Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 237 (Declaration of the Coming Treachery)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

6. Pratéla Gegayutan Pambaléla Kang Bakal Kelakon (Matéus 26:20-25)


MATÉUS 26:20-25
20 Bareng wis soré Gusti Yésus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para sakabate rolas. 21 Sajroné padha mangan, Gusti Yésus ngandika: Satemené pituturKu marang kowé: Ana siji ing antaramu kang bakal ngulungaké Aku.” 22 Para sakabat padha sedhih banget sarta padha munjuk genti-genti: “Rak sanés kawula, ta, Gusti?” 23 Paring wangsulane: “Sing bebarengan karo Aku nyelupaké tangané ing pinggan iki, yaiku sing bkal ngulungaké Aku. 24 Putraning Manungsa pancen bakal linggar, cocok karo kang katulis tumrap Panjenengané nanging bilai wong kang dadi margané Putraning Mnungsa kaulungake. Luwih becik upama wong iku ora lair.” 25 Yudhas, kang bakal ngulungaké Gusti Yésus, matur: Rak sanés kawula, ta Guru?” Pangandikané Gusti Yésus: “Kowé wis ngarani!”
(Lukas 17:1-2).

Sang Kristus wis tansah urip ing sajroné patunggalan kang cedhak karo para murid Panjenengané. Gusti Allah ana ing antarané para murid. Karawuhan Panjenengané duwé daya pengaruh ing sajroné patunggalané para murid. Para murid tresna tinresnanan ing sajroné kasucén lan paseduluran. Senajan para murid dianiaya, diburu, lan kudu kumpul kanthi sesingitan, kabungahan lan tentrem rahayu tetap anganthi para murid.

Gusti Yésus wiwit ngeblakaké sapa kang mbalela marang Panjenengané nalika Bujana Pungkasan iku tanpa nyebutaké sapa jenenge, awit ora gelem agawé wong iku ditampik ing antarané para murid. Pratéla gegayutan pambalelané kang bakal kelakon ing tengah para murid krasa kaya sawijining bom. Kepahaman babagan prekara iki dadi cecawisané Ilahi kanggo ngresiké para murid saka kabéh kaluputan lan apa waé kang dadi jalaran abote para murid kanthi mengkono bisa pantes nampani Bujanané Gusti.

Kang banget nggegirisi yaiku ora ana siji waé ing antarané rolas murid kang yakin bab kasetyané awaké dhéwé. Saben para murid rumangsa duwé rasa bakal mbalela marang gusti ing atiné. Bisa uga para murid tahu mikir bakal mlayu saka ngarsané satru supaya uwal saka kanepsoné bangsané. Para murid rumangsa diblejeti ing ngarsaé Gusti lan kanthi ajuring ati uga rumangsa isin. Kabéh para murid bingung ngakoni karingkihané ing ngarepan umum. Para murid ora lelamisan lan uga ora tahu gumunggung babagan kasetyan lan ajining awak.

Sang Kristus miwiti mbudidaya kanggo nggendheng nyawané Yudhas, supaya agawé Yudhas mratobat lan ngakoni. Gusti Yésus nyethakaké marang dhéwéké anggoné luwih-luwih saka patunggalan, katresnan lan panguwasané kang wis dialami Yudhas saksuwéné bebarengan karo Gusti. Panjenengané uga ngelingaké marang Yudhas gegayutan paukuman kang nggegirisi ing neraka, sing mesti bakal dilakoni awit dhéwéké wis tau ngrasakaké nugrahané Allah lan saiki nampik nugraha iku.

Nanging Yudhas wis kalimputan roh ala, “Bapa kabéh kang apus-apus”. Yudhas nyawang marang Gusti Yésus kanthi pamratobat kang lelamisan lan kandha, “Kintenipun Gusti Allah paring pitulungan, mboten kula ingkang dados tiyang ingkang mbalela”. Yudhas ora nyebut Sang Kristus, “Gusti,” kaya para murid kang liyané nanging “Rabi”, “Guruku”, utawa “Bendara”. Patrap misahaké awaké saka Sang Kristus katon ing sajroné patrap lelamisan kang ala iki. Sebanjuré Gusti Yésus melehaké kanthi keras lan mratélakaké patrap awoné. Sang Kristus ngandika: “Kowé wis kandha dhéwé, ya kowé iku wonge”

Apa panjenengan gelem mratobat sadurungé Sang Kristus melehaké panjenengan kanthi keras lan ngadhili panjenengan? Apa panjenengan gelem nuduhaké awak panjenengan minangka abdi kang setya marang Gusti? Utawa apa piala isih ngendhaleni telenging ati panjenengan? Apa Panjenengan tenan-tenan wis dijur? Utawa apa panjenengan isih dadi wong lamis kang ora ndhérék tuntunan saka Sang Roh Suci?

PANDONGA: Dhuh Rama Kasuwargan, paringi rahmat dhumateng kawula, tiyang dosa. Paduka jabel sadaya wiji piawon saking manah kawula. Paduka apunten kawula atas sadaya kanisthan lan piawon ing salebeting manah kawula. Paduka titahaken ing salebetipun badan kawula manah ingkang énggal lan laku jantraning gesang ingkan kaénggalaken. Kula temtu badhé nampi karisakan langgeng tanpa rah Putra Paduka. Paduka uwalaken kawula saking hara nafsu kawula lan Paduka sucékaken kawula kanthi makaten kula saget ndhérék Putra Paduka kanthi setyo sesarengan kaliyan sadaya tiyang ingkang mratobat ing jagat menika. Paringana roh pamratobat lan raos getun dhumateng sadaya gereja kanthi makaten Paduka saget manunggal wonten ing salebetipun, lumantar Roh Suci Paduka. Gusti, wilujengaken kawula saking badan kawula piyambak.

PITAKONAN

  1. Apa kang dumadi sadurungé panetepan Bujanané Gusti?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 08:38 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)