Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 274 (Christ’s Command to Teach Sanctification)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu? -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 6 - WUNGUNĚ GUSTI KITA YĚSUS KRISTUS (Matéus 28:1-20)

9. Dhawuhé Sang Kristus supaya Mulangaké Ngenani Carané Kasucékake (Matéus 28:20)


MATÉUS 28:20
20 apadené padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhaké marang kowé kabéh. .......
(Matéus 5:17-20, 7:21-27).

Sang Kristus paring dhawuh marang para rasul Panjenengané supaya martakaké marang kabéh bangsa lan mbaptisaké wong-wong kang pracaya marang Panjenengané. Saiki Panjenengané paring dhawuh para rasul supaya mulang lan neguhaké lan muridaké wong-wong kang wis pracaya kanthi mangkono wong-wong mau bisa tuwuh ing sajroné roh lan ing sajroné pangertén babagan Kitab Suci.

Gusti Yésus kagungan karsa supaya kita mbangun turut marang pangandika Panjenengané ing sajroné ati kita lan ngalimputi alam bawah sadar kita karo pangandikan iku supaya nguwataké iman kita, nampani panglipuran ing mangsa-mangsa kang angel, lan dikuwataké ing sajroné nindakaké leladi marang Panjenengané. Sing sapa pracaya marang Gusti Yésus bakal mbangun turut sakabéhé kang didhawuhaké Gusti Yésus. Pas banget kanggo kita supaya mratobat lan sinau ing sajroné ati kita, saben dina, siji mbaka siji dhawuh Sang Kristus kanthi mangkono kita bisa ngurmati lan ngluhuraké Panjenengané.

Kawruh waé ora cukup. Prekara iku prelu diterapaké ing sajroné panguripan. Yaiki sebabé Gusti Yésus paring dhawuh supaya kita nglakoni urip kang selaras karo Injil. Gusti Yésus ngandika, “Kowé padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowé padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowé, kowé iya padha tresna-tinresnanana uga” (Yokanan 13:34). Sang Kristus yaiku sari pati lan hakikat saka paugeran Panjenengané. Kita ora bakal nresnani kanthi tujuwan kanggo diselametaké, awit rah Gusti Yésus Kristus wis nylametaké kita awit Panjenengané luwih dhisik nresnani kita. Gusti Yésus ngersakaké kita dadi memper karo pasemon Panjenengané lan nyucékaké badan kita kanthi sih rahmat Panjenengané kanthi mangkono kita bisa nresnani sakabéhe. Panjenengané kagungan karsa supaya kita, “Nanging aku pitutur marang kowé: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowé padha dongakna slamet” (Matius 5:44). Uga, “Sabab, manawa kowé padha ngapura kaluputaning wong, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowé. Nanging manawa kowé ora ngapura marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura kaluputanmu” (Matéus 6:14-15), lan Panjenengané nambahaké, “Aja padha netepaké alaning wong, supaya kowé iku aja katetepaké alamu. Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi ala-beciking wong, yaiku kang bakal dianggo ngukumi ala becikmu. Sarta takeran kang kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowé” (Matéus 7:1-2)

Sing sapa kang kanthi tumemen sinau 1000 dhawuh Sang Kristus ing sajroné Prejanjian Anyar bakal diyakinaké déning telenging atiné yén wong iku ora duwé katresnan kang gunggungé kaya kang dadi kagungané Gusti Yésus. Dhawuh-dhawuh Sang Kristus nuntun kita marang pamratobat lan ajuring ati. Kepiyé kita bisa mulang wong liya manawa kita dhéwé ora nindakaké apa kang kita wulangake? Raja sakabéhing raja iku ndangu kita supaya nindakaké lan mulangaké sakabéhé kang didhawuhaké Panjenengané marang kita. Kepiyé panjenengan bisa mbangun turut marang Panjenengané manawa panjenengan ora ngreti dhawuh-dhawuh Panjenengane? Wong kang sinau dhawuh-dhawuh Sang Kristus ing sajroné 4 Injil Panjenengané bakal nemokaké yén ana luwih saka 1000 dhawuh lan katetepan, lan Gusti Yésus ngersakaké kita mulangaké sakabéhé kanthi setya marang keluwarga kita, gereja kita lan para mitra kita. Iki ora dikarepaké nglumpukaké tumindak becik lan pakaryan kayektén kanggo bisa selamet, nanging iki sawijining atur panuwun marang Sang Kristus atas keselametan kang diparingaké marang kita ing kayu salib. Gusti Yésus wis nuduhaké makna saka Paugeran Panjenengané “Mulané kowé padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga ia sampurna (Matius 5:48). Sing sapa sinau lan ngetrapaké paugeran Panjenengané kudu tansah rumangsa ajur rasa bombong pribadiné lan tansah bakal urip ing sajroné pamratobat, awit ora ana wong siji waé kang bener, ora ana sinadayana mung siji (Rum 3:9-20). Sing sapa kang mbudidaya kanggo mbangun turut kabéh dhawuh Sang Kristus ora bakal manéh bisa urip ing sajroné lelamisan lan ora bakal nganggep awaké luwih aji ditimbang karo wong-wong liyané nanging bakal tansah ngasoraké awaké lan golék pangapura saka Sang Juru selamet lan nggoléki panguwasané saben dina. Ora mung wong iku bakal mbudidaya ngetrapaké dhawuh-dhawuh gustiné ing sajroné panguripané saben dina, nanging won giku bakal mbudidaha kanggo mulangkaké lan martakaké kayektén iku karo wong-wong liya.

PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun Gusti Yésus atas kawilujengan saking Paduka lan atas anggen Paduka kabeneraken. Tulung kawula supados naliti, mbangun turut, lan mucalaken dhawuh-dhawuh Paduka. Apunten kawula menawi kawula nyepelekaken 1000 dhawuh Paduka lan teguhaken kawula ing salebetipun sadaya paugeran menika kanthi makaten kawula mboten badhé nyakiti tiyang-tiyang sanés, kanthi mucalaken dhumateng tiyang-tiyang satunggalipun prekawis ingkang mboten kawula tindakaken piyambak. Tulung kawula supados kawula saget dipun sucékaké ing salebetipun lampah gesang kawula lan ndhérék Paduka ing salebetipun panguwaos Sang Roh Suci Paduka.

PITAKONAN

  1. Sepira akéhé dhawuh Sang Kristus kang panjenengan ngreteni? Apa panjenengan ngetrapaké kabéh dhawuh iku ing sajroné urip panjenengaen, lan mulangaké marang wong-wong Kristen?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 10:09 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)