Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS
11. Sing Padha Rumantia! (Matéus 24:42-51)MATÉUS 24:42-44 Sang Kristus paring dhawuh marang kita supaya sing awas lan waspada, ngenténi rawuh Panjenengané. Ora ana wong siji waé kang ngreti kanthi pas kapan Gusti Yésus rawuh. Sawetara wong malah duwé pikiran yén Panjenengané ora bakal rawuh. Kang liyané kandha yén Panjenengané wis rawuh lan Panjenengané saiki kasingidan ing antara kita. Nanging, Sang Kristus ngelingaké kita lan paring dhawuh kita supaya cemawis lan jejeg kanthi cara kasukman, awit Panjenengané bakal rawuh kanthi ora kanyana, kanthi sesingidan, kaya maling kang teka ing wayah bengi. Awit saka iku, semboyan ing dalan kita kuduné yaiku waspada lan diawas, kanthi mangkono kita ora bakal kelangan wewengan ketemu karo Gusti. Waspada ngandhut panjarwa ora mung pracaya yén Gusti bakal rawuh, nanging uga terus nyawisaké awak, ing sajroné kahanan kasukman kang dikersakaké Panjenengané nalika kita ketemu karo Gusti. Waspada ateges nggatekaké kanthi temen-teman tandha-tandha wiwitan saka anggoné Panjenengané rawuh, kanthi mengkono kita bisa banjur netepaké awak kita marang tanggung jawab kita kanggo ketemu karo Panjenengané. Sawetara kita ana ing donya iki, kaya-kaya bengi ngalimputi kita, lan kita kudu temen-temen mbudidaya supaya bisa tetap diawas. Kepiyé kita bisa nyawisaké awak kanggo rawuhi Sang Kristus?
Apa panjenengan wis nyawisaké awak kanggo rawuhé Gusti Yésus? Utawa apakah kita nglakoni panguripan kang apunjer marang awak dhéwé, tanpa tujuwan? Dadaren telenging ati panjenengané lang gatekaké manawa ana dosa ing kana, utawa rasa sengit marang sawijining uowng kang bisa uga durung diapura. Énggala supaya panjenengan nemokaké sih rahmat panyucen kanggo badan panjenengan dhéwé sak cepet-cepete. Nyuwun pangapura sawetara panjenengan duwé wewengan kanggo nindakaké prekara iku. PANDONGA: Rama kasuwargan, Paduka apunten kawula menawi kawula mboten maélu rawuh putra Paduka ingkang Paduka sihi awit kawula sampun dipun kuwasani déning prekawis kadonyan. Paduka angkat sirah kawula supados ningali Sang Penebus ingkang rawuh ingkang badhé nylametaken kawula saking panganiaya, coban, lan pati. Tulung kawula supados nyawisaken margi kanggé Gusti kanggé rencang caket lan mitra kawula kanthi makaten sedhérék-sedhérék kalawau uga cemawis kanggé nampi sang Kristus. Paduka kiyataken anggenipun ngentosi kawula supados kawula mboten katileman utawa nyupekaké dinten rawuh Paduka. PITAKONAN
|