Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 266 (The Empty Tomb and the Angel’s Words)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu? -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 6 - WUNGUNĚ GUSTI KITA YĚSUS KRISTUS (Matéus 28:1-20)

1. Pasaréan Kosong lan Pangandikané Malaikat (Matéus 28:1-4)


MATÉUS 28:1-4
1 Bareng dina Sabat wis kliwat, ing wayah bangun esuk, ing dina kapisan ing minggu iku, Maryam Magdalena karo Maryam sijiné padha lunga niliki pasarean. 2 Banjur ana lindhu gedhé, awit ana malaekating Pangéran kang tumedhak saka ing langit nyelak lan ngglundhungaké watuné nuli dilenggahi. 3 Pasuryané katon kaya kilat, pangagemané putih kaya salju. 4 Sing padha jaga gumeter wedi banget nganti kaya wong mati
(Matéus 17:2, Para Rasul. 1:10, 20:7, 1 Korinta 16:2, Wahyu 1:10)

Dina esuk kang kawitan sakwisé dina riyaya wiwit padhang, para wanita tumuju kubur supaya ngrampungaké ménéhi anggi-anggi layoné Gusti Yésus. Para wanita mau ora bisa ménéhi apa-apa ing dina Jemuah sadurungé srengengé angslup nganti para wanita mau ngrampungaké atas landhesan pikurmatan lan katresnan iki.

Dina Sabat Paskah yaiku dina kang ala dhéwé kanggo wong-wong wadon mau lan para murid. Sang Mesihé wis séda lan kabéh pengarep-arep bakal tekané Kratoné Allah kang wis cedhak wis ilang. Ora ana kang keri kajawa tangis, nglokro lan kelangan pengarep-arep. Nanging katresnan lan pikurmatan marang Gusti Yésus ndudut ati para wanita iku ing sajroné kubur Kang Mahasuci iku.

Nalika Panjenengané séda, bumi kang nampa layon Panjenengané geter keweden. Nalika Panjenengané wungu, bumi kang nampani layon Panjenengané mlumpat bungah ngluhuraké Panjenengané. Lindu bumi iku dumadi awit cancangan pati dilonggaraké, bandan jagating pati dirog, lan karukunan ditepungaké marang kabéh bangsa. Iki tanda saka kamenangan Sang Kristus. Suwarga bungah lan pawarta iki disebaraké kanthi mangkono saindhengin jagat uga abungah-bungah. Iki conto saka gonjang-ganjing kang uga bakal dumadi marang jagat nalika wunguné kang pungkasan, nalika gunung lan pulau-pulau bakal pindhah, lan bumi ora manéh bisa nutupi wong-wong kang dikubur ana njeroné (Yésaya 26:21)

Lakuné para wanita nalika esuk umun-umun iku, wong-wong wadon iku uga kuwatir ngelingi watu kang gedhé kang nutup kubur iku. Wong-wong wadon iku ing batin takon sapa mengko kang bakal nggolingaké watu iku. Gusti paring jawaban kekarepané para wanita iku karo ngutus malaikat supaya mbuka lawang kubur kang wis kothong iku. Malaikat iku ngaton kinanthenan lindhu kang ngedap-edapi, lan wong-wong kang jaga kaya wong-wong mati. Malaikat iku sebanjuré nggulingaké watu kang nutup kubur lan lungguh ana kono, minangka lambang saka kamimpangan Sang Kristus ing sajroné anggoné wungu saka séda.

Malaikat ora mudhun saka langit mitulungi Sang Kritsus wungu saka séda, awit Panguwasa panguripan ora mbutuhaké pitulungan ngalahaké pati. Gusti wungu kanthi tenang selaras karo karsa Panjenengané nembus mori kang mbuntel layon Panjenengané lan mori iku ora suwék, lan kanthi tenang nembus watu karang iku. Panjenengané sebanjuré mlebu ing sajroné omah kang kakunci ing kono para muride padha nglumpuk. Senajana ora ana wong siji waé nyeksekaké wunguné Sang Kristus saka séda, kubur iku wis kothong nalika para wong wadon iku teka ing kubur iku.

Pati iku satruné kabéh manungsa. Pati nempuh kabéh kang dilairaké déning wong wadon. Pati panjennegan ora bisa diselaki, awit iku nyuwuna kawicaksanan Allah supaya panjenengan bisa cemawis.

PANDONGA: Gusti Yésus, Paduka wungu saking antawisipun tiyang pejah. Kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka kemawon Pribadi ingkang sampun ngawonaken pati, kaprihatinan, lan iblis. Paduka maringi Sang Roh ingkang langgeng, gesang énggal lan kabingahan dhumateng para pandhérék Paduka. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka ngutus malaikat kanggo mindahaken sela menika saking kubur saderengipun para wanita menika dumugi ing kubur. Paduka paring jawaban donganipun lan mbereg kawula supados pitados lan ningali bilih Paduka sampun ngrampungaké prekawis kawula, awit Paduka gesang lan nylametaken kawula. Haleluyah.

PITAKONAN

  1. Kanggo apa malaikat iku nggulingaké watu kang nutup kubur?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:58 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)