Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 273 (Christ’s Command to Baptize)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu? -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 6 - WUNGUNĚ GUSTI KITA YĚSUS KRISTUS (Matéus 28:1-20)

8. Dhawuh Sang Kristus Supaya Ambaptis (Matéus 28:19)


MATÉUS 28:19
19 .....lan padha baptisen ing asmané Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci,
(Markus 16:16, Para Rasul 2:38-39).

Ing sajroné sejarah agama-agama, akéh nabi lan maneka werna propaganda wis ngreti urip cemer ing sajroné hakikat manungsa lan wis mratélakaké preluna anané kamurnekaké kang awatek keras manawa wong iku arep rembugan karo Gusti Allah. Gusti nimbali kita supaya ngakoni dosa-dosa kita lan mratobat. Baptisan nglambangaké pasucén saka dosa-dosa kita (Matéus 3:1-6; Markus 1:5). Nyilem ing sajroné banyu nuduhaké yén manungsa laws kita najis, cemer lan jahat lan anané manungsa anyar sakwisé dibaptis. Pancen, Dawud, Yehezkiel lan Yokanan Pembaptis ngakoni yén nyingkur awaké dhéwé lan disiplin awaké ora cukup kanggo nyucékaké awak dhéwé. Kita kudu dilairaké manéh déning Sang Roh Suci kanthi mengkono pikiran lan ati kita bakal dianyarake. Yaiki sebabé Yokanan Pembaptis meca yén Sang Kristus bakal mbaptisaké para pandhérék Panjenengané kanthi Sang Roh suci (Yokanan 1:32-34). Sang Kristus piyambak mratélakake: “Paring wangsulané Gusti Yésus: “Satemene-temené pituturKu ing kowé: wong manawa ora kalairaké saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah”. (Yokanan 3:5). Nindakaké baptisan diteguhaké déning Allah supaya dadi lelakon kang banget penting lan paseksen kang cetha saka wong kang wis ninggalaké urip kang lawas lan nampani sih rahmat Gusti Yésus.

Sang Kristus ora nuntun kita marang pangreten babagan Gusti Allah kang agung, ora bisa diceraki lan medeni, nanging ngandika marang kita luwih kaping 200, ing papa Injil Panjenengané yang Gusti Allah, Rama Kasuwargan kita, cerak karo kita lan nresnani kabéh uwong. Panjenengan nyancang sarira Panjenengané karo kabéh wong pracaya ing sajroné prejanjian kang anyar. Gusti Yésus nyethakaké marang kita yén Panjenengané lan Rama Panjenengané iku siji lan ora nyebutaké ing sajroné Dhawuh agung Panjenengané asma-asma Allah kang beda lan awujud luwih saka siji, nanging awujud tunggal. Panjenengané ngersakaké yén kita wanuh “Sang Rama, Sang Putra, lan Sang Roh Suci, Allah kang esa”

Kita ora mung pracaya marang telu pribadi Allah kang beda-beda. Pribadi kang mandiri ing sajroné sipat illahi, nanging uga babagan Tritunggal kang ana ing sajroné Kamanunggalan kang Ora Bisa kapisahake. Gusti Yésus wis nyethakaké iman kang anyar iki kanthi ngandika yén Panjenengané ing sajroné Rama lan Rama ing sajroné Panjenengané (Yokanan 14:10; 17:21-23).

Wong-wong pracaya dibaptis ing sajroné asma Rama, pracaya marang anggoné diangkat wong-wong mau minangka para putrané Kang Mahakuasa. Wong-wong mau ngreti yén Rama kasuwargané nggatekaké marang wong-wong mau kanthi cara pribadi, maringi katresnan lan pangayoman, mirengaké donga-donga lan panyuwuné lan nampa wong-wogn mau dadi warga krajan langgeng Panjenengané minangka Ramané.

Manawa panjenengan dibatis ing sajroné asma Putra, panjenengan bakal dadi luwih mangerti katresnan Allah lan pangorbanan Panjenengané minangka Panjenengané kang wis nyangga paukuman langgeng kanggo dosa-dosa panjenengan. Rah Panjenengané nyucékaké panjenengan saka kabéh dosa, wis wungu saka pati kanggo mbeneraké panjenengan, lan nylametaké panjenengan saka bebenduné Allah, pati lan Iblis. Panjenengané maringi marang panjenengan panguwasa lan kawenangan uga ngutus panjenengan supaya panjenengan bisa ngganepi timbalan Panjenengané. Panjenengané maringi panjenengan urip langgeng kanthi mangkono panjenengan bisa urip karo Panjenengané ing sajroné kasucén lan katresnan.

Sang Kristus rawuh lan séda kanggo panjenengan, lan Panjenengané bakal rawuh manéh kanggo panjenengan lan kanggo kabéh wong kang nresnani lan nampani Panjenengané. Ora ora keselametan kajaba ing sajroné Gusti Yésus Kristus kanggo kaluhuran Allah Rama.

Baptisan yaiku nyethakaké panjenengan duwé gegayutan karo panguwasa Sang Roh Suci lan kelairan panjenengan kang kaping pindho kanthi cara kasukman. Sang Roh Suci ngyakinaké panjenengan yén Gusti Allah iku Rama panjenengan kang kebak sih Rahmat. Sang Roh Suci uga nyucékaké panjenengan kanthi mangkono panjenengan bisa nresnani, abungah-bungah, urip ing sajroné tentrem rahayu karo Gusti Allah lan manungsa, ngalahaké coban panjenengan supaya bisa urip ing sajroné ngendhaleni diri lan sabar, lan ngapura wong-wong kang luput marang panjenengan. Sang Roh suci uga ngelingaké panjenengan babagan anané nabi-nabi palsu, ngelingaké panjenengan babagan kaluputan-kaluputan panjenengan, lan maringaké marang panjenengan tentrem rahayu ing sajroné urip panjenengan tentem rahayu ing sajroné urip panjenengan, awit Sang Roh Suci yaiku urip asipat ilahi iku dhéwé.

Baptisan panjenengan njangkung panjenengan ing sajroné katresnan Rama kasuwargan panjenengan, kawenangan Sang Putra Panjenengané lan ing sajroné panguwasa Sang Roh Suci. Sih rahmat Gusti Yésus Kristus kita, katresnan saka Sang Rama, lan patunggalan ing sajroné Sang Roh Suci bakal terus kelakon nganti salawasé ing sajroné kabéh wong kang dibaptis lan manunggal ing sajroné patunggalan karo Tri tunggal kang suci.

PANDONGA: Kawula ngluhuraken Paduka lan ngaturaken panuwun dhumateng Paduka Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci, Gusti Allah kang Tunggal, awit Paduka sampun ngijinaké kawula kanggé dibaptisaken ing salebetipun asma Paduka ingkang suci, mlebet ing sajroné kapenuhan sih rahmat Paduka, manunggal ing sajroné Paduka, lan nampa saking Paduka panguwas kasukman, kawilujengan, tentrem rahayu, kasucén lan panebusan. Tulung kawula kanggo nguwataken sedhérék-sadehrek ingkang mboten mangertos jaminan langgeng baptisan, nilaraken gesang laminipun lan jejeg ing salebetipun Paduka kanthi pepesthen, raos mantep lan pitulungan Sang Roh Suci.

PITAKONAN

  1. Apa makna baptisan panjenengan ing sajroné asma Sang Allah Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on October 03, 2023, at 02:27 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)