Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 082 (Paul’s Doxology)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Tambahan Kanggé PÉRANGAN 3 - Katrangan Saking Paulus Babagan Dhirinipun Piyambak Dhumateng Para Pemimpin Jemaat Wonten Ing Kitha Rum (Rum 15:14 – 16:27)

8. Doksologi saka Paulus, minangka panutuping serat (Rum 16:25-27)


RUM 16:25-27
25 Kita padha ngluhurna asmané Gusti Allah! Panjenengané kuwi kwasa nyantosakaké precayamu manut Injil sing dakwartakaké, yakuwi pawarta bab Gusti Yésus Kristus, condhong karo kamirahané sing kalairaké, sing kasidhem nganti pirang-pirang abad lawasé. 26 Nanging kamirahan mau saiki wis diwedharaké ana ing Kitabé para nabi. Atas dhawuhé Gusti Allah sing langgeng, kamirahan kuwi wis diwartakaké marang para bangsa kabèh, supaya wong kabèh padha precaya lan mbangun-turuta marang Gusti Allah. 27 Ya Gusti Allah, sing Mahawicaksana. Kasaosana sakèhing puji lan pakurmatan, lantaran Gusti Yésus Kristus ing selawas-lawasé. Amin. Saka aku, Paulus, abdiné Sang Kristus Yésus.

Paulus kanthi tentrem nutup layangipun dhumateng pasamuwan Rum klayan ngluhuraken Allah Rama Gusti Yesus Sang Kristus. Paulus ngakeni Panjenenganipun minangka etuking sadaya pangwaos ingkang mbangun, ingkang saged paring kasekten langgeng, ingkang ngrimati lan nyantosakaken pasamuwan wonten ing Roh pangwasanipun.

Paulus nutup layangipun mawi patrap ingkang sami ing wiwitanipun (Rm. 1:16). Maringaken pigesangan dhumateng tiyang-tiyang ingkang pejah wonten ing dosa cetha sanget ing Injilipun Paulus punika. Boten namung wonten 4 Injil: Matius, Markus, Lukas lan Yohanes, nanging sadaya kabar kasaenan, pawartos karahayon saking Gusti Yesus ingkang wonten ing pawartosipun Paulus ugi dados Injil. Sang Rasul dhumateng tiyang-tiyang sanes Yahudi punika bilih anggenipun Gusti Yesus ngetingal dhumateng pyambakipun ing margi tumuju Damsyik, bilih pyambakipun ningali Panjenenenganipun ingkang sinalib lan gesang, lan pangakenipun bilih Panjenenganipun punika Sang Mesih ingkang kajajnjekaken lan ingkang sejati, lah punika ingkang dados pambereg anggenipun nyerat layang-layangipun. Wonten ing Injilipun, Paulus nyatakaken wewadi punika dhumateng sadaya tiyang ingkang purun mirengaken, wewadi ingkang sampun dipun lairaken lan dipun wartosaken lumantar pamecanipun para nabi ing Prajanjian Lami, kados ingkang katetepaken dening Allah ingkang suci lan langgeng.

Isining wewadi punika inggih anggenipun Allah ngersakaken supados tiyang-tiyang ingkang kaanggep najis, bangsa-bangsa ingkang boten tinimbalan, supados mbudidaya mbangun turut dening iman, selaras kaliyan Prajanjian Enggal. Lah mekaten, Gusti nawakaken pangapuntening dosa dhumateng sadaya manusa minangka kanugrahan ingkang lelahanan (gratis), dedasar kurban pirukun saking Gusti Yesus. Pramila, sinten ingkang mirengaken timbalanipun lan nampi kanugrahanipun Allah punika, bade kaslametaken. Nanging sinten ingkang boten mbangun turut, saweg ngukum dirinipun pyambakipun.

Paulus manembah dhumateng Allah, ingkang maha wicaksana. Pyambakipun nekseni kanthi kebak raos sokur lan andhap asoring manah bilih Allah kagungan sagunging pakurmatan lan kamulyan, lan bilih panembahipun manusa saged kelampahan karana pakaryan, seda lan wungunipun Sang Kristus ingkang ngereh sesarengan kaliyan ingkang Rama wonten ing patunggilanipun Roh Suci ngantos salaminipun. Tembung pungkasan “Amin” ingkang kaagem dening Paulus kangge nutup layang punika, mralambangaken bilih sadaya ingkang dipun serat punika leres, lan mesthi bade kelampahan.

