Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 101 (Jesus intercedes for his apostles)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
E - DONGA PANYUWUN GUSTI YESUS (Yokanan 17:1-26)

3. Gusti Yesus ndedonga kanggo para rasul Panjenengane (Yokanan 17:6-19)


YOKANAN 17:6
6 Kawula sampun nglairaken asma Paduka dhateng para tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula saking jagad. Tiyang-tiyang punika kagungan Paduka sarta sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, saha sampun sami netepi ing pangandika Paduka.

Sawise gusti Yesus ngyakini yen Rama Panjenengane bakal maringi kekuatan Panjenengane ing sajrone nglakoni pakaryan Panebusan, lan pirsa yen kaluhuran sang Rama bakal tambah-tambah lumantar lahire putra-putra panjenengane kang akeh, lan putra-putra mau bakal nampani urip langgeng, penggalihe Panjenengane banjur katuju marang para murid Panjenengane, kang wis dipilih Panjenengane saka jagat lan kang wis ditunggalake Panjenengane karo nggunakake tali kang asipat Allah.

Sang Kristus nyebutake Asma anyar kanggo Gusti Allah, Sang Rama. Kanthi pratela iki mula wong – wong kang dadi para putra Panjenengane, kang pinilih saka ing sajrone donya. Cara mangkene iki dadi wadi saka gereja. Wong-wong kang lahir saka Allah ora dadi duweke dhewe, nanging dadi kagungane Panjenenane kang maringi kelahiran anyar, lan Panjenengane maringake wong-wong mau marang Putra Panjenengane, kang wis mbayar lunas nganggo rah Panjenengane. Manawa panjenengan pracaya marang sang Kristus, panjenengan bakal dadi kagungan Panjenengane.

Kaanan sang Rama kang ilahi iki lan yen wong-wong kang pracaya wis dadi para putra Panjenengane kelakon ing sajroning para murid Panjenengane lumantar imane marang Injil, lan anggone mbangun turut bab pangandikan Panjenengane kang aji. Tembung-temung iku dudu tembung-tembung kang kothong kang kaya pega mung kabur ngono wae, kaya kang lumrah dumadi ing cetakan-cetakan saka press ing jagat iki. Kabeh tembung-tembung iku pangandikane gusti Allah lan layang kang mili ngebaki panguwasa kan asipat nyipto. Sing sapa mbangun turut pangandikane Sang Rama ing sajroning atine, bakal uirp ing sajroning panguwasa Panjenengane.

YOKANAN 17:7-8
Sapunika sampun sami sumerep, bilih sadaya peparing Paduka dhateng Kawula punika pinangkanipun saking Paduka. 8 Amargi sadaya Pangandika ingkang Paduka paringake dhateng Kawula punika sampun Kawula tempekake dhateng tiyang-tiyang wau saha sampun dipun tampeni. Punapa dene sampun sami sumerep saestu, bilih pinangka Kawula punika saking Paduka lan sami pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.

Pangandika Gusti Allah ingkang wonten ing ampingan gusti Yesus nyipto kawruh kang nylametake kanggo ngrubah urip kan cemer. Gusti Yesus nglakoni piyambak pawarta kang dilantarake Panjenengane lan nindakake pakaryan Panjenengane kanthi panguwasa kang asale saka Sabda iku. Kabeh kekuatan lan berkah marani kita ing sajrone Pangandikan saka Sang Rama. Sang Putra ora nuntut anane pangakon bab karya pribadi Panjenengane, nanging masrahake kabeh kawenangan, kekuatan, kawicaksanan lan katresnan Allah kang paring marang Panjenengane.

Kita ndeleng ing kene yen Sang Kristus mratelakake ing sajroning Pandonga Panjenengane selaras apa kang dipahami saka para murid-murid Panjenengane lan anggone para murid Nyakep apa kang dadi Sabda Panjenengane, awit gusti Yesus wis nyebar pangandikan ing sajrone ati para murid. Para murid iku nampani Sabda Panjenengane iku kebak sukarena, sinadyana ora kanthi langsung. Sebanjure Gusti Yesus ngesokake Sang Roh marang para murid iku; Sabda iku bakal tuwuh lan menehi woh-woh ing titi wektu kang wis katetapake dening gusti Allah. Sang Kristus meca sadurunge kanthi iman yen lelakon-lelakon iku pancen bakal dumadi.

Pangandikane Sang Kristus nuwuhake iman lan kawruh ing sajrone uripe para murid Panjenengane. Apa to iman iku? Yen Sang putra iku asale saka Sang Rama, bab kaanane Kang Langgeng iku ing sajrone mangsa, kaluhuran keallahane Panjenengan ing sajrone ngejawantah dadi manungsa, katresnan Panjenengane maekani kabeh rasa sengit, panguwasa Panjenengane ing sajroning karingkihan, keallahan Panjenengane sinadyano Panjenengane lagi pisah karo Gusti Allah ing Kayu Salib, lan gesang Panjenengan kang maekane panguwasa pati. Sang Roh Suci mantepake para murid ing sajrone Sang Panebuse, lan para murid dadi gegelitan ing sajrone badan Panjenengane. Para murid ora terus-terusan tetap dumunung ing sajroning tingkat mung ngerti ing kapinteran wae, nanging cekelan marang Panjenengane kanthi golong gilige ati, sawetara Panjenengane dumung ing sajroning para murid secara kasukman. Para murid kanthi mengkono dadi ngerti lumantar pakaryane Sang Roh Swuci gegayutan keallahan Sang Kristus kang wis ngejawantah dadi manungsa.

Ing sajroning anane Sang Kristus, para murid Panjenengane nemokake pituduh ing sajroning lahire kang baget ora ana bandingane, ngrasakake dhewe apa kang dingandikaake gusti Yesus, “Sing sapa lahir saka Roh Suci iku darbeke Roh” Sang Roh kang kebak karo berkah iki yaiku panguasa keallahan ing sajroning badan para murid Panjenengane. Sang Roh Suci iku teka lumantar pangandikan kang dingandikaake gusti Yesus.

PANDONGA: Gusti Yesus, maturnuwun awit maringi kawula Sabda saking Rama Paduka- sabda ingkang kebak kaliyan panggesangan, kekiyatan lan panguwaos. Paduka sampun ngasilaken iman lan kawruh ing salebetipun kawula. Paduka kemawon panguwaos kawula, kawula nresnani Paduka lan ngluhuraken paduka lan Sang Rama ingkang sampun masrahaken Paduka kangge kawula.

PITAKONAN:

  1. Apa to pentinge pratela asma SangRama dikaya kang dingandikaake gusti Yesus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:41 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)