Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 238 (The First Lord’s Supper)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

7. Bujanané Gusti kang Kawitan (Matéus 26:26-29)


MATÉUS 26:26-29
26 Nalika padha mangan, Gusti Yésus mundhut roti, lan sakwisé diberkahi, banjur dicuwil-cuwil sarta diparingaké marang para sakabate, pangandikane: “Padha tampanana, panganen, iki badan-Ku” 27 Sakwisé mangkono nuli mundhut tuwung lan sakwisé caos sokur banjur diparingaké marang para sakabate, pangandikane: “Padha ngombea kabéh ing tuwung iki. 28 Sabab iki getihKu, getihing prajanjian kang kawutahaké kanggo wong akéh, minangka pratandha pangapuraning dosa. 29 Mung waé Aku pitutur marang kowé: wiwit saiki Aku ora bakal ngombe manéh pametuning wit anggur iki, nganti tumekani dinané Aku ngombe kang anyar bebarengan karo kowé ana ing Kratoning RamaKu”
(Pangentasan 24:8, Yérémia 31:31, 1 Korinta 10:16, 11:23-25, Ibrani 9:15-16).

Sasuwéné mangsa riyaya Paskah ing sajroné kamar kang tutupan, Gusti Yésus mundhut roti, ngaturaké panuwun marang Sang Rama kasuwargan, lan amberkahi roti iku minangka sakramen bujana Gusti kang anglandhesi kabéh keselametan kita. Wong-wong Kristen wiwitan ngarani: “Sakramen Atur Panuwun.”. Rak anggon kita ngaturaké panuwun tambah tuwuh bebarengan karo katresnan kita marang Sang Kristus. Tambah kita nresnani Panjenengané tambah kita bakal ngaturaken panuwun marang Panjenengané.

Gusti Yésus mratélakaké makna saka roti ing sajroné Bujana Gusti nalika Panjenengan ngandika marang para murid Panjenengané “Dikaya roti iki mlebu ing sajroné awakmu, mengkono Aku ngersakaké manunggal lan mapan ing sajroné kowé. Yaiki tujuwan saka prejanjian kang anyar. Dikaya roti kanthi cara alam iku nguwataké kowé kanggo urip lan nyambut gawé, mengkono uga Aku manunggal lan makarya ing ing kowé kanggo panguripan langgen lan leladi saben dinané kanthi mangkono kowé ora bakal dadi ringkih nanging leladi kanthi kabungahan. Aku iki kekuwatanmu ing sajroné awakmu”

Sebanjuré Gusti Yésus mundut tuwung lan nyethakaké marang para murid makna saka anggur iku. Anggur iku nggambaraké rah Panjenengané kang ngresiki kabéh dosa kita. Séda Panjenengané nggenteni kita wis ngrukunaké kita karo Gusti Allah. Kayektén kita ora alandhesan marang tumetesé getih sapi kang atas getih sapi iku Prejanjian lawas nyethakaké, nanging Putra Allah wis dadi manungsa lan séda kanggo kita, ngesokaké rah Panjenengané kang larang kanggo agawé kita mlebu dadi para mitrané ing sajroné Prejanjian kang Anyar karo Rama Panjenengané. Kanthi mengkono Roh Panjenengané kang kebak panguwasa bisa manunggal ing sajroné awak kita, lan kita nmpa panguripan kang langgeng.

Getih ing sajroné Prejanjian Lawas diwutahaké mung kanggo wong sethithik. Getih iku neguhaké sawijining prjanjian, kang (kandhané nabi Musa) wis diyasa Gusti “karo kowé” (Pangentasan 24:8). Korban ing sajroné Prejanjian lawas mung digawé kanggo bangsa Israél (Kaimaman 16:34). Nanging Gusti Yésus Kristus iku “Ngrukunaké kanggo kabéh dosa jagat ( I Yokanan 2:2).

Sédané Sang Kristus ing kayu Salib iku landhesan pranatan saka Prejanjian anyar. Ing sajroné korban kang ora ana bandhingané iki, Gusti Yésus ngringkes lan nindakaké paugeran korban ing sajroné Prejanjian Lawas. Panjenengané piyambak cempening Allah kang ngedohaké kita saka bebenduné Allah kang suci lan ngedohaké saka paukuman. Panjenengané piyambak waé kang dadi korban Prejanjian Anyar kanggo para pandhérék Panjenengané ing kabéh tulisan sejarah. Kanthi sédané Panjenengané Sang Kristus nganakaké panebusan sempura kanggo keselametan langgeng kita lan ngandika yén panebusan saka Panjenengané bakal sawutuhé dipratélakaké ing sajroné anggoné Rawuh Panjenengané kang kaping pindho. Panjenengané bakal lenggah bebarengan karo kita dikaya Panjenengané lenggah bebarengan karo para murid Panjenengané ing kamar ndhuwur. Sebanjuré kraton Sang Rama bakal dipratélakaké nganggo kaluhuran lan panguwasa Panjenengané. Atur panuwun lan anggon manembah kita ora bakal tau enték awit Panjenengané bakal nganthi kita, lan ing sajroning kita, lan ora bakal pisah karo kita nganti salawase.

Apa panjenengan kersa nyawiji karo Panjenengané ing sajroné pujian nalika Panjenengané rawuh manéh? Apa sang Kristus manunggal ing sajroné panguripan Panjenengan saiki kanthi mangkono panjenengan bisa nampani Panjenengané suk emben? Sinau kanthi temenan pangandikan Gusti Yésus nalika neguhaké Prejanjian kang Anyar ing sajroné sakramen Bujana Gusti awit ing sajroné bujana iku ngandhut kang anyar kasugihan kapiyandelan lan kesalametan kita.

PANDONGA: Rama Kasuwargan, kawula ngluhuraken Paduka saha amemuji Paduka kanthi golong gilik, awit sédanipun Putra ontang anting Paduka awit Panjenenganipun ngrukunaken kawula kanthi Paduka ngorbanaken Panjenenganenipun. Panjenenganipun manunggal ing salebetipun manah kawula lumantar Sang Roh Suci ingkang dipun paringaken dhumateng kawula kanthi makaten dados lantaran sih rahmat Paduka, anggota keluwarga Paduka. Jangkung kawula ing salebetipun patunggilan Paduka, kanthi makaten kawula saget manunggal ing salebetipun Putra Paduka, lan Panjenenganipun manunggal ing salebetipun kawula ngantos selami-laminipun.

PITAKONAN

  1. Apa makna kang maton ing sajroné Bujanané Gusti?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 08:40 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)