Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 005 (Genealogy of Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

1. Sarasilahé Gusti Yésus (Matéus 1:1-17)


MATÉUS 1:1
1 Iki sarasilahé Gusti Yésus Kristus, tedaké Sang Prabu Dawud, tedhaké Rama Abraham:

Wong-wong Yahudi ngurmati leluhuré Rama Abraham, awit krana Rama Abraham lan kelompok wong ing sajroning sejarah iku gegayutané karo Gusti Allah kawiwitan. Gusti Allah nimbali Rama Abraham saka papané ing Haran, lan paring dhawuh marang Rama Abraham ngrucat budayané lan ninggalaké para mitrané uga pangayoman saka keluargané. Gusti Allah paring dhawuh supaya Rama Abraham mbara kaya wong Beduin kang ora duwé omah. Rama Abraham misahaké awaké supaya entuk tuntunan kang bener saka Gusti Allah lan dadi patuladan kanggo wong-wong pracaya. Wiwitan mula, gusti Allah paring prasetya yén wong-wong pilihan Panjenengané iku bakal duwé turun kang akéhé kaya lintang ing langit, lan kaya wedhi kang ana ing pinggiring segara, lan saka wiji turuné kabéh bangsa ing jagat iki bakal diberkahi (Purwaning Dumadi 12:2,7; 13:16; 15:5,18). Senajana Rama Abraham ora duwé lemah lan ora duwé putra, Rama Abraham preacaya marang janji Gusti lan dadi rama wong kang kumandel.

Senajan Rama Abraham duwé iman gedhé, nanging Rama Abraham uga tiba ing sajroning pancoban. Rama Abraham ora ngenti nganti gusti Allah paring putra nanging kesusu Rama Abraham nikahi Ibu Hagar, rewangé bojoné kang asale saka Mesir, lan ibu Hagar sebanjuré nglairaké Ismael. Anggoné kesusu iku kudu nyangga panandhang lan kelaran marang akéh bangsa nganti abadan suwéné.

Sakwisé Gusti Allah kendel marang Abraham suwéné kurang luwih 13 tahun, gusti Allah paring sih rahmat marang Rama Abrahan nalika Rama Abraham umur 99 tahun. Kang maha suci yasa sawijining prejanjian karo panjenengané lan maringi panjenengané kanthi lambang sunat, lan janji marang rama Abraham sepisan manéh bab bocah prejanjian senajana wektu iku rama Abraham lan ibu Sarah wis umur sepuh utawa lungse. Rama Abraham pracaya marang Gusti Allah; panjenengané uga pracaya marang janji Gusti Allah anggoné arep maringi anak lanang. Kang sabeneré banget déning lelawanan karo hukum alam. Senajana ibu Sarah gabuk, Kang nitahaké jagat raya maringi Rama Abraham lan ibu Sarah kang wis sepuh anak lanang, Ishak. Gegayutan antarané Rama Abrahan karo Gusti Allah dadi banget déning cerak, malah sadurungé panjenengané ngunjukaké ndonga panyuwun kanggo wong-wong ing Sodom lan Gomorah, lan panjenengané disebut dadi mitrané Allah. Gusti Allah ndadar Rama Abraham, kang Dadi Ramané wong kang kumandel iku, lan paring dhawuh marang panjenengané supaya misusungaké anaké kang disihi yaiku Ishak. Wong kang duwé iman iku mbangun turut marang suara Gusti Allah lan nyawisaké kanggo misusungaké anaké kang disini kunjuk gusti. Kanthi mengkono rama Abraham dadi gambaran bab Gusti Allah kang ngorbanaké putra Panjenengané awit tresnani Panjenengan marang kita lan karsané Panjenengané kanggo nylametaké kita. Awit kasetyan Rama Abraham, nalika iku uga gusti Allah paring janji yén Panjenengané bakal amberkahi kabéh bangsa tedhak turuné Rama Abraham (Purwaning Dumadi 22:12, 16-17)

Kita ngerti saka Rasul Paulus, Sang Rasul iku, yén pratela, “tedhak turun Rama Abraham” nuduhaké marang siji praibadi, gusti Yésus Krsitus (Galatia 3:16), ana ing Panjenengané lan lumantar Panjenengané mula kabéh bangsa diberkahi. Nanging nalika Matéus nyebutaké gusti Yésus minangka “Putra Rama Abraham”, akéh-akéh wong Yahudi nampik Putra Allah iki lan nyalibaké kang ngujudi janji iku. Kang nulis Injil ménéhi penégesan wiwit wiwitan ing sajroné Injile yén ora ana berkah kang bakal teka marang keluarga Rama Abraham utawa marang sapa waé kang liya ing jagat iki kajaba lumantar gusti Yésus, kang ngujudi janji, kang lumantar Panjenengané kabéh kaujudan janji Allah bisa ditampa.

PANDONGA: Kula manembah Paduka, gusti Allah kang Maha suci, awit Paduka milih manungsa ingkang awon. Paduka mboten milih manungsa awit kasaénan lan imanipun nanging awit nugraha lan sih rahmat Paduka. Tulung kula gesang ing salebetipun iman ingkang kiyat, supados kula saget nglampahi gesang ingkang selaras kaliyan timbalan Paduka, sentosa dados putra Rama Abraham kanthi cara kasukman, lan ngedumaken kapenuhan berkah ingkang dipun paringaken dhumateng kula ing salebeitpun putra Paduka gusti Yésus.

PITAKONAN

  1. Kepiyé ta kok gusti Yésus bisa dadi putra Rama Abraham uga?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:27 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)