Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 239 (Predictions on the Way to Gethsemane)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

8. Panjangkané Gusti Yésus ing Sajroné Tindaké Menyang Getsemani (Matéus 26:30-35)


MATÉUS 26:30-35
30 Sakwisé padha ngrepekaké kidung pamuji, banjur padha mangkat menyang ing gunung Zaitun. 31 Gusti Yésus banjur ngandika marang para sakabat: “Ing bengi iki kowé kabéh bakal padha kacuwan marga saka Aku. Sabab ana tulisan kang surasané mangkéné: Ingsun bakal nggebag juru pangon lan wedhus-wedhusé ing pepanthané bakal buyar. 32 Nanging sakwisé Aku tangi, Aku bakal ndhisiki kowé kabéh mnyang ing Galilea.” 33 Petrus mangsuli, ature: “Sanadyan sadaya sami kecuwan margi saking Paduka, kawula babar pisan boten.”34 Pangandikané Gusti Yésus marang Petrus: “Satemené Aku pitutur marang kowé: Bengi iki, sadurungé jago kluruk,kowé wis nyelaki Aku kaping telu.” 35 Atur wangsulané Petrus: “Sanadyan kawula ngantos pejah sesarengan kaliyan Paduka, kawula boten badhé nyelaki Paduka.” Para sakabate liyané iya padha munjuk mangkono.
(Jabur 113-118, Matéus 28:7, Yokanan 13:38, 16:32).

Nalika bujana pungkasan, Gusti Yésus neguhaké prejanjian kang anyar karo pandhérék Panjenengané. Sakwisé neguhaké sakramen Bujana gusti, Panjenengané nutup Bujana Paskah kanthi ngidungaké pujian dikaya kang tinulis ing sajroné Jabur 118. Seanjuré Panjenengané jumeneng lan jumangka tumuju anggoné bakal séda kanthi ati kang bakoh lan mantep.

Panjenengané ora duwé pénggalih gegayutan tekané rasa lara lan panandhang, nanging gegayutan para murid kang isih ringkih. Panjenengané ngelingaké para murid bakal tekané momotan kang abot supaya para murid tetap setya marang Panjenengané nanging uga nglipur para murid kanthi jaminan bakal wunguné Panjenengané kang kebak kamenangan. Dina iki, Sang Kristus nuntun umat Panjenengané ing sajroné kamenangan dikaya kang diprasetyakaké Panjenengané lan nguwataké para pandhérék Panjenengané supaya urip ing sajroné panguripan kang menang. Kanthi panguwasa Panjenengané kita bisa ndhérék jumangkahé Sang Kristus kang wis wungu saka anggoné séda.

Para murid ora nyingkiri bakal tekané momotan urip kang abot kang ana ing ngarepané lumawan roh-roh ala kang lumawan marang rancangan Allah. Bisa uga para murid duwé pikiran yén kekuwatané dhéwé wis cukup kanggo ngadhepi momotan urip kang bakal teka. Awit para murid duwé panemu awaké luwih kuwat tinimbang karo si pangawak dursila, Sang Kristus ngandika yén para murid mesti kalah sawutuhe.

Para murid ora ngreti apa kang dicuplik Gusti Yésus saka Kitab Suci, lan ora ngerti yén gusti Allah bakal nggepuk Pangon lan sebanjuré para wedhus pilihan Panjenengané bakal bubar mawut (Zakaria 13:7). Prekara iki ora bisa dimangérténi para murid lan dadi watu sandhungan kanggo dhéwéke. Apa ya Gusti Allah negakaké yén Sang Juru selamet jagat iku mati?

Petrus ora seneng karo pamecané Gusti Yésus yén dhéwéké lan para murid liyané bakal nyelaki Sang Kristus. Petrus kanthi gumunggung nolak lan mbombongaké anggoné setya kang gilik marang Gustiné. Nanging, Gusti Yésus pirsa babagan anggoné jago kluruk lan nganti kaping telu anggoné Petrus nyelaki minangka jejeré murid Panjenengané iki. Gusti Yésus ngelingaké Petrus kanthi pameca iki yén dhéwéké bakal tiba ing sajroné dosa awit dhéwéké pracaya marang kekuwatané dhéwé.

Petrus pancen kendel lan duwé keyakinan kang gedhé babakan awaké dhéwé. Ing ngendi ana wewengan dhéwéké dadi kang kawitan kang omong, mliginé gegayutan awaké dhéwé. Kala-kala pangandikané Sang Kristus mratélakaké sawijining kayektén, nanging kala-kala pangandikan iku mbukak kahanan Petrus kaya kang dumadi nalika iku.

Petrus nyancang awaké marang sawijining prasetya yén dhéwéké ora bakal nyelaki Sang Kristus- saiki lan nganti sateruse. Manawa prasetya iku digawé atas landhesan anggoné andhap asor kang sumendhé marang nugrahané Sang Kristus, mula prekara iku bakal dadi pangakon kang ngedap-edapi. Ndadar marang awaké dhéwé iku tugas kita kang gedhé dhéwé.

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, kawula nresnani Paduka awit Paduka sampun ngemutaken sadaya murid Paduka babagan coban ingkang badhé dumugi. Paduka cemawis mitulungi Petrus, kanthi mligi, supados piyambakipun saget sinau supados mboten mitaya dhumateng badanipun piyambak. Nanging, piyambakipun mboten nggatosaken pemut Paduka. Paduka apunten kawula menawi mboten nggatosaken pemut Paduka lan mung pitados dhumateng kapinteran lan kekiyatanipun kawula. Tulung kawula supados dados kiyat kanthi manunggal ing salebeting Paduka. Cepengi tangan kawula lan pimpin kawula supados kawula saget lumampah ing salebetipun pangayoman Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Petrus ora pracaya marang pepelingé Gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on August 31, 2023, at 04:59 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)