Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 091 (Abiding in Christ)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
D - PISAHAN ING DALAN MENYANG GETSEMANI (Yokanan 15:1 - 16:33)

1. Dumunung ing sajroning sang Kristus bakal ngasilake akeh woh (Yokanan 15:1-8)


YOKANAN 15:5
5 Aku iki wite anggur lan kowe pang-pange. Sing sapa tetap dumunung ana ing Aku, lan Aku ana ing dheweke, iku kang metu wohe akeh, awit manawa tanpa Aku, kowe padha ora bisa tumindak apa-apa.

Kaya apa dhuwure pikurmatan kang diparingake gusti Yesus marang kita, yen kita didadekake kaya pang-pang kang metu saka ing sajroning ati Panjenengane. Panjenengane wus nitahake urip kasukman ing sajraoning badan kita. Dikaya ing sajroning wit anggur sawijining pang luwih dhisik timbul, lan sebanjure mundak-mundak dadi sawijining tanduren kang metokake pang kang sehat lan dawa. Semono uga, wong-wong pracaya metu karo kabeh ciri lan pambobot-pambobot kristen awit gusti Yesus. Prekara iku dumadi ora mung awit pambobot saka iman kita, nanging awit sih rahmat atas sih rahmat. Kita tanggung jawab kanggo tetap dumunung ing sajroning gusti Yesus.

Sebanjure, kita nemokake pratela kang ngedap-edapi kang nganti katulis 175 ping ing sajroning kitab suci, “ING SAJRONING PANJENENGANE”, lan tembung kang sajinis “ING SAJRONING PANJENENGANE” ing sajroning gunggunge kang luwih sethithik ing sajroning kitab suci. Kabeh wong pracaya kudu ditunggalake karo gusti Yesus kabawah Prejanjian kang Anyar. Patunggalan iki kuwat banget kanthi mengkono bisa ndeleng awak kita dhewe kang dadi siji ing sajroning Gusti Yesus.

Gusti kita ngyakinake kita yen kepribadian kita dhewe ora bakal ilang awit kita dadi pracaya, kita ora kasilep ing sajroning kapercayaan takayul. Panjenengane maringi kekuatan marang kekarepan kita, lan ngalimputi kita karo Roh Panjenengane. Sang Kristus ngersakaken mimpin panjenengan marang kadiwasan, lan ngwangun panjenengan ing sajroning gambar kang dikersakake Panjenengane wiwit saka wiwitan mula. Kabisan lan watek wantu Panjenengane mlebu ing sajroning ati wong-wong kang pracaya. Sebanjure ana ing ngendi iman lan katresnan kita?

Apa tujuwan saka patunggalan Putra Allah karo manungsa. Kenapa gusti Yesus seda ing Kayu Salib, lan kenapa Sang Roh Panjenengane diesokake ing sajroning ati wong-wong kang pracaya? Apa kang di dadekake tanda dening gusti marang panjenengan? Woh-woh roh diesokake marang panjenengan saka Allah. Yaiki woh-woh roh: Katresnan, kabunganan, tentrem rahayu, sabar, sih kadarmah, kabecikan, kasetyan, budi kan alus, nguwasani diri.

Kita perlu sinau yen kita ora bakal bisa nggayuh sawijining prekara saka sipat-sipat iku karo kekuatan kita dhewe. Kita wis kangelan banget nindakake apa kang pancen kudu kita tindakake dhewe, kaya ambegan, mlaku lan kandha, apa maneh gegayutan ndedonga, iman lan katresnan. Kita duwe hak istimewa dikaya wong-wong kang pracaya kanggo ngrasakake urip kasukman kang asale saka gusti Yesus wae. Kita kudu ngaturaken panuwun marang Panjenengane atas anane kasukman kita lan panguwasa kang asipat keallahan kang diparingake marang kita. Kabeh kekuatan lan leladi iku sih rahmat saka gusti Allah. Tanpa Pannenengane kita ora bakal bisa nindakake apa-apa.

YOKANAN 15:6
6 Sing sapa ora tetap dumunung ana ing Aku, iku dibuwang meteu kaya pang mau, temah dadi garing, tumuli padha dikukupi lan banjur dicemplungake ing geni, sarta diobong.

Panjenengan duwe tanggung jawab dumunung ing sajroning sang Kristus. Saperangan kita ndeleng urip ing sajroning Sang Roh lan dumunung ing sajroning sang Kristus iku sawijining sih rahmat. Perangan liyane, kita nemokake yen wong kang gelem misahake awake saka Sang Krsitus iku kaya wong kang nglalu. Wong kang ningalake iku sebanjure bakal dadi garing, lan kudu diguwak ing geni bebendune Allah. Para malaikat ing titi mangsane bakal nglumpukake wong-wong kang wis ninggalake sang Kristus lan nguwak wong-wong iku ing sajroning pepeteng. Pemeleh saka telenging atine dhewe agawe wong-wong mau ora tau bisa rumangsa tentrem. Salawase ing kelanggengan wong-wong mau bakal ndeleng Gusti Allah ing sajroning sih kawelasan Panjenengane pinisah saka wong-wong mau. Wong-wong mau bakal ngerti yen dheweke, sadurunge, dijangkung dening katresnan Panjenengane. Manawa wong-wong mau ninggalake Panjenengane, wong-wong mau wis nyepelekake sang Juru Selamete dhewe, wong-wong mau bakal ditemtokake diobong ing sajroning kacilakan kelanggengan.