PANDONGA: kawula ngaturaken panuwun dhuh Rama, lumantar Putra Paduka Gusti Yesus Kristus, amargi Paduka milih Paulus, lan nimbali piyambakipun kanggé martakaken karya pangruwat saking Paduka tumrap bangsa-bangsa sanés Yahudi, lan ugi ingkang sampun rila nandhang sangsara lan pejah wonten ing peladosanipun. Mugi Gusti tulungana kawula supados boten nggadhahi roh ingkang namung mentingaken dhiri kawula piyambak, nanging kawula purun martakaken kaslametan ingkang sampurna dhumateng sedaya tiyang ingkang ngantu-antu bebener, lumantar kwasanipun sang Roh Suci. Amin.

PITAKON:

  1. Apa wadi kang dicethakake dénéng Gusti Allah marang Paulus, kang dadi rasul kanggo wong-wong kang dudu Yahudi?

KUIS - 4

Sedhérék ingkang kinasih,
Saksampunipun maos tafsiran saking Serat Paulus kanggé jemaat wonten ing Rum punika, panjenengan sakpunika saged mangsuli pitakénan-pitakénan punika. Menawi panjenengan saged mangsuli 90% saking pitakénan ing ngandhap menika, kula badhé kintu seri saklajengipun saking pasinaon kita kanggé piwulang kagem panjenengan. Ampun kesupén nyerat asma jangkep panjenengan lan ugi alamatipun wonten ing wangsulan panjenengan.

  1. Apa panjenengan wis masrahaken gesang panjenengan marang Gusti Yesus, apa malah esih mentingaké uripé dhéwé?
  2. Apa langkah kang kudu dilakoni anggoné urip suci minangka pandhéréké Gusti Yesus?
  3. Ing antawisipun sedaya peladosan ingkan dipun tedahaken, ingkang pundi miturut panjenengan ingkang paling wigatos wonten ing jaman sakpnunika?
  4. Patraping sih katresnan Gusti Allah kang kaya apa kang miturut panjenengan paling wigati lan paling diperlokaké ana ing pasamuwan panjenengan?
  5. Kepiyé carané kita ngapurani satru-satru kita, lan tumindak mangkono tanpa rasa sengit lan nuntut piwales?
  6. Apa watesé kakwasané pemréntah, lan apa sebabé kita kuru lewih taat marang Gusti Allah tinimbang marang manungsa?
  7. Kaya ngapa Paulus nedahaken ngenani titah, “Tresnanana pepadhamu kaya déné kaya awakmu dhéwé”?
  8. Apa kasil saka piwulang babagan urip kang patrap lan sesambungané karo konduré sang Kristus kang sangsaya caket?
  9. Apa kang kudu kita pikiraken utawa ngendikakaken menawa ana pandhéréké sang Kristus kang duwé panemu kang béda ngenani babagan kang sepélé ana ing uripé?
  10. Apa tegesé ayat kang nulisaké, “Sebab Kratoné Gusti Allah kuwi dudu prekara mangan lan ngombé, nanging prekara bebeneran, katentreman lan kabungahan peparingé Sang Roh Suci” (Rum 14:17)?
  11. Apa tegesé ayat saka Rum 15:5-6?
  12. Kados pundi Paulus ngicalaken pambéda ingkang wonten ing antawisipun jemaat ing kitha Rum?
  13. Apa kang ditulisaké ana ing suraté Paulus iki kang amung dianggep sakpérangan waé?
  14. Apa sing dadi wadiné peladosané Rasul Paulus?
  15. Apa sebabé Paulus, sakdurungé budhak menyang Spanyol, kepéngin njujug menyang Yerusalem, senajan dhéwéké pirsa menawa akéh masalah kang kudu diadhepi ing kutha iku?
  16. Apa kang bisa kita sinaoni saka jenengé para anggota jemaat ing kutha Rum?
  17. Apa kang bisa kita sinauni saka asmané wong-wong pracaya kang disebutaké ana ing dhaftar iku?
  18. Apa kang dadi tujuan saka pacobané si jahat iku?
  19. Sapa wong sing nulis serat Rum kang diwedharaké dénéng Paulus iki?
  20. Apa wadi kang dicethakake dénéng Gusti Allah marang Paulus, kang dadi rasul kanggo wong-wong kang dudu Yahudi?

Kawula sanget ngajengaken panjenengan kersa ngrampungaken pasinaon saking serat Rum supados panjenengan nampi bandha karohanén ingkang langgeng. Kawula ngentosi wangsulan panjenengan lan tansah ndedonga kangge panjenengan. Alamat kawula inggih menika :

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 11:14 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)