Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 232 (Jesus Prophesies His Death)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

1. Wecané Gusti Yésus Ngenani Sédané Panjenengané (Matéus 26:1-2)


MATÉUS 26:1-2
1 Sakwisé Gusti Yésus mungkasi piwulangé mau, banjur ngandika marang para sakabet: 2“ Kowé pada sumurup, yén kurang roh dina wis riyaya Paskah, dené Putraning Manungsa bakal kaulungaké supaya kasalib.”
(Pangentasan 12:1-20, Matéus 20:18)

Sing sapa arep ngreti kayekténing Injil manurut matéus, kudu paham yén Gusti Yésus iku Gusti, Ratu, lan Hakim atas jagat, lan kabéh panguwasa lan nyawa ana ing asta Panjenengané. Kaya ngapa ngedap-edapiné Panjenengan ora paring dhawuh atas manungsa minangka panguwasa kang nistha, nanging Panjenengané séda minangka cempening Allah supaya ngrukunaké dosa kabéh manungsa, kayektén saka panebusan ilahi iki nglewati kabéh kepahaman kita. Lumantar séda, kayektén Allah manunggal ing sajroné wong-wong dosa kang mratobat lan dadi pracaya. Sang Raja séda kanggo agawé umat kagungan Panjenengané bisa mlebu ing sajroné kaluhuran kraton Panjenengané kanthi mangkono sing sapa pracaya marang Panjenengan ora bakal nemahi kacilakan langgeng.

Gusti Yésus mbudidaya supaya mratélakaké katarangan pungkasané kanthi makantar-kantar awit katresnan Panjenengané. Pangandika Panjenengané kebak karo panguwasa lan kasucén, lan pakaryan Panjenengané nuduhaké sih kawelasan lan rahmat Panjenengané. Nalika Panjenengané rampung kabéh puwulangé lan kaelolakan kang ditindakaké Panjenengané panjenengané miwiti pérangan pungkasan anggoné Leladi ing jagat iki lan kanthi rila nampani anggoné séda selaras karo karsané Rama Panjenengané. Anggoné leladi minangka Guru lan dokter wis rampung, lan anggoné leladi kanggo ngrukunaké manungsa karo Gusti Allah lagi kawiwitan. Prekara kang ngedap-edapi yaiku Panjenengané ngujudi pakaryan kaslametan kanggo jagat iki ing sajroné wektu kang cekak mung kurang luwih 24 jam waé. Bisa uga lelakon iki ora ana badhingané kang dadi dina kang penting dhéwé ing sajroné jagat, dumadi ing tanggal 13 Nisas (April) tahun 28 Masehi.

Dina riyaya Paskah dirancang kanggo mbuwang bangsa Yahudi ngelingi anggoné bangsa iki kauwalaké saka anggoné dadi batur tukon ana Mesir ing jaman Fringon, Ramses II, Ratu kang ora ngidinaké umat Allah ngrayakaké dina riyayané karo gusti ing ara-ara samun. Wusanané malikat Gusti nekani lan mateni kabéh bocah pembarep ing Mesir, becik manungsa uga kewan. Putra-putra Abraham ora luwih becik saka liyané nanging putra-putra Abraham pracaya marang panguwasa cempe saka Allah kang disembelih lan nggolék pangayoman ing sajroné getihe. Awit saka iku bangsa Yahudi uwal saka bebendu lan paukukmanan Allah. Wiwit wektu iku, wong Yahudi ngrayakaké Paskah kanggo ngeling-eling yén bebenduné Gusti Allah nglewati bangsa iki.

Sang Kristus ngujudi makna saka riyaya lawas iki lan maringi makna kang anyar yaiku panebusan kanggo saindhenging jagat. Panjenengané dadi korban karukunan kang nylametaké manungsa saka bebenduné Gusti Allah-bebendu kang nglewati wong Yahudi kang wis ditunggalaké karo Panjenengané lumantar Iman.

Sang Kristus pirsa sadurungé nalika Panjenengané nglakoni séda, dikaya kang wis diweca para nabi. Panjenengané uga pirsa cara séda Panjenengané. Golongan Yahudi fanatik nggawa Panjejengané ing tangané bangsa manca kang bakal maku Sang Raja lan Hakim kang suci iku ing kayu salib kang asor.

Katoné kaya-kaya, ing sajroné kahanan kang nglarani ati iki, para panguwasa luput ing sajroné gawé putusan, awit para panguwasa ora ngakoni lan ora pracaya marang Sang Kristus. Akibate para panguwasa nibakaké paukuman marang Panjenengané kang bener lan nyedani Panjenengané. Yaiki sebabé panjenengan kudu banget ngati-ati sadurungé melu panemume masyarakat umume. Aja ngadhili manawa panjenengan durung nyinau kabéh laporan kang panjenengan rungu lan uga tata laku saka para panguwasa kang nglantarake. Gusti Yésus ngandika, “Saka wanuh wong-wong mau saka wohe”. Awit saka iku. tampanen Panjenengan kang setya lan tetap taberi senajan kabéh wong wis nampik Panjenengané.

PANDONGA: Gusti Yésus, Raja dalah Hakim, kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka nindakaké sadaya wucalan Paduka lan kaélokan Paduka saderengipun minggah dhateng kajeng salib. Paduka mboten mlajeng saking lelampahan menika, nanging ngrampungaken peladosan Paduka minangka Cempening Allah lan nebus jagat ingkang awon menika. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka menika korban karukunan ilahi saking Paskah, ingkang nebihaken kawula saking bebendunipun Allah menawi kaula pitados dhumateng Paduka. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas patrap andhap asor lan katresnan Pdauka lan awit Paduka nindakaké margi Paduka minangka cempe kanggé milujengaken sing sinten sowan dhumateng Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa ta maknané Paskah iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on August 23, 2023, at 04:41 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)