Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 265 (The Tomb Sealed and Guarded)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

31. Pasaréané Gusti Diségel Lan Dijaga (Matéus 27:62-66)


MATÉUS 27:62-66
62 Esuke, yaiku sakwisé dina pacawisan, para pangarping imam lan para Farisi padha bebarengan sowan menyang ing ngarsané Sang Pilatus 63 lan padha matur: “Tuwan, kula sami kengetan, bilih juru panasaran punika nalika taksih gesang, cariyos makaten: Sakwisé telung dina Aku bakal tangi. 64 Awit saking punika, karsaa ndhawuhaken, supados kuburipun kajagi ngantos dumugi tigang dintenipun; manawi boten, saget ugi para sakabatipun lajeng dhateng nyolong Piyambakipun, nuntun cariyos dhateng tiyang kathah: Piyambakipun sampun tangi saking antawisipun tiyang pejah, satemah panasaran ingkang kantun badhé langkung awon tinimbang ingkang rumiyin” 65Pangandikané Sang Pilatus marang wong-wong mau: “Prajurit-prjurit iki gawénen, wis mangkata, pakuburané jaganen sing becik”. 66 Saunduré banjur padha nganakaké panjagan lan nyegel watu tutuping pasarean kabantu déning para prajurit mau.
(Matéus 20:19, Markus 15:42)

Para murid ora kelingan yén Gusti Yésus wis ngandikan makaping-kaping gegayutan anggoné Panjenengané bakal wungu kanthi kebak kaluhuran. Wong-wong Farisi lan para imam kepala ora pracaya marang babagaj Gusti Yésus bakal wungu saka séda. Wong-wong mau duwé panemu yén para murid Panjenengané bisa uga bakal nyolong layon Panjenengané banjur kandha yén Guruné wis wungu. Para pemimpin bangsa Yahudi ora urip ing sajroné Roh kayektén lan duwé pikiran yén para pandhérék Gusti Yésus iku golongané wong goroh, dikaya kahanané wong-wong mau dhéwé.

Wong-wong kang ngadhili Gusti Yésus mangu-mangu. Sakwisé kelingan apa kang ditegasaké Gusti Yésus, Panjenengané bakal wungu saka séda telung dina sakwisé anggoné séda. Wong-wong mau ngongkon supaya kubur iku disegel lan dijaga supaya aman. Kayangapa mrihatinaké gambarané mapanaké para prajurit ing ngarepe kubur supaya wong kang mati ora bisa mlayu!

Sawetara wong kang nampik kayektén iki ngatur carita yén ana wong liya kang disalibaké lan dudu Gusti Yésus, lan sebanjuré nggenteni ya wong iki kang dikubur ing sajroné kurburan iku. Dongéng mangkené iku lucu lan bisa dadi guyu. Apa ibu Gusti Yésus, kang ngadeg pas ing sangisoring salib, ora wanuh Panjenengané kang disalib? Apa wong-wong kang ngudhunaké Panjenengané kang disalib ora ngreti apa wong-wong iku nggotong wong liya utawa nggotong Gusti Yésus?

Panemu iki kaya lamat mangga kang ora duwé kekuwatan apa-apa lan gampang dipedhot. Panemu iku mung teori waé kang ora duwé landhesan. Sapa waé kang duwé panemu kang mengkené luput marang Gusti Allah kang ndakwa Panjenengané nindakaké sawijining prakrara kang ora bisa ditampa. Iman lan keyakinan saka pandhérék Sang Kristus ora bisa dibantah, awit para pandhérék Gusti Yésus duwé iman lan keyakinan marang apa kang dideleng dhéwé, yén Panjenengané kang disalib iku gusti Yésus Sang Kristus. Becik wong-wong Yahudi uga wong-wong Romawi ngreti kasunyatan iki. Prekara iku uga diteguhaké déning buku-buku sejarah lan wis dilantaraké saka cerita wong siji marang wong liyané ing sajroné sejarah. Wis ditegasaké kayekténé makaping-kaping yén Kang disalib iku Sang Kristus, lan Panjenengané séda uga dikuburake.

PANDONGA: Gusti lan Sang Juruselamet kula, Paduka sampun ngraosaken getiring séda, lan Paduka dipun papanaké ing salebetipun kubur ingkang peteng. Paduka mlebet saderengipun kula wonten ing salebetipun kubur supados kula mboten prelu malih rumaos ajrih utawa piyambakan ing wekdal kula pejah awit kula badhé kepanggih kaliyan Paduka. Matur nuwun awit Paduka ngaputen sadaya kalepatan kula lan mapanaken wiji gesang ing salebetipun badan kula kanthi makaten pati mboten saget malih gadhah panguwaos atas badan kula. Paduka sampun maringi dhumateng para pandhérék Paduka gesang malah sasampunipun pejah. Paduka menika Sang Pemenang, pantara lan panebus kawula. Awit sédanipun Paduka mila kawula gesang ing salaminipun.

