Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 021 (Worship of the Magi)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

3. Tekané Lan Anggoné Manembah Wong Majus (Matéus 2:1-11)


MATÉUS 2:5-6
5 Unjuké kang padha kadangu: “wonten ing kitha Bétlehém ing tanah Yudea, awit ingkang sampun kaseratan déning nabi makaten: 6 Anadené sira, hé Bétlehém ing tanah Yahuda, sira iku babar pisan ora kuciwa ana ing antarané para kang ngasta paprentahan ing tanah Yahuda, amarga saka sira bakal ana panutan kang miyos, kang bakal ngengon umatingSun Israél.”
(Mikha 5:2)

Sang Prabu Hérodhés krungu apa kang dadi pameca resmi bab papan miyosé Gusti Yésus lan pakaryan Panjenengané ing mangsa kang bakal teka. Wong-wong kang pinter bangsa Yahudi ngerti yén Sang Kristus bakal miyos ana ing Bétlehém, kutha Dawud ing Yudea. Sewu tahun sadurunge, Gusti maringi Dawud sawijining prasetya kang banget ora ana bandhingané yén salah siji anaké bakal urip selawasé (Gusti Allah minangka Rama kang sabenere), lan Krajan Panjenengané langgeng ing salawase. Nabi Mikha négesaké pameca kang diparingaké Dawud iki, kanthi pratela asifat kealahan kang liya kang ing sajroné pameca mau Gusti Allah mratélakaké yén Sang Kristus anggoné rawuh kang kawitan ora saka suwarga nanging lahir dadi bocah ing Bétlehém, nanging Panjenengané wis nindakaké makaping-kaping ing jaman ndisik (Mikha 5:2). Sang Kristus ana wiwit kalanggengan lan kabisan Panjenengané nyekel pusaraning pemerintahan, lan Krajan kang asipat kasuwargan Panjenengané langgeng ing selawase. Ngedap-edapi banget!

Para kepala Imam lan ahli Torat ora nglantaraké marang Hérodhés pérangan pungkasan saka pameca iku, awit wong-wong mau tetap duwé pengarep-arep lan duwé panemu yén sang Mesih bakal nguwalaké wong-wong mau saka mimpi ala Romawi lan panguwasané sang prabu Hérodhés. Wong-wong mau kandha, “Inggih, badhé wonten Raja ingkang badhé miyos, ingkang badhé nyatunggalaken taler-taler Israél ingkang kapecah-pecah, lan nyepeng pemerintahan atas bangsa Israél kanthi pemrintahan ingkang paling luhur”

Bétlehém yaiku sawijining kutha cilik ing gumuk kurang luwih 6 km saka Yerusalém. Laladan iku ora subur awit ngandhut watu, lemah kang apik mung tipis waé, ora apik kanggo nyimpen banyu, lan awit saka iku lemah ing sakndhuwuré cepet garing. Laladan iku disebut Bétlehém Yudea kanggo mbedakaké karo sawijining kutha liya kang jenengé padha ing tanah Zebulon (Yosua 19:15) Bétlehém, ing basa Ibrani tegesé “omah roti”. Kutha iki papan kang pas dhéwé kanggo miyosé Panjenengané awit panjenengané iku manna kang sejati, “roti kang mudhun saka suwarga”, lan kang “diparingaké kanggo panguripan jagat”. Wong kang sowan marang Panjenengané ora bakal ngelih manéh, lan kang pracaya ora bakal ngelak manéh (Yokanan 6:35)

Coba gateké ing kené kepiyé wong-wong Yahudi lan wong-wong kang dudu Yahudi mbandhingaké tulisané babagan Gusti Yésus Kristus. Wong-wong dudu Yahudi ngerti nalika miyosé Panjenengané saka lintang, wong-wong Yahudi ngerti papané saka Kitab suci; lan awit saka iku wong-wong mau padha nglengkapi siji lan sijiné bab keterangané.

Apa panjenengan marem karo roti saka gusti Allah? Apa Gusti manunggal ing sajroné panjenengan lan apa ati panjenengan dadi papan kanggo Panjenengane?

PANDONGA: Kula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka gusti Yésus Kristus awit Paduka nglegakaké rasa luwe kula bab gesang ingkang leres lan raos ngelak kawula bab kayektosan. Paduka sampun martosaken dhumateng kula bab ingkang dados hakikat saking katresnan Gusti Allah menika. Inggih menika sebabipun kula nresnani Paduka lan ngaturaken panuwun dhumateng Paduka lan ndedonga nyuwun Paduka ngiyataken kula kanggé gesang langgeng. Paduka tununt kawula kanthi makaten kula saget memuji lan ngluhuraken Paduka selaminipun.

PITAKONAN

  1. Apa ta gagasan kang penting dhéwé ing sajroné pameca saka nabi Mikah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:24 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)