YOKANAN 15:7
7 Manawa kowe padha tetap dumunung ana ing Aku lan pituturKu tetep dumunung ana ing kowe, padha nyenyuwuna apa bae kang kokkarepake mesthi bakal katurutan.

Sing sapa dumunung ana ing sajroning Sang Kristus bakal urip bebarengan karo Panjenengane ing sajroning gegayutan kang endah banget. Dikaya wong loro kang wis neningkahan kang umure wis suwe padha ngerti pikiran lan karepe kanca uripe. Semono uga wong kang nresnani Sang Kristus ngerti apa kang dadi kersane lan dumunung ing sajroning patrap kan selaras apa kang dadi kersane Gusti. Naliti kitab suci kanthi temen saben dina bakal ngalimputi kita karo pepinginan nindakake kabecikan, kanthi mengkono kita duwe kekarepan apa kang Panjenengane tindakake, awit retasan jeroning batin kita kapenuhan karo pitutur-pitutur Panjenengane.

Sebanjure, kita aja nganti ndedonga mung angger selaras karo pepinginan pribadi kita wae, nanging kita ngrungokake kanthi temen-temen bab-bab megare ing sajrone Kraton Panjenengane. Kita dadi wong kang lantaran donga panyuwun kang tanggung jawab ing sajroning prekara kasukman. Sebanjure ati kita bakal kapenuhan karo pujian lan atur panuwun, lan kita aturake marang Kang Maha Suci kabeh prekara kang dadi kawigaten kita, wong-wong kang mbutuhake lan kang nandang sengsara, kang diparingake Sang Roh suci kanggo kita gatekake. Gusti Yesus makarya ing sajroning jagat iki kanthi landhesan donga kita kang kebak keyakinan. Panjenengane ngidinake kita melu cawe-cawe ing sajroning pakaryan kawilujengan Panjenengane. Apa pnjenengan ndedonga? Lan kepiye? Apa panjenengan ndedonga ing sajrone Sang Roh Suci? Karsane gusti Allah duwe maneka tujuan. Salah sijine yaiku kasucen panjenengan, kang liyane Gusti Allah ngersakake supaya nylametake kabeh manungsa lan nuntun manungsa marang pangerten bab kayekten. *Manawa kita urip ing sajrone patrap kang andhap asor, asma Allah sebanjre bakal disucekake. Nyuwuna marang gusti panjenengan supaya bisa ngesokake Roh pandonga ing sajrone ati panjenengan, kanthi mengkono panjenengan bisa ngasilake woh akeh, lan ngluhurake Rama panjenengan kang ana ing kasuwargan lan Sang Kristus panuntun panjenengan.

YOKANAN 15:8
8 Kang dadi margane RamaKu kaluhurake, yaiku manawa kowe padha metokake woh akeh; sarta marga saka mangkono kowe padha tetela yen dadi siswaKu

Gusti Yeseus kagungan kersa supaya panjenengan metokake woh kang akeh. Panjenengane ora marem manawa panjenengan mung sathithik kasucene ana ing urip panjenengan, lan mung bisa menangake wong kang tulus atine sethithik, utawa anggon panjenengan ngaturake panuwun ora temen-temen. Ora! Panjenengane ngersakake kasucen panjenengan sempurna, dikaya sang Rama iku sempurna, lan kabeh wong bisa diselametake. Aja dadi wong kang marem kanthi kekuatane dhewe.

PANDONGA: Kawula nresnani Paduka, gusti Yesus, awit Paduka mboten rumaos isin kangge nampeni kawula minangka warga Paduka. Kawula nyuwun badhe dumadosipun pamratobat saking sadaya, ingkang sampun Paduka timbali kangge sowan dhumateng Paduka. Kawula nyebat nami tiyang-tiyang kalwau satunggal mbaka satunggal. Kawula pitados billih Paduka sampun milujengake tiyang-tiyang lumantar Kajeng Salib Paduka. Kawilujenganipun ditegasaken kanthi mandapipun Sang Roh Suci atas tiyang-tiyang menika. Kintenipun asma Sang Rama lan Asma Paduka dipun luhuraken ing salebetipun sang Roh suci. Tanpa Paduka kawula mboten saget nindakaken menapa kemawon.

PITAKONAN:

  1. Kenapa kita ana ing sajroning gusti Yesus lan Panjenengane ana ing sakjerone kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:30 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)