PITAKONAN

  1. Apa lelakon kang penting dhéwé kang kelakon sawetara sakwisé sédané Gusti Yésus?

“Nyata, Panjenengané kuwi Putraning Allah!”
(Matéus 27:54)

KUIS

Para maos kang kinasih,
Sakwisé maca tafsiran babagan Injil manut Matéus ing sajroné buku iki, panjenengan saiki bisa ménéhi mangsuli pitakonan-pitakonan ing ngisor iki. Manawa panjenengan ménéhi jawaban 90% saka pitakonan-pitakonan ing ngisor iki, aku bakal ngirimaké marang panjenengan seri kang sebanjuré kanggo wulangan panjenengan. Aja lali nulis asmané panjenengan sing cetha lan nulis alamat ing lembar jawaban panjenengan.

  1. Apa ta sebabé Gusti Yésus ing piwulang Panjenengané babagan pengadilan iku ora ngrembuk prekara iman, nanging ngunderaké kawigaten marang panggawé alendhesan katresnan?
  2. Apa ta sebabé wong-wong kang becik bakal muncul tanpa dosa lan wong-wong kang ala bakal katon banget ala ing dina pengadilan?
  3. Apa ta maknané Paskah iku?
  4. Apa sebabé golongan Sanhendrin ora bisa nibakaké paukuman kang adil marang Sang Kristus?
  5. Menapa tegesipun pangandikan sanepa “wong mlarat tansah ana ing kowé?”
  6. Apa kang panjenengan sinau saka kekarepané Yudhas anggoné masrahaké Gustiné kanthi rega kang murah?
  7. Apa ta makna saka “Dino riyaya Roti Ora Nganggo Ragi” kanggo wong-wong Yahudi ing mangsa kepungkur lan ing mangsa saiki?
  8. Apa kang dumadi sadurungé panetepan Bujanané Gusti?
  9. Apa makna kang maton ing sajroné Bujanané Gusti?
  10. Apa sebabé Petrus ora pracaya marang pepelingé Gusti Yésus?
  11. Apa sebabé Gusti Yésus dadi banget déning prihatin?
  12. Apa sebabé Gusti Yésus gemeter lan dadi susah banget, malah kaya arep mati rasane?
  13. Apa tegesé “roh mbangun turut, nanging daging ringkih”?
  14. Apa kang kita sinau saka 3 donga kang diaturaké gusti Yésus terus-terusan ing Taman Getsemani?
  15. Apa sebabé Gusti Yésus nimbali wong kang mbalela marang Panjenengané minangka “kanca”?
  16. Apa maknané saka bebandané Gusti Yésus?
  17. Apa sebabé Gusti Yésus kendel saksuwéné diperiksa ing ngarepe Sanhedrin?
  18. Apa ta pentingé paseksené Gusti Yésus kang ora ana bandhingané ing ngarepe Sanhedrin?
  19. Apa ta makna saka tembung kang dingandikaaké Gusti Yésus ing ngarepe Sanhedrin?
  20. Apa sebabé apa ta Petrus nyelaki Gustiné nganti kaping telu?
  21. Apa bedané antarané patemon pemimpin Yahudi kang dianakaké wayah soré karo kang dianakaké ing esuke?
  22. Apa sebabé Yudhas nggantung awaké lan ora mretobat kaya Petrus?
  23. Apa kang bisa kita sinau saka patiné Yudhas?
  24. Apa makna saka anggoné Gusti Yésus ngakoni manawa Panjenengané iku kang yektos?
  25. Apa sebabé Sang Pilatus ngongkon wong-wong Yahudi milih sapa kang diuwalaké saka pakunjaran Barabas apa Yésus? Ben wong-wong mau milih sapa kang kudu diuwalake?
  26. Nganti kepiyé anggoné wong Yahudi gagal ing pambudidayané ménéhi bukti kang asipat politik kang cetha kanggo ngukum Gusti Yésus?
  27. Apa sebabé Sang Pilatus netepaké supaya Gusti Yésus disalib?
  28. Apa sebabé para prajurit Rum nyiksa Sang Kristus banget kanthi nistha lan kebak pepoyok?
  29. Apa tegesé manggul salib ing sajroné ndhérék Gusti Yésus?
  30. Apa kang dadi alesan kang maton gegayuan anggoné Gusti Yésus Krittus disalib?
  31. Apa makna saka anggoné moyoki wong-wong Yahudi marang Gusti Yésus?
  32. Apa ta maknané siji-siné pratéla ing kayu salib kang ditulis déning Matéus?
  33. Apa sebabé wong dosa ora bisa nyangga dosa-dosané wong liya?
  34. Apa kang ditindakaké para wong wadon iku ing sajroné Gusti Yésus disalib?
  35. Apa kang panjenengan sinau saka babagan Gusti Yésus kang dikubur iku?
  36. Apa lelakon kang penting dhéwé kang kelakon sawetara sakwisé sédané Gusti Yésus?

Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku:

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:48 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)