Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 275 (Christ’s Promise to be with His Followers)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu? -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 6 - WUNGUNĚ GUSTI KITA YĚSUS KRISTUS (Matéus 28:1-20)

10. Prasetyané Sang Kristus anggoné Bakal Nganthi Para Pandhéréké (Matéus 28:20)


MATÉUS 28:20
20....Lah, Aku tansah nunggal karo kowé, nganti tumeka ing wekasaning jaman. Amin.
(Matéus 18:20)

Manawa salah siji wong pilihan Sang Kristus dianiaya déning para satru ing kayu salib; manawa salah siji abdi Gusti dadi cuwa awit ora nindakaké kabéh dhawuh Panjenengané lan dadi ringkih kanthi cara kasukman; manawa prekara saka ing njero lan saka njaba awaké nganti mbingungaké nganti ora bisa nemokaké dalan uwal, Sang Kristus ngandika marang abdi gusti mau, “Melekna mripat batinmu: Mangertia, Aku nunggal kowé, kowé ora dhéwékan, Aku bakal manunggal karo kowé. Aku ora bakal négakaké kowé dhéwékan, Aku urip. Aku nresnani kowé lan kagungan kawigaten marang kowé. Aku bakal neguhaké imanmu malah nganti patimu. Duwéa iman marang Aku awit Aku wis ngalahaké jagat.

Nyinaua prasetya-prasetya Sang Kristus kang éndah iku marang para murid Panjenengané. “Aku nunggal kowé,” ora kok “Aku bakal.” Nanging “Aku nunggal”. Dikaya Gusti Allah ngutus Nabi Musa nganggo asma Panjenengané mengkono uga Sang Kristus ngutus para rasul nganggo asma Panjenengané – “Aku” – awit Panjenengan iku Gusti Allah, kang kanggo Panjenengané mangsa kepungkur, mangsa saiki, lan mangsa kang arep teka yaiku padha (Wahyu 1:8). Gusti Yésus wis meh kanthi cara kajasmanen ninggalaké para murid Panjenengané lan prekara iku mrihatinaké para murid. Nanging Panjenengané ngyakinaké para murid babagan anggoné tansah ana kanthi cara kasukman, kang iki luwih becik kanggo para murid tinimbang Panjenengané ana kanthi cara kajasmanen. “Aku nunggal kowé”, pangandikané Sang Kristus lan ora “lumawan kowé.” Panjenengané tansah ana ing pihak panjenenengan lan njaga panjenengan.

Wong kang dadi pandhéréké Gusti Yésus Kristus ndeleng ing sajroné pangimpené ana tilas tapak wong loro ing wedhi ing ara-ara samun. Wong iku nyuwun pirsa marang Gusti apa tegesé. Gusti Yésus maringi jawaban, “Aku nunggal kowé lan lumaku bebarengan kowé ing sajroné ara-ara samun panguripanmu. Aku tansah nunggal kowé”. Nanging, nalika wong kang ngimpi iku nganti ing papan kang mbebayani lan angel, salah tipaké wong liyané ora ana, lan awit saka iku wong iki nyuwun pirsa marang Gusti, “Kengin menapa Paduka nilaraké kula ing wekdal kula katempuh prekawis ingkang angel ing lampah gesang kula?” Sang penebus iku mesem lan ngandika marang wong iku, “Aku ora ninggalaké kowé, nanging aku nggendong kowé ing pundhak-Ku, lan tipak siki kang kok deleng iku yaiku tipak sikilKu, nalika iku aku nggendhong kowé”

Ya mengkono, Sang Juru selamet nyethakaké marang panjenengan kaya apa anggoné Setyo Panjenengané marang panjenengan lan marang kabéh abdi Panjenengané. Panjenengané nganthi para pandhérék Panjenengané kang nggoléki wong-wong kang kesasar lan martakaké Injil keselametan marang wong-wong lan paring kamardikan wong-wong mau saka dosa-dosané lan saka bebendu pengadhilan ing sajroné asma lan panguwasa Sang Kristus.

Sang Kristus negesaken janji Panjenengané bakal nunggal kita. Panjenengané bakal nunggal kita ing saben ndina ing urip kita. Panjenengané ora bakal nglalekaké panjenengan utawa ninggalaké panjenengan awan utawa bengi, mangsa panas utawa mangsa udan, Panjenengan bakal nunggal panjenengan ing mangsa dadi bocah, ing mangsa dadi nom-noman, lan nalika mangsa wis tuwa. Panjenengané ora bakal ninggalaké panjenengan malah senajana panjenengan nindakaké dosa. Panjenengan nimbali panjenengan supaya ngakoni bebarengan karo Dawud, “nyawaku diayemaké, sarta dituntun ing dalaning kabeneran marga saka asmané. Malah sanadyan lumaku ana ing jurang palimenganing pati, aku ora wedi marang bilai, margi Paduka ingkang nganthi kawula: teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula” (Jabur 23:3-4)

