Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 272 (Christ’s Command to Preach to all the Nations)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu? -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 6 - WUNGUNĚ GUSTI KITA YĚSUS KRISTUS (Matéus 28:1-20)

7. Dhawuhé Sang Kristus Supaya Martakaké marang Kabéh Kabéh Bangsa (Matéus 28:19)


MATÉUS 28:19
19....Mulané padha lungaa, sakabéhing bangsa padha dadekna siswa-Ku ...
(Matéus 24:14, Markus 16:15-16, 2 Korintus 5:10).

Manawa ana wong kang arep mbangun turut marang dhawuh Sang Kristus, wong iku bakal mbutuhaké tuntunan saka Sang Roh Gusti. Bisa uga panjenengan takon, “Marang sapa aku kudu lunga? Ora ana kang maélu marang Injil utawa mengini Sabda Allah”. Pangon kang becik iku mratélakaken marang panjenengan, “Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparinga. Padha golék-goléka, temah bakal oleh. Padha thokthok-thothoka, teman bakal kawengan”. Panjenengan duwé hak nyuwun marang Sang Juru selamet nuntun panjenengan marang sapa waé Sang Roh suci waé lagi makarya.

Manawa panjenengan nemokaké wong lagi golék kayektén, rungokna rasa kuatiré luwih dhisik kanthi mengkono panjenengan bisa ngrasakaké prekara lan panandhange. Aja ménéhi marang wong-wong mau jawaban kang wis cemawis waé, nanging nyuwuna marang Gusti Yésus supaya nuntun panjenengan gegayutan apa kang bakal panjenengan kandhakaké marang wong-wong kang lagi nggoléki iku. Nyuwuna tembung-tembung kang pas kanggo saben wong ing sajroné sadhengah kanan. Manawa panjenengan wedi gegayutan ngedum Pangandikané Allah, nyuwuna supaya sih rahmat Allah mitulungi panjenengan. Kanthi cara mangkené mula panjenengan bakal ngalahaké rasa wedi kang bisa malangi panjenengan kanggo ngrembuk Pangandikané Allah lan golék abdi kang mbangun turut marang Sang Kristus. Aja lali kanggo ndedonga kanggo wong iku saduruné salawasé lan sakwisé panjenengan ketemu karo wong-wong iku. Panjenengan kudu maélu marang wong-wong, nuduhaké marang wong-wong iku katresnan Sang Kristus.

Sing sapa gelem menangaké kang ngrungokaké, kudu ménéhi marang wong-wong mau sawijining prekara kang ndudut atiné parkara kang digoléki lan kang diarep-arep. Para mahasiswa ing universitas ngrungokaké dosené mulang ing kuliahi kang duwé bobot lan ana mupangate. Wong-wong Kristen duwé pawarta kang luwih ndudut ati, ngéram-éramaké lan ana mupangate. Wong-wong mau wanuh Gusti Allah, Rama kang nggatekaké marang wong-wong mau. Wong-wong mau wis ngrasaké kepiyé Gusti Yésus kang nylametaké saka pati lan kang nyucékaké kabéh kahanan cemer. Sang Roh Suci nglipur wong-wong mau kanthi ménéhi katresnan, kabungahan, tentrem rahayu, sabar, setyo alusing bebuden, lan ngendaleni diri. Kita duwé pengarep-arep kang urip ing sajroné patangen Sang Kristus saka séda, lan kita nyawang menyang ngarep marang rawuhé Panjenengané manéh. Panjenengan duwé urip kang ana mupangate lan tujuwan mangsa tembe. Panjengnan ora kakecrek nanging wis merdeka. Awit saka iku, buwang rasa ora ana pepesthen babagan apa kang wis diparingaké Gusti Yésus, lan wartakna Injil iku marang wong-wong kang dituntun Gusti marang panjenengan. Panjenengané wis nandur panjenengan ing sajroné urip langgeng wiwit panjenengan pracaya marang Panguwasa lan Kang Paring urip iku.

Sang Kristus wis maringi marang para pandhérék Panjenengané panguwasa kanggo martakaké Injil ing negara-negara Mediteranian biyen, sebanjuré Persia. Pawarta kamenangan Sang Kristus sebanjuré nyebar tekan Eropa lan Asia Tengah nganti tekan China. Nalika Amerika lan dalan segara tumuju India ditemokaké, Sang Kristus kang gesang ngengakaké marang bangsa-bangsa iku kanggo ngrungokaké Injil Panjenengané. Dina iki putra-ptra Abraham lan kabéh bangsa komunis ing jagat kudu uga ngrungokaké pawarta kasuwargan iki. Kabéh wong pracaya diarep-arep kanggo melu cawe-cawe. Apik lumantar martakaké, ndongakaké utawa dana weweh. Mung sapratélan penduduk jagat kang ngaku awaké Kristen. Rong pratelon isih durung wanuh Sang Kristus lan keselametan Panjenengané. Pira lawasé manéh panjenengan bakal leha-leha sawetara jagat ngenténi leladi panjenengan?

PANDONGA: Dhuh Gusti ingkang Agung piyambak, Paduka nampa kawula minangka para murid Paduka lan mratélakaké Injil Paduka dhumateng kawula, Injil kang kapenuhan kaliyan panguwaos, kawicaksanan lan tuntunan. Paduka ngrubah kawula kanthi makaten kawula saget ngetrapakén menapa ingkang Paduka wucalaken dhumateng kawula. Paduka apunten kawula menawi kawula telat, lan Paduka ampuni kawula menawi kawula sampun nyepelekaké kanggo martakaké dhumateng sedhérék-sedhérék menika ingkang taksih dereng wanuh Panguwaos Paduka, Sang Putra lan Sang Roh Suci. Tulung kawula supados martakaké dhumateng sedhérék-sedhérék menika anggen kawula wanuh Paduka, katresnan, panguwaos lan tentrem rahayu saking Paduka kanthi sedhérék-sedhérék menika saget mangertos bilih Paduka menika ingkang Juru selametipun, lan wanuh Rama kasuwargan kanthi panguwaos Sang Roh Suci Paduka.

PITAKONAN

  1. Pira akéhé wong ing jagat iki kang durung krungu Injil? Apa kang ditindakaké panjenengan ana ing prekara iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 10:06 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)