetap kuat ing tekade. Kita kudu terus sowan marang Sang Kristus. Senajana mbok menawa kita dhéwékan waé, kita kudu ngladeni gusti ora maélu apa waé kang ditindakaken wong liya. Menawa wong liya iku ora gelem mlebu suwarga bareng kita, kita ora kudu mlebu neraka bareng karo wong-wong mau.

Manawa kita leladi marang gusti menyang ngendi waé Panjenengané nuntun kita, gusti Allah bakal paring kabisan marang kita nindakaké apa kang ora bisa kita tindakaké, “wiwita nyambut gawé! Gusti kirané nganthi siro!” (I Babat 22:16). Ana paribasan bahasa latin kang mratélakake: “Paugeran nyawisaké pitulungan, ora kanggo kang meneng waé, nanging kanggo kang mbudidaya”

Lintang wis ninggalaké wong-wong majus sawetara wektu lan wis bali. Wongwong Majus kang cekelan marang gusti Allah ing sajroné pepeteng bakal nemokaké padhan kang tansah dicawisaké kanggo madhangé lakuné wong-wong mau. Gusti Allah nuntun bangsa israél karo tugu geni menyang “tanah Prejanjian”, lan Panjenengané nuntun wong-wong majus iku kaaro lintang kang tumuju ing “semen kang diprasetyakake”, kang ugga “lintang bang-bang wétan kang cemlorot” (wahyu 22:16). Gusti Allah luwih seneng “nitahaké prekara kang anyar” tinimbang karo ninggalké dhéwéké wong-wong mau kang kanthi tigen lan setyo nggoléki panjenengané.

Gusti Allah ora tau sleder anggoné maringi wong-wong kang pracaya tanda marang wong-wong dudu Yahudi. Senajana wong-wong majus iku ora dadi wong kang ahli taurta lan ora wanuh pangandikané gusti, wong-wong majus nganti mlaku adoh supaya bisa ndeleng Ratuné sakabéhi, lan nggoléki berkah saka Panjenengané. Wong-wong mau seneng banget nalika bisa ndeleng, lan kang kaping teluné manunggale loro planit ing langit. Nganti seprené kabungahan kang gedhé ngalimputi kabéh wong kang nggoléki gusti Allah lan kang mburu Panjenengané kanthi gemblenging ati. Wong-wong majus manembah Panjenengané lan bungah-bungah ing sajroné Panjenengané.

Kita kudu ngerti kalané Gusti maringi marang wong-wong kang ora Kristen ngimpi lan ndeleng dedelengan kang ndudut atiné marang Sang Kristus, marang pangandikan Panjenengané lan menyang gereja. Wong-wong mau nggoléki lan nemokaké kayektén lan ditepungaké marang pribadi Yésus. Emané akéh wong Kristen kang duwé pendidikan ora pracaya yén Gusti Yésus iku dadi putrané Allah. Wong-wong Kristen kang duwé pendidikan iku ngréméhna patangen lan tundhoné wong-wong mau kelangan bandha langgeng kang wis ana ing tangané. Golongan kang endi kang panjenengan enut? Apa panjenengan nggoléki gusti Allah kanthi sawutuhing ati kang katuju marang Panjenengané lan ora marang liyane? Apa Panjenengané dadi bandha luhur panjenengan? Utawa apa panjenengan duwé pengarep-arep pituwas kadonyan? Tinggalen kabéh iku lan golékana Gusti Yésus lan pepedhang Panjenengané awit Panjenengané waé pengarep-arep kanggoné jagat kang kuwatir. Sang Kristus iku nugraha kang gedhé dewe. Apa panjenengan gelem misusungaké awak panjenengan marang Panjenengané tanpa syarat?

Saiki yén Sang Kristus, srengené kayektén miyos, kita ora prelu ngemataké planet lan lintang-lintang manéh supaya ndeleng lan nemokaké wadi mangsa tembé. Sang Kristus nglegakaké, paring aman lan nuntun kita, sing sapa sumendhé marang lintang, astrologi utawa tapak tangan supaya ndeleng kang ora katon ateges nyelaki Sang Kristus lan tetap dadi ayang-ayang kang adoh.

PANDONGA: Kula nresnani Paduka gusti Yésus, awit Paduka dados manungsa, lan Paduka andadosaken kula putra Allah. Kula, sayektosiapun cemer. Paduka kemawon sang Juru wilujeng lan Pangen kula, panguwaos lan Ratu kula. Kula ngaturaken gesang kula dhumateng Paduka supados kula pantes, kanthi sih rahmat Paduka ingkang ageng, dados putra Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé wong-wong majus kalimputan kabungahan kang gedhé?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:29 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)