Sang Kristus wis ngandika gegayutan pungkasané jaman. Panjenengané wis ngelingaké kita gegayutan Antikristus kang bakal teka sakwisé pepérangan, lindhu, lan mangsa pailan gedhé (Matéus 24:4-14. 1 Yokanan 2:22-25, 4:1-5). Panjenengané paring dhawuh marang para pandhérék Panjenengané “Sing ngati-ati supaya aja ana kang ngapusi kowé. Manunggala ing sajroné Aku, lan Aku ing sajroné kowé, lan ora bakal ana kang ngrebut kowé saka tangan-Ku”. Sang Juru selamet kita bakal rawuh manéh, nalika panganiaya lan kasusahan nganti ora bisa disangga, kanggo nylametaké wong-wong kang ditresnani Panjenengané saka panguwasané si pengawak dursila. Nalika Sang Kristus rawuh manéh, wektu lan urip ing bumi kang kita mangérténi sasiki bakal sirna. Krajan kasukman suwarga bakal katon ing sajroné panguwasa Sang Raja kamulyan kang dibeleh minangka Cempe Allah. Kraton iku bakal nyucékaké para pandhérék Panjenengané kanggo dadi warga keluwarga saka Rama kasuwargan Panjenengané.

Dhawuh Agung ditandai kanthi sawijining tembung cilik “kabéh” utawa “sakabéhe” kang ditulis kaping papat. Sang Kristus negesaké marang kita yén kabéh kuasa wis diparingaké dhumateng Panjenengané becik kang ing sorga uga ing bumi. Awit saka iku kita kudu muridaké kabéh bangsa lan mbaptisaké wong-wong iku ing sajroné asma Allah “Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci” banjur mulangaké wong-wong pracaya kanggo nindakaké kabéh prekara kang didhwuhaké marang kita. Kita ora bakal nglokro awit Panjenengané tansah nunggal, malah nganti pungkasan jaman. Manawa panjenengan naliti, mbangun turut, lan cekelan marang tembung “kabéh” utawa “sakabéhe” iku, ing pungkasan Injil Kristus manut catetan Penginjil Matéus iki, panjenengan bakal urip ing sajroné tentrem rahayu kang gedhé.

PANDONGA: Kawula nresnani Paduka Gusti Yésus Kristus lan manembah Paduka. Paduka mboten tebih saking kawula. Nanging Paduka nampi kawula, nyucékaké kawula, mbeneraken kawula, ngrukunaken kawula kaliyan Rama Kasuwargan kawula, njebati kawula kanthi Sang Roh suci Paduka. Paduka nyucékaken kawula ing salebetipun katresnan, kabingahan, tentrem rahayu, kesabaran, ugi anggen kawula ngendhaleni diri kawula kanthi makaten kawula saget lumampah sesarengan Paduka. Kawula ngaturaken panuwun awit Paduka mboten lan lan mboten badhé nate nilaraken kawula, kadosené Paduka sampun nganthi sedhérék-sedhérék ingkang dipun aniaya krana asma Paduka. Paduka menika Pribadi ingkang setya, lan Paduka énggal-énggal badhé rawuh.

PITAKONAN

  1. Apa panjenengan ngalami anané Gusti Yésus Kristus nunggal karo panjenengaen? Tulisen paseksen iman panjenengan selaras karo tuntunan Sang Kristus kanggo panjenengan.

KUIS

Para maos kang kinasih,
Sakwisé maca tafsiran babagan Injil manut Matéus ing sajroné buku iki, panjenengan saiki bisa ménéhi mangsuli pitakonan-pitakonan ing ngisor iki. Manawa panjenengan ménéhi jawaban 90% saka pitakonan-pitakonan ing ngisor iki, aku bakal ngirimaké marang panjenengan seri kang sebanjuré kanggo wulangan panjenengan. Aja lali nulis asmané panjenengan sing cetha lan nulis alamat ing lembar jawaban panjenengan.

  1. Kanggo apa malaikat iku nggulingaké watu kang nutup kubur?
  2. Apa kang dingandikaaké malaikat marang para wong wadon iku?
  3. Apa kang panjenengan sinau saka patemon Sang Kristus karo para wong wadon nalika wong-wogn wadon saka kubur kang kothong iku?
  4. Apa tembung-tembung kang lelawanan kang dikandhakaké para pemimpin bangsa Yahudi marang para prajurit kang jaga kubur Sang Kristus?
  5. Apa sebabé Sang Kristus ngutus wong-wong pracaya kang ora ngasilaké wong ing pakebonan Panjenengane?
  6. Apa sebabé Gusti Yésus paring dhawuh kita kanggo ngadeg lan lunga?
  7. Pira akéhé wong ing jagat iki kang durung krungu Injil? Apa kang ditindakaké panjenengan ana ing prekara iki?
  8. Apa makna baptisan panjenengan ing sajroné asma Sang Allah Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci?
  9. Sepira akéhé dhawuh Sang Kristus kang panjenengan ngreteni? Apa panjenengan ngetrapaké kabéh dhawuh iku ing sajroné urip panjenengaen, lan mulangaké marang wong-wong Kristen?
  10. Apa panjenengan ngalami anané Gusti Yésus Kristus nunggal karo panjenengaen? Tulisen paseksen iman panjenengan selaras karo tuntunan Sang Kristus kanggo panjenengan.

Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku:

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on October 16, 2023, at 01:55